SAMBUTAN

Selamat datang di
http://460033.blogspot.com
SARANA INTERAKTIF BERBAGI! http://460033.blogspot.com sangat mengharap sumbangan berbagai artikel dari para Pembaca yang budiman. Kesempurnaan hanyalah milik-Nya makadariitu http://460033.blogspot.com sangat mengharap kritik dan saran dari Pembaca. Rachmat W. P.

Senin, 23 Maret 2009

Babad Tanah Djawi

Babad Tanah Djawi Gubahanipun L. VAN RIJCKEVORSEL Directeur Normaalschool Muntilan Kabantu R.D.S. HADIWIDJANA Guru Kweekschool Muntilan Pangecapan J.B. Wolters U.M. Groningen – Den Haag – Weltervreden – 1925 Pérangan Kang Kapisan Babad Jawa Wiwit Jaman Indhu tumekanéRusaking Karajan Majapahit Abad 2 utawa 3 – Abad 16 Pérangan Kang Kapisan Bab 1 Karajan Indhu ing Tanah Jawa Kulon (wiwit abad 2 utawa 3) Kang wus kasumurupan, karajané bangsa Indhu ana ing Tanah Jawa, kang dhisik dhéwé, diarani karajan ”Tarumanagara” (Tarum = tom. kaliné jeneng Citarum). Karajan iku mau dhèk abad kaping 4 lan 5 wis ana, déné titi mangsaning adegé ora kawruhan. Ratu ratuné darah Purnawarman. Mirit saka gambar gambar kembang tunjung kang ana ing watu watu patilasan, darah Purnawarman iku padha nganggo agama Wisnu. Ing tahun 414 ana Cina aran Fa Hien, mulih saka enggoné sujarah menyang patilasané Resi Budha, ing tanah Indhu Ngarep mampir ing Tanah Jawa nganti 5 sasi. Ing Cathetané ana kang nerangaké mangkéné : 1. Ing kono akèh wong ora duwè agama (wong Sundha), sarta ora ana kang tunggal agama karo dhèwèkné: Budha. 2. Bangsa Cina ora ana, awit ora kasebut ing cathetané. 3. Barengané nunggang prahu saka Indhu wong 200, ana sing dedagangan, ana kang mung lelungan, karepe arep padha menyang Canton. Yèn mangkono dadi dalané dedagangan saka tanah Indhu Ngarep menyang tanah Cina pancèn ngliwati Tanah Jawa. Ing Tahun 435 malah wis ana utusané Ratu Jawa Kulon menyang tanah Cina, ngaturaké pisungsung menyang Maharaja ing tanah Cina, minangka tandhaning tetepungan sarta murih gampang lakuning dedagangan. Karajan Tarumanagara mau ora kasumurupan pirang tahun suwéné lan kepriyé rusaké. Wong Indhu ana ing kono ora ngowahaké adat lan panguripané wong bumi, awit pancèn ora gelem 1.mulangi apa apa, lan wong bumi uga durung duwè akal niru kapinterané wong Indhu. Ewa déné meksa ana kaundhakaning kawruhé, yaiku mbatik lan nyoga jarit. Pérangan Kang Kapisan Bab 2 Karajan Indhu ing Jawa Tengah (abad kaping 6) Mirit saka: 1. Cathetané bangsa Cina 2. Unining tulisan tulisan kang ana ing watu watu lan candhi 3. Cathetané sawijining wong Arab, wis bisa kasumurupan sathithik sathithik mungguh kaananing wong Indhu ana ing Tanah Jawa Tengah dhèk jaman samono. Nalika wiwitané abad kang kanem ana wong Indhu anyar teka ing Tanah Jawa Kulon. Ana ing kono padha kena ing lelara, mulané banjur padha nglèrèg mangétan, menyang Tanah Jawa Tengah. Wong Jawa wektu samono, isih kari banget kapinterané, yèn ditandhing karo wong Indhu kang lagi nenéka mau; mulané banjur dadi sor-sorané. Wong Indhu banjur ngadegaké karajan ing Jepara. Omah omah padunungané wong Jawa, ya wis mèmper karo omah omahè wong jaman saiki, apayon atep utawa eduk lan wis nganggo képang. Enggoné dedagangan lelawanan karo wong Cina; barang dedagangané kayata: emas, salaka, gading lan liya liyané. Cina cina ngarani nagara iku Kalinga, besuké, ya diarani: Jawa. Karajan mau saya suwé saya gedhé, malah nganti mbawahaké karajan cilik cilik 28 (wolu likur). Wong Cina uga nyebutaké asmané sawijining ratu putri: Sima; dikandakaké becik banget enggoné nyekel pangrèhing praja (tahun 674). Tulisaning watu kang ana ciriné tahun 732, dadi kang tuwa dhéwé, katemu ana sacedhaké Magelang, nyebutaké, manawa ana ratu kang jumeneng, jejuluk Prabu Sannaha, karajané gedhé, kang klebu jajahané yaiku tanah tanah Kedhu, Ngayogyakarta, Surakarta lan bokmenawa Tanah Jawa Wétan uga klebu dadi wewengkoné karajan iku. Mirit caritané, karajan kang kasebut iku tata tentrem banget kaya kang kasebut ing tulisan kang katemu ana ing patilasan: Nadyan wong wong padha turu ana ing dalan dalan, ora sumelang, yèn ana begal utawa bebaya liyané. Mirit kandhané sawijining wong Arab, dhèk tengah tengahané abad kang kaping sanga, ratu ing Tanah Jawa wis mbawahaké tanh Kedah ing Malaka (pamelikan timah). Karajan ing dhuwur iki sakawit ora kawruhan jenengé, nanging banjur ana karangan kang katulis ing watu kang titi mangsané tahun 919, nyebutaké karajan Jawa ing Mataram. Jembar jajahané, mungguha saiki tekan Kedhu, Ngayogyakarta, Surakarta; mangloré tekan sagara; mangétané tekan tanah tanah ing Tanah Jawa Wétan sawatara. Kuthané karan : Mendhangkamulan. Wong Arab ngandhakaké, ana ratu Jawa mbedhah karajan Khamer (Indhu Buri). Sing kasebut iki ayaké iya karajan Mataram mau. Kajaba Khamer, karajan Jawa iya wis mbawahaké pulo pulo akèh. Pulo pulo iku mawa gunung geni. Karajan Jawa mau sugih emas lan bumbu crakèn. Wong Arab iya akèh kang lelawanan dedagangan. 3.Sabakdané tahun 928 ora ana katrangan apa apa ing bab kaanané karajan Mataram. Kang kacarita banjur ing Tanah Jawa Wétan. Ayaké baé karajan Mataram mau rusak éning panjebluge gunung Merapi (Merbabu), déné wongé kang akèh padha ngungsi mangétan. Ing abad 17 karajan Mataram banjur madeg manèh, gedhé lan panguwasané irib iriban karo karajan Mataram kuna. Agamané wong Indhu sing padha ngejawa rupa rupa. Ana ing tanah wutah getihe dhéwé ing kunané wong Indhu ngèdhep marang Brahma, Wisnu lan Syiwah, iya iku kang kaaranan Trimurti. Kejaba saka iku uga nembah marang dewa akèh liya liyané, kayata: Ganésya, putrané Bethari Durga. Manut piwulangé agama Indhu pamérangé manungsa dadi patang golongan, yaiku: - para Brahmana (bangsa pandhita) - para Satriya (bangsa luhur) - para Wesya (bangsa kriya) - para Syudra (bangsa wong cilik) Piwulangé agama lan padatané wong Indhu kaemot ing layang kang misuwur, jenengé Wedha. Kira kira 500 tahun sadurungé wiwitané tahun Kristen, ing tanah Indhu ana sawijining darah luhur peparab Syakya Muni, Gautama utawa Budha. Mungguh piwulangé gèsèh banget karo agamané wong Indhu mau. Resi Budha ninggal marang kadonyan, asesirik lan mulang muruk marang wong. Kajaba ora nembah dewa dewa, piwulangé: sarèhné wong iku mungguhing kamanungsané padha baé, dadiné ora kena dipérang patang golongan. Para Brahmana Indhu mesthi baé ora seneng pikire, mulané kerep ana pasulayan gedhé. Ana ing tanah Indhu wong Budha mau banjur peperangan karo wong agama Indhu. Wusana bangsa Budha kalah lan banjur ngili menyang Ceylon sisih kidul, Indu Buri, Thibet, Cina, Jepang. Mungguh wong agam Indhu iku pangèdêpé ora padha. Ana sing banget olehe memundhi marang Syiwah yaiku para Syiwaiet (ing Tanah Jawa Tengah); ana sing banget pangèdêpé marang Wisynu, yaiku para Wisynuiet (ing Tanah Jawa Kulon). Kajaba saka iku uga akèh wong agama Budha, nanging ana ing Tanah Jawa agama agama iku bisa rukun, malah sok dicampur baé. Petilasané agama Indhu mau saikiné akèh banget, kayata: - Candhi candhi ing plato Dieng (Syiwah), iku bokmenawa yasané ratu darah Sanjaya. - Candhi ing Kalasan ana titi mangsané tahun 778, ayaké iki candhi tuwa dhéwé (Budha), yasané ratu darah Syailendra. - Candhi Budha kang misuwur dhéwé, yaiku Barabudhur lan Mendut. - Candhi Prambanan (Syiwah). Ing sacedhaké Prambanan ana candhi campuran Budha lan Syiwah. 4.Relief Candhi Barabudhur Candhi Barabudur Pérangan Kang Kapisan Bab 3 Karajan Ing Tanah Jawa Wétan (wiwitané abad 10 – tahun 1220) Ing dhuwur wus kasebutaké yèn Tanah Jawa Wétan, kabawah karajan Indhu ing Mataram; nanging wong Indhu kang manggon ana ing Tanah Jawa Wétan ora pati akèh, yèn katimbang karo kang manggon ing Tanah Jawa Tengah (Kedhu). Marga saka iku wong Indhu kudu kumpul karo wong bumi, prasasat tunggal dadi sabangsa. Ing wiwitané abad 10 ana pepatihing karajan Tanah Jawa Tengah aran Empu Sindhok lolos mangétan. Let sawatara tahun empu Sindhok mau jumeneng ratu ing Tanah Jawa Wétan, karajané ing Kauripan (Paresidhènan Surabaya sisih kidul). Ambawahaké: Surabaya, Pasuruwan, Kedhiri, Bali bok manawa iya kabawah. Enggoné jumeneng ratu tekan tahun 944 lan iya jejuluk Nata ing Mataram. Nata ing Mataram mau banget pangèdêpé marang agama Budha. Empu Sindhok misuwur wasis enggoné ngerèh praja. Ana cathetan kang muni mangkéné: ”Awit saka suwéning enggoné jumeneng ratu, marcapada katon tentrem; wulu wetuning bumi nganti turah turah ora karuhan kèhé.” Ing tahun 1010 Erlangga tetep jumeneng ratu, banjur nerusaké enggoné mangun paprangan lan ngelar jajahan. Ing tahun 1037 enggoné paprangan wis rampung, negara reja, para kawula padha tentrem. Déné karatoné iya ana ing Kauripan. Sang Prabu Erlangga ora kesupèn marang kabecikaning para pandhita lan para tapa, kang gedhé pitulungané nalika panjenengané lagi kasrakat. Minangka pamalesing kabecikané para pandhita, Sang Nata yasa pasraman apik banget, dumunung ing sikile gunung Penanggungan. Pasraman mau kinubeng ing patamanan kang luwih déning asri, lan rerenggané sarwa peni sarta endah. Saka ediné, nganti misuwur ing manca praja, saben dina aselur wong kang padha sujarah mrono. Pangadilané Sang Nata jejeg. Wong désa kang nrajang angger angger nagara padha kapatrapan paukuman utawa didhendha. Kècu, maling, sapanunggalané kapatrapan ukum pati. Sang Prabu enggoné nindakaké paprentahan dibantu ing priyagung 4, padha oleh asil saka pametuning lemah lenggahè. Saka enggoné manggalih marang tetanén yaiku pagawéyaning kawula kang akèh, Sang Nata yasa bendungan gedhé ana ing kali Brantas. Sang Nata uga menggalih banget marang panggaotan lan dedagangan. Kutha Tuban nalika samono panggonan sudagar, oleh biyantu akèh banget saka Sang Prabu murih majuning dedagangan lan lelayaran. Sang Nata yèn sinéwaka lenggah dhampar (palenggahan cendhèk pesagi), ngagem agem ageman sarwa sutra, remané diukel lan ngagem cênéla. Yèn miyos nitih dwipangga utawa rata, diarak prajurit 700. Punggawa lan kawula kang kapethuk tindaké Sang Nata banjur padha sumungkem ing lemah (ndhodhok ngapurancang?). Para kawula padha ngoré rambut, enggoné bebedan tekan ing wates dhadha. Omahè kalebu asri, nganggo payon gendhèng kuning utawa abang. Wong lara padha ora tetamba mung nyuwun pitulunganing para dewa baé, utawa marang Budha. Wong wong padha seneng praon lan lelungan turut gunung, akèh kang nunggang tandhu utawa joli. Dhek samono wong wong iya wis padha bisa njoget, gamelané suling, kendhang lan gambang. Karasané Sang Prabu besuk ing sapengkeré kang gumanti jumeneng Nata putrané loro pisan, mulané kratoné banjur diparo: Jenggala (sabageyaning: Surabaya sarta Pasuruwan) lan Kedhiri. Déné kang minangka watese: pager témbok kang sinebut ”Pinggir Raksa”, wiwit saka puncaking Gunung Kawi, mangisor, nurut kali Leksa banjur urut ing brangloré kali Brantas saka wétan mangulon tekan ing désa kang saiki aran ”Juga”, nuli munggah mangidul, terusé kira kira nganti tumeka ing pasisir. Gugur gugurané tembok iku saiki isih ana tilasé, kayata ing sacedhaking kali Leksa, sakulon lan sakiduling kali Brantas, ing watesing afd. Malang lan Blitar. Mungguhing babad Jawa jumenengé Parbu Erlangga kaanggep minangka pepadhang sadjroning pepeteng, awit rada akèh caritané kang kasumurupan. Kawruh kasusastran wis dhuwur. Layang layangé ing jaman iku tekané ing jaman saiki isih misuwur becik lan dadi teturutaning crita crita wayang. Layang layang mau basané diarani: Jawa Kuna, kayata: 1. Layang Mahabarata 2. Layang Ramayana lan Arjuna Wiwaha. Karajan Jenggala ora lestari gedhé, awit pecah pecah dadi karajan cilik cilik, marga saka diwaris marang putraning Nata; yaiku parja Jenggala (Jenggala anyar); Tumapel utawa Singasari lan Urawan. Karajan cilik cilik kang cedhak wates Kedhiri or suwé banjur ngumpul mèlu Kedhiri, liyané isih terus madeg dhéwé ngan tekan abad 13. Kerajan Kedhiri (Daha, Panjalu) mungguha saiki mbawahaké paresidhènan Kedhiri, saperangané Pasuruwan lan Madiyun. Kuthané ana ing kutha Kedhiri saiki. Karajan mau bisa dadi kuncara. Ing wektu iku kasusastran Jawa dhuwur banget, nalika jamané Jayabaya (abad 12) ngluwihi kang uwis uwis lan tumekané jaman saiki isih sinebut luhur, durung ana kang madhani. Ing tahun 1104 ing kedhaton ana pujangga jenengé: Triguna utawa Managocna. Pujangga iku sing nganggit layang Sumanasantaka lan Kresnayana. Radèn putra utawa Panji kang kacarita ing dongèng kae, bokmenawa iya ratu ing Daha, kang jejuluk Prabu Kamesywara I. Jumeneng ana wiwitané abad kang kaping 12. Garwané kekasih ratu Kirana (Candra Kirana) putrané ratu Jenggala. Ing mangsa iki ana pujangga jenengé Empu Dharmaja nganggit layang Smaradhana. Radèn Panji nganti saiki tansah kacarita ana lakoné wayang gedhog lan wayang topeng. Pujanggané Jayabaya aran Empu Sedah lan Empu Panuluh. Empu Sedah ing tahun Saka 1079 (= 1157) methik sapéranganing layang Mahabarata, dianggit lan didhapur cara Jawa, dijenengaké layang Bharata Yudha. Wong Jawa ing wektu iku wis pinter, wong Indhu kesilep, karajan Indhu wis dadi karajan Jawa. Pérangan Kang Kapisan Bab 4 Ken Angrok Nelukaké Karajan Karajan Cilik (1220 – 1247) Ing tahun 1222 ana ratu ing Tumapel utawa Singasari, jenengé Ken Angrok. Critané Ken Angrok iki saka layang Pararaton. Ketemuné layang iki ana ing Bali dhèk tahun 1891. Ken Angrok lair ana ing sacedhaké Tumapel (Singasari), asal wong tani lumrah baé. Ken Angrok kacarita bagus rupané lan bisa nenarik katresnaning wong, nanging banget kareme marang pangaji aji lan wani marang penggawé luput. Ing sawijining dina ana Brahmana ketemu karo dhéwékné, kandha yèn dhéwékné titising Wisnu. Anggoné kandha mangkono iku, awit Brahmana mau ngerti yèn Ken Angrok iku wong kang gedhé karepe lan kenceng budiné. Brahmana banjur golèk dalan bisané Ken Angrok kacedhak karo adipati ing kono, Sang Tunggul Ametung. Ora antara suwé kelakon Ken Angrok kaabdekaké. Bareng wis mangkono, Ken Angrok banjur tansah golèk dalan kapriye enggoné bisa ngendhih Sang Adipati, nggentèni jumeneng. Ketemuning nalar Ken Angrok banjur ndandakaké keris becik marang Empu Gandring. Sawisé keris dadi, katon becik temenan, nganti mitrané Ken Angrok aran Keboijo kepencut kepingin nganggo, banjur nembung nyilih: oleh. Saka senengé, keris mau saben dina dianggo sarta dipamer pameraké, dikandhakaké duwèké dhéwé. Bareng wis sawatara dina Ken Angrok banjur nyolong kerisé dhéwé kang lagi disilih ing mitrané mau dianggo nyidra Sang Adipati. Kelakon séda, keris ditinggal ing sandhingé layon. Urusaning prakara: mitrané Ken Angrok sing kena ing dakwa, diputus ukum pati. Ken Angrok banjur bisa oleh Sang putri randaning Tunggul Ametung lan gumanti madeg adipati: Sang Putri asmané Ken Dhedhes. Sasuwéné dicekel Ken Angrok negarané tata, reja, wong cilik banget sungkeme. Sawisé mbedhah karajan cilik cilik ing Jenggala, Ken Angrok banjur emoh kebawah Kedhiri, malah ing tahun 1222 mbedhah praja Kedhiri nganti kelakon menang, Ratu ing Kedhiri Prabu Kertajaya séda nggantung sabalané kang padha tuhu. Kedhiri banjur ditanduri adipati kabawah Singasari. Bareng para ratu darah Empu Sindhok wis kalah kabèh karo Ken Angrok, Ken Angrok banjur jumeneng Ratu gedhé, jejuluk Prabu Rejasa, uaiku kang nurunaké para ratu ing Majapait. Kacarita Sang Retna Dhedhes nalika sédané adipati Tunggul Ametung wis ambobot. Bareng wis tekan mangsané, Sang Retna mbabar putra kakung, diparingi peparab Radèn Anuspati. Wiwit timur nganti diwasa Sang Pangéran ora ngerti yèn satemené dudu putrané Prabu Rejasa, nanging rumangsa yèn ora ditresnani ing Sang Prabu, beda banget karo rayi rayiné. Ing sawijining dina Anusapati kelair marang ibuné mangkéné: ”Ibu, punapa, déné Kangjeng rama punika teka boten remen dhateng kula?” Sang Retna banget trenyuhing galih mireng atur sasambaté kang putra, wasana banjur keprojol pangandikané; kang putra dicritani lelakoné wiwitan tekan wekasan. Anusapati banget ing pangunguné, sanalika banjur duwè sedya males ukum, nanging isih sinamun ing semu. Keris yasané Empu Gandring disuwun, pawatané mung kepingin banget anganggo. Kang ibu lamba ing galih, keris diparingaké. Anusapati banjur nimbali abdiné kekasih, diparingi keris mau lan diweruhaké ing wewadiné. Benginé Sang Prabu séda kaprajaya ing duratmaka. Layoné Sang Prabu dicandhi ana ing Kagenengan (cedhak Malang). Anusapati nggentèni jumeneng Nata. Anusapati jumeneng ora suwé, awit Radèn Tohjaya ngerti yèn Anusapati kang nyedani ramané, mulané sumedya males ukum lan iya kelakon. Tohjaya jumeneng Nata, nanging iya ora suwé. Tohjaya utusan mantriné aran Lembu Ampal, didhawuhi nyirnakaké kalilipe loro, yaiku: Ranggawuni, putrané Anusapati, lan nakdulure kang aran Narasingamurti; yèn ora bisa kelakon, Lembu Ampal dhéwé bakal kena ukum pati. Dumadakan ana sawijining Brahmana kang welas marang raden loro, banjur wewarah saperluné. Satriya loro banjur ndhelik ana ing panggonané Panji Patipati. Lembu Ampal nggolèki raden loro ora ketemu, banjur ora wani mulih, ngungsi marang Panji Patipati. Bareng ana ing kono mbalik ngiloni raden loro, malah ngrembugi para punggawa kang ora cocog karo Tohjaya diajak ngraman, wasana kelakon, Sang Prabu nganti nemahi séda. Ranggawuni jumeneng Nata ajejuluk Syri Wisynuwardhana nganti nakdhereke Narasinga. Nganti tekan ing séda priyagung loro mau rukun banget, nganti dibasakaké: ”Kaya Wisynu lan kang raka Bathara Endra”. Karatoné mundhak gedhé pulih kaya dhèk jamané Prabu Erlangga, malah jajahané wuwuh Madura. Sang Nata séda ing tahun 1268, layoné diobong kaya adat, awuné sing separo dicandhi ana ing Welèri, ditumpango reca Syiwah, sing separo dipethak ana candhi Jago (Tumpang) nganggo reca Budha. Dadi tetéla ing wektu iku agama Syiwah karo Budha campur. Recané Sang Prabu Erlangga ana ing Belahan Pérangan Kang Kapisan Bab 5 Jumenengé Kartanagara ing Tumapel (1268 – 1292) Ratu Singasari kang Kaping V, jumeneng mekasi. Sasédané Syri Wisynuwardhana pangéran pati jumeneng Nata, ajejuluk Prabu Kartanagara. Sang Prabu manggalih marang kawruh kagunan, lan kasusastran, lan iya manggalih marang undhaking jajahan, nanging kurang ngatos atos, lan kersa ngunjuk nganti dadi wuru. Ana nayakaning praja aran Banyak Widhe utama Arya Wiraraja, tepung becik lan Jayakatwang, adipati ing Daha. Satriya iku ora sungkem marang ratuné, malah wis sekuthon karo Jayakatwang, arep mbalela. Dumadakan ana punggawa kang matur prakara iku, nanging Sang Prabu ora menggalih, Wiraraja malah diangkat dadi adipati ana ing Madura. Pepatihe Sang Nata aran Raganatha rumeksa banget marang ratuné, nganti sok wani ngaturi pènget marang Sang Prabu ing bab kang ora bener, nanging Sang Prabu ora rena ing galih, ora nimbangi rumeksaning patih setya iku, malah banjur milih patih liya kang bisa ngladèni karsané. Patih wredha diundur, winisuda dadi: nayaka pradata, dadi wis ora campur karo prakara pangreh praja. Patih anyar senengé mung ngalem marang ratuné lan ngladosi unjuk unjukan. Ana utusan saka ratu agung ing nagara Cina (Chubilai) dhawuh supaya Prabu Kartanagara nyalirani dhéwé utawa wakilsuwana marang nagara Cina perlu saos bekti (tahun 1289). Sang Prabu duka banget. Bathuking Cina utusan digambari pasemon kang ora apik, nelakaké dukané Sang Prabu. Bareng tekan ing nagara Cina patrape ratu Jawa kang mangkono iku mau njalari dukané ratu binathara ing Cina, Ing tahun1292 ana prajurit gedhé saka ing Cina arep ngukum ing kuwanéné wong Jawa. Wiraraja sasuwéné ana ing Madura isih ngrungok ngrungokaké apa kang kalakon ana ing Singasari, lan iya weruh uga yèn ing wektu iku prajurit Singasari dilurugaké menyang Sumatra. Wiraraja ngajani Jayakatwang akon nangguh mbedhah Singasari, mumpung nagara lagi kesisan bala. Jayakatwang ngleksanani, lan Singasari kelakon bedhah. Ratu lan patihe katungkep ing mungsuh isih terus unjuk unjukan baé (wuru), mulané ora rekasa pinurih sédané. Radèn Wijaya, wayahè Narasinga, nuli umangsah ngetog kaprawiran mbelani nagara lan ratuné, nanging wis kaslepek karoban wong Daha, mulané banjur kepeksa ngoncati, mung kari nggawa bala 12, genti genti nggendhong Sang Putri garwané Radèn Wijaya, putrané Prabu Kartanagara. Lampahè Radèn Wijaya sasentanané nusup angayam alas. Kalebu wilangan 12 iku ana satriyané loro, putrané Wiraraja, duwè atur marang Gustiné supaya ngungsi menyang Madura. Sang Pangéran mauné ora karsa, nanging suwé suwé nuruti. Ana ing madura ditampani kalawan becik. Rembuge Wiraraja, Radèn Wijaya diaturi suwita menyang Daha. Wiraraja sing arep nglantaraké. Yèn wis kelakon suwita Radèn Wijaya diaturi nyetitèkaké para punggawa ing Daha, sapa sing kendel utawa jirih, tuhu utawa lamis. Yèn wis antara suwé diaturi nyuwun tanah tanah Trik, dibabada banjur dienggonana. Radèn Wijaya nurut ing pitudhuh, lan iya kelakon suwita ing Daha. Kacarita pasuwitané kanggep banget, amarga saka pintere nuju karsa, lan saka pintere olah gegaman; wong sa Daha ora ana sing bisa ngalahaké. Kabeh piwulangé Wiraraja ditindakaké, dilalah Sang Prabu teka dhangan baé, malah bareng tanah Trik wis dibabad, Radèn Wijaya nyuwun manggon ing kono iya dililani. Kacarita nalika babade tanah Trik mau, ana wong kang methik woh maja dipangan, nanging rasané pait. Awit saka iku désa ingkono mau banjur dijenengaké Majapait. bareng Radèn Wijaya wis manggon ing Majapait, rumangsa wis wayahè tata tata males ukum, ngrusak kraton Daha, ananging Wiraraja akon sabar dhisik, awit isih ngenteni prajurit saka nagara Cina kang arep ngukum wong Singasari. Karepe Wiraraja arep ngréwangi Cina baé dhisik, besuké arep mbalik mungsuh Cina. Wiraraja banjur boyong sakulawargané lan saprajurite menyang Majapait ngumpul dadi siji karo Radèn Wijaya. Pérangan Kang Kapisan Bab 6 Karajan Melayu Ing Bab 5 ana critané Prabu Kartanagara enggoné anjangka undhaking jajahané. Ana ing tanah Sumatra kelakon bisa oleh jajahan. Ing ngisor iki iki crita sathithik tumraping karajan karajan ing tanah Melayu. Kacarita ratu ing Funan, kira kira ing sajroning abad 3 ngelar jajahan, ngelun tanah Sumatra, Jawa lan liya liyané, ayaké ratu iku kang yasa reca reca ing tanah Pasémah. Ing abad kapitu ana golonganing para pangéran saka ing Indhu Buri, pada manggon ing sakiwa tengening Palembang, banjur ngedegaké nagara gedhé, jenengé karajan çrivijaya (= Syriwijaya, sinebut ing bangsa Cina nagara: Sambotsai). Ratu ratuné padha darah Warman, isih dumunung sanak karo darah Purnawarman ing Tanah Jawa dhèk abad 4 – 5, apadéné darah Mulawarman ing Kutai lan Bornéo dhèk watara tahun 400. Nagara çrivijaya jajahané kira kira Sumatra sisih kidul ln tengah, Malaka, Kamboja lan malah tekan Tanah Jawa. Ing tahun 686 ratu agung ing negara çrivijaya nglurugi Tanah Jawa, awit Tanah Jawa ora tuhu pangèdhêpé marang çrivijaya. Sajroning abad 10 prajurit Jawa genti nglurugi çrivijaya, menang, nanging ora suwé çrivijaya bisa kombul manèh. Praja iku ajeg enggoné nglakokaké utusan marang Narendra ing Cina. Ing sajroning abad 12 lan 13 nagara gedhé çrivijaya pecah dadi karajan cilik cilik. Darah Warman jumeneng ana ing tanah kang sinebut tanah: ”Melayu” yaiku saikiné Jambi. Rehning pasisiré tanah Melayu kono akèh rerusuh, wongé akèh kang padha ngungsi marang tanah pagunungan kang loh, ana ing kono padha dedhukuh. Bareng Tanah Jawa gedhé pangwasané, Prabu Kartanagara (1268 – 1292) kalakon bisa ngrusak kutha Paséi, lan ngejegi Jambi, Palembang, Riouw sarta kutha kutha akèh ing Bornéo apadéné pulo pulo ing Moloko. Ing saantaraning tahun 1275 lan 1293 wong Jawa nglurugi tanah pagunungan Jambi mau yaiku tanah kang besuké aran Menangkabau. Lurugan iku diarani: Pamalayu. Ing tahun 1268 Prabu Kartanagara angganjar reca marang ratu ing Dharmmaçraya (Darmasraya) uga dumunung ing tanah Jambi, ing saikiné ora adoh karo Sungai Lansat. karajan iku ing besuké kalebu jajahan Majapait, rajané darah Warman jejuluk Tribuwana (Mauliwarman) kagungan garwa bangsa Melayu, kang putriné (putrané putri) ayaké dai garwané Radèn Wijaya biyèn. Sang Raja Tribhuwana milu karo bangsa Jawa nglurugi tanah Padhang Hulu. Miturut carita Melayu, lurugan mau ora oleh gawé, mung marga saka klebu ing gelar, kalah enggoné adu kebo, mulané kuthané banjur jeneng Menangkabau iku. Ana raja wewengkoné karajan Dharmmaçraya jejuluk Adityawarman nagarané ing Malayupura, kang ing tahun 1347 wus merdika, ambawa pribadhi, iku nglurugi Menangkabau, nanging ora nganti dadi perang, malah banjur diangkat dadi raja ing kono, awit pancèn dianggep bangsa Melayu. Jumenengé ana ing Menangkabau wiwit tahun 1347 tekan 1375, kecrita ing kawicaksanané lan pintere nyekel praja. Tumeka saprené Sang Adityawarman sarta nayakané loro kang aran Papatih Sabatang lan Kyai Katumanggungan isih dipundhi pundhi marang bangsa Menangkabau. Sapungkure Sang Aditya wis ora ana raja ing Menangkabau kang kecrita. Negarané pecah pecah, ing saiki isih akèh titike, mungguh ing kaluhuraning para raja Jawa asal Indhu, ana ing tanah Menangkabau kono, luwih luwih tumraping basa lan sastrané. Darah raja raja kuna ing Menangkabau mau enteke durung lawas, kang pungkas pungkasan putri, sédané lagi saiki baé. Ing tahun 1377 kutha Sanbotsai ing tanah Palembang rinusak ing balané Prabu Ayamwuruk. kang kuwasa ing tanah Palembang kasebut jeneng Arya Damar nurunaké Radèn Patah (+/- tahun 1500). Awit saka ambruking karaton Majapait, Palembang iya katut apes, besuké kalah karo Banten. Kaluhuraning Tanah Jawa ana ing Sumatra sisih kidul kono tumekané dina iki uga iya isih akèh tilas tilasé. Régol patilasan bètèng Majapait, jenengé Bajang Ratu Pérangan Kang Kapisan Bab 7 Perang Cina lan Adegé Karajan Majapait (1292) Ing tengah tengahané tahun 1292 Maharaja Choebilai sida ngangkataké wadya bala menyang ing Tanah Jawa perlu arep ngukum Prabu Kartanagara. Ana ing pacekan (Surabaya) prau Jawa kalah, nuli bala Cina arep nglurugi9 Daha, kang dikira panggonané Kartanagara (kang nalika iku wis séda). Kacarita Radèn Wijaya dhèk jaman samono wus wiwit mbalela marang Jayakatwang ratu ing Daha. Sarèhné duwè pangarep arep bisaa ditulungi ing Cina numpes ratu ing Daha, mulané Radèn Wijaya banjur gawé gelar ethok ethok arep teluk marang sénapati Cina. Kabeneran ora let suwé Majapait, panggonané Radèn Widjaya ditempuh ing wong Daha, Radèn Wijaya entuk pitulungané wong Cina bisa menang. Wasana ing tahun 1293 kutha Daha dikepung ing balané Shih Pih lan Radèn Wijaya, Daha bedhah, ratuné kacekel, peni peni raja peni dijarah rajah, Radèn Wijaya nulungi putri putri, putrané Prabu Kartanagara digawa oncad menyang Majapait. ora antara suwé, marga saka akale Wiraraja, Radèn Wijaya bisa ngusri prajurit Cina. Wondéné prajurit mau, senadyan kesusu susu meksa isih bisa anggawa barang rayahan, pengaji mas satengah yuta tail lan tawanan wong satus saka Daha. Radèn Wijaya banjur jumeneng Nata ing Majapait, jejuluk Kertarejasa Jayawardhana utawa Brawijaya I (tahun 1294 – 1309) Sawisé jumeneng Nata, Sang Prabu anggeganjar marang sakabèhing kawula kang mauné labuh, marang panjenengané. Wiraraja dibagehi tanah Lumajang saurute. Putriné Kartanagara papat pisan dadi garwané Sang Prabu, lan isi ana garwa paminggir siji saka tanah Melayu aran Sri Indresywari. Saka gaewa paminggir iki Sang Prabu kagungan putra R. Kaligemet, kang besuké nggentos kaprabon, ajejuluk Jayanégara, saka Prameswari Sang Prabu peputra putri loro. Ing tahun 1295 R. Kalagemet lagi yuswa sataun wis diangkat dadi panéran pati lan dadi ratu ing Kedhiri, ibuné kang ngembani nyekel praja Kedhiri. Ing nalika panjenengané Prabu Kertarejasa Jayawardhana iku, Tanah Jawa karo Cina becik manèh, perdagangané gedhé, wong Cina teka ing Tanah Jawa nggawa mas, salaka, merjan, sutra biru, sutra kembang kembangan, bala pecah lan dandanan wesi. Saka ing Tanah Jawa, Cina kulak: beras, kopi kapri, rami, bumbon craken luwih luwih mrica, barang barang mas utawa salaka, bangsa dandanan kuningan utawa tembaga, tenunan kapas lan sutra, welirang, gading, cula warak, kayu warna warna, manuk jakatuwa lan barang nam naman. Ing Tanah Jawa ing wektu iku akèh palabuhan ramé, kayata: Tuban, Sedayu; Canggu. nalika jamané ratu iki ing bawah karaton Majapait kena dibasakaké ungsum kraman. Para satriya kang mèlu lara lapa dhèk jamané Radèn Wijaya saiki ora oleh ati, awit Sang Prabu mung anggega aturing nayakané kang aran Mahapati, wasana para satriya mau banjur genti genti padha ngraman, nanging temahan asor jurite. Ing tahun 1328 Sang Prabu séda, dicidra ing dukun kang didhawuhi ambedhel salirané. Sasédané Prabu Jayanégara kang gumanti sadhereke putri, kang sesilih Bhreng Kauripan banjur jejuluk Jayawisynuwardhani. Sang nata dewi krama oleh satriya, kekasih Kartawardhana, misuwur pinter, sregep lan jejeg penggalihe. Sang Pangéran diangkat dadi panggedhéning jaksa lan oleh lungguh bumi Singasari sawewengkoné. Gajahmada dadi warangkaning ratu. Karepe Gajahmada arep nungkulaké saTanah Jawa kabèh lan pulo pulo sakiwatengené. Ora let suwé yaiku tahun 1334 Sumbawa lan Bali bedhah banjur kabawah marang Majapait, mangka Bali nalika samana wis mbawahaké Lombok, Madura, Blambangan lan Sélebes sabageyan. Sénapatining prajurit kang ngelar jajahan ing sajabaning Jawa aran Nala. Ing tahun 1334 Sang Raja putri mbabar miyos kakung diparabi Ayam Wuruk, kang banjur dijumenengaké Nata, nanging isih diembani kang ibu nganti tekan tahun 1350. Pérangan Kang Kapisan Bab 8 Ayam Wuruk, Syri Rajasanagara, Ratu kang kaping IV ing Majapait (tahun 1350 – 1389) Awit saking gedhéné lelabuhané Patih Gajahmada, nagara Majapait saya suwé saya misuwur kuwasané. Prabu Ayam Wuruk tetep jumeneng ratu agung binathara ngerèh sapepadhaning ratu. Sang Nata krama oleh nakdhereke piyambak kang wewangi Retna Susumnadewi. Para santanané padha ginadhuhan tanah dhéwé dhéwé ing samurwate. Déné kuwajibané para santana utawa adipati mau ing mangsa kang wus ditamtokaké kudu ngadhep ing panjenengané Nata, mulané kabèh padha duwè dalem becik becik ana ing Majapait, muwuhi asrining nagara. Ing jaman iku ana pujangga kraton aran ”Prapanca” (Budha). Ing tahun 1365 pujangga iki nganggit layang kang aran Nagarakertagama. Ana manèh pujangga aran Empu Tantular nganggit layang Arjunawiwaha. Majapait ing wektu iku emeh mbawahaké satanah Indiya Wétan kabèh, kayata: Tanah Jawa Wétan lan Tengah, Sumatra, wiwit Lampung tekan Acih (Perlak), Bornéo (Banjarmasin), Sélebes (banggawai, Salaiya, Bantaiyan), Florès (Larantuka), Sumbawa (Dompo), saparoning Malaka lan sabageyaning Nieuw Guinéa. Tanah Sundha ora ditelukaké. Kang jumeneng ratu ana ing tanah Sundha mau ajejuluk Prabu Wangi, putrané putri dilamar Prabu Ayam Wuruk iya dicaosaké, ananging Prabu Wangi banjur pasulayan karo Patih Gajahmada, nganti dadi perang. Prabu Wangi séda ing paprangan lan akèh punggawané kang mati ana paprangan; ewadéné tanah Sundha ora dibawah Majapait, isih madeg dhéwé ing saterusé. Ing Jaman samono paro ajar utawa pandhita (agama Budha utawa Syiwah) mèlu nindakaké paprentahan nagara, mulané padha diparingi lungguh bumi dhéwé dhéwé kang diarani bumi: Pradikan. Padésan ing sakubenging candhi utawa padhepokaning para pandhita lumrahè uga dadi bumi pradikan, wongé diwajibaké jaga lan ngopeni candhi padhepokan mau. Kawula liyané padha kena pajeg prapuluhan (saprapuluhing pametuning buminé), lan kena ing pagawéyan gugur gunung lan sapepadhané. Pajeg rajakaya, pajeg panggaotan lan tambangan ing wektu samono iya wis ana. Pametoning praja gedhé banget, perlu kanggo rgad perang lan kanggo kapraboning Sang Nata sarta kanggo yeyasan nagara, kayata: kraton, gedhong gedhong, pasangrahan pasanggrahan lan liya liyané. Ing nagara Majapait wis akèh omah kang becik becik, payoné sirap, déné omah kang lumrah padha apager gedhég, ananging ing jero racaké ana pethiné watu kang santosa perlu kanggo nyimpen barangé kang pangaji. Wong wong dhèk jaman samono padha doyan nginang, senengané padha tuku bala pecah saka juragan Cina, pambayare nganggo dhuwit sing diarani Kèpèng. Wong lanang padha ngore rambut, wong wadon gelungan kondhe. Wiwit enom wong wong padha nganggo gegaman keris, lan gegaman iku kerep diempakaké. Wong yèn mati jisime diobong, yèn sing mati iku bangsa luhur utawa wong sugih bojo bojoné (randha randhané) padha mèlu obong. Ora adoh saka nagara ana papan kanggo adu adu kewan utawa uwong utawa kanggo karaméyan liya liyané. Papan iku arané ”Bubat” Sang Nata kerep lelana tinggal nagara, ing Blambangan saurute iya tau dirawuhi. Prakara perdagangan iya dadi gedhé banget, awit saka majuning lelayaran kagawa saka kehing nagara nagara kang kabawah ing Majapait sing kelet letan sagara. Bab kagunan, kayata: ngukir ukir sapepadhané, kombule ing Tanah Jawa Wétan dhèk pungkasané abad kang katelulas, lan ing wiwitané abad kang pat belas, mung baé panggawéné reca reca kang apik apik iku nganggo tuntunaning wong Indhu utawa nurun kagunan Indhu. Cekaking carita: Nalika panjenengané Prabu Ayam Wuruk iku, Majapait lagi unggul unggule, samubarang lagi sarwa onjo. Prabu Ayam Wuruk tilar putra kakung miyos saka selir asma ”Bhre Wirabhumi” jumeneng Nata ana ing bageyan kang wétan. Déné kang nggentèni keprabon Majapait putra mantuné Sang Nata, ajejuluk Wikramawardhana (tahun 1389 – 1400). Ing tahun 1400 Sang Prabu sèlèh keprabon, kersané arep mandhita, ananging sapengkere Sang nata, putra lan sentanané padha rebutan nggentèni keprabon. Prabu Wikramawardhana banjur kapeksa kundur jumeneng ratu manèh nganti tekan tahun 1428. Sajroning jumeneng sing keri iki Sang Prabu nerusaké merangi santanané kang wus kabanjur ngraman nalika Sang Prabu jengkar saka kraton. Rehning perang iki nganti suwé dadi nganakaké kapitunan akèh lan karusakan gedhé, awit teluk telukan ing tanah sabrang banjur padha wani mbangkang wus ora gelem kabawah Majapait. Tataning kawula iya banjur rusak. Prakara patèn pinatèn wis dadi lumrah. Akeh wong main lan adu jago totohanu gedhéni. Ing tahun 1428 – 1447 kang jumeneng nata ratu putri jejuluk Retna Dewi Suhita, putrané Prabu Wikramawardhana saka garwa paminggir. Terusé banjur banjur Prabu Kertawijaya (1447 – 1452) lan manèh Prabu Bhra Hiyang Purwawisyesa (1456 – 1466), Pandan Salas (1446 – 1468), banjur Prabu Bhrawijaya V (1468 – 1478). Mungguh babade ratu ratu kang wekasan iki ora terang, mulané ora disebutaké. Ana ratu ing nagara Keling (salor wétané Kedhiri, skidul kuloné Surabaya) jejuluk Prabu Ranawijaya Giridrawardhana ngelar jajahan nelukaké Jenggala, Kedhiri lan uga mbedhah Majapait (tahun 1478). Bedhahè Majapait iku kuthané ora dirusak, awit ing tahun 1521 lan 1541 nagara Majapait isih kecrita kutha kang gedhé. Suwe suwé kutha Majapait dadi rusak, awit wong wongé kang ora seneng kaerèh ing kraton liya, padha genti genti ninggal negarané, nglèrèg marang tanah Bali. Saiki Majapait mung kari patilasan baé, awujud pager bata tilas mubeng lan tilas gapura (Candhi Tikus, Bajang Ratu). Isih sajroning jaman Majapait, agama Islam wis mlebu saka sathithik, saya suwé saya bisa ngalahaké dayaning agama Indhu ana ing Jawa Wétan. Mungguh kaananing tanah Sundha ing wektu iku ora pati kasumurupan. Sawisé krajan Tarumanagara dhèk abad 4 lan 5, mung ana kang kacarita krjan Sundha ing tahun 1030 nagarané kira kira ing Cibadhak. Enggoné ora ana wong manca kang mlebu mrono, marga saka kehing bajag kang padha nganggu gawé ing sauruting pasisir. Ing Priyangan sisih wétan ana krajané aran Galuh, kang ngadegaké ayaké ratu aran Pusaka, ratu liyané jejuluk Wastukencana lan Prabu Wang(g)i. ing tahun 1433 Sang Ratu Dewa iya Raja Purana, ngadegaké kutha anyar aran Pakuan (Batutulis). Karajan iki aran Pajajaran. Tulisan kang ana ing watu kono nerangaké manawa Sang Prabu yasa segaran. 18Pajajaran semuné krajan rada gedhé lan ngerèhaké Cirebon barang. Pérangan Kang Kaping Pindho Babad Tanah Jawa Wiwit Adegé Karajan Karajan Islam lan Tekané Bangsa Europa tumekané Gempale Karajan Mataram lan Ambruké Vereenigde Oost indische Compagenie (VOC) tahun 1500 – 1799 Pérangan Kang Kaping Pindho Bab 1 Karajan Demak lan Karajan Pajang +/- tahun 1500 – 1582 Wiwitané ing Tanah Jawa ana agama Islam ing antarané tahun 1400 – 1425. Ing tahun 1292 ing tanah Perlak ing pulo Sumatra wis ana wong Islam; ing tahun 1300 ana wong Islam manggon Samudra Paséi. Ing pungkasané abad kang ping 14 ing Malaka iya wis ana wong Islam. Tekané padha saka Gujarat. Saka Malaka kono agama islam mencar marang Tanah Jawa, tanah Cina, Indhiya Buri lan Indhiya Ngarep. Kang mencaraké agama Islam ing Tanah Jawa dhisike yaiku saudagar Jawa saka Tuban lan Gresik, kang padha dedagangan ing Malaka, padha sinau agama Islam, dadiné Islam terkadhang sok kepeksa. Sudagar sudagar jawa mau padha bali marang Tanah Jawa Wétan, sudagar Indhu lan Persi uga ana sing teka ing kono lan nuli mencaraké agama Islam marang wong wong. Sing misuwur yaiku: Maulana Malik Ibrahim (wong Persi?), séda ana ing Gresik ing tahun 1419, nganti saiki pasareané isih. Bareng kuwasané karaton Majapait saya suwé sya suda, para bupati ing pasisir rumangsa gedhé panguwasané, wani nglakoni sakarep karep. Para bupati mau lumrahè wis padha Islam wiwit tumapaking abad kaping 16 (tahun 1500 – 1525), Jalaran saka iku kerep baé perang karo para raja agama Indhu kang manggon ing tengahing Tanah Jawa. Miturut carita: Sang Prabu Kertawijaya ing Majapahit iku wis tau krama karo putri saka ing Cempa (tanah Indhiya Buri). Putri mau kapernah ibu alit karo Radèn Rahmat utawa Sunan Ngampel (sacedhaké Surabaya). Sunan Ngampel kagungan putra kakung siji, asma Sunan Bonang, lan putra putri siji, asma Nyai Gedhe Malaka. Nyai Gedhe Malaka iku marasepuhe Radèn Patah utawa Panémbahan Jimbun, yaiku kang sinebut: Sultan Demak kang kapisan. Sunan Ngampel lan Sunan Bonang iku dadi panunggalané para wali. Para wali mau kang misuwur: Sunan Giri (sakidul Gresik), ana ing kono yasa kedhaton lan mesjid; Ki Pandan Arang (ing Semarang) lan Sunan Kali Jaga (ing Demak). Ing tahun 1458 ing Demak wis ana mesjid becik. Padha padha bupati ing pasisir pati Unus iku kang kuwasa dhéwé. Pati Unus uga kasebut Pangéran Sabrang Lor. 20.Iku putrané Radèn patah utawa Panémbahan Jimbun. Ing tahun 1511 Pati Unus mbedhah Jepara, Ing tahun 1513 nglurugi Malaka. Enggoné tata tata arep nglurug mau nganti pitung tahun lawasé. Lan bisa nglumpukaké prau kehe nganti sangang puluh lan prajurit 12.000, apadéné mriyem pirang pirang. nanging panémpuhe bangsa Portegis ing Malaka nggegirisi, nganti Pati Unus kapeksa bali lan ora oleh gawé. Pati Unus ing tahun 1518 uga ngalahaké Majapait nanging Majapait dhèk samana pancèn wis ora gedhé. Kuthané ora dirusak, mung pusaka kraton banjur digawa menyang Demak sarta Pati Unus ngaku nggentèni ratu Majapait. Ing tahun 1521 Pati Unus séda isih enem lan ora tinggal putra. kang gumanti rayi let siji yaiku Radèn Trenggana, jalaran rayiné tumuli: Pangéran Sekar Séda Lèpèn, wis disédani putrané raden Trenggana, kang aran Pangéran Mukmin. sajroning jumenengé Sultan Trenggana (tahun 1521 – 1550) karaton Demak kuwasa banget, nguwasani Tanah Jawa Kulon, ngerèh kutha kutha ing pasisir lor lan uga mbawahaké jajahan Majapait, sarta karaton Supit Urang (Tumapel) uga banjur kaprentah ing Demak. Déné Blambangan iku bawah Bali. Pelabuhan bawah Demak akèh sing ramé, kayata: Jepara, Tuban, Gresik lan Jaratan. Gresik lan Jaratan iku sing ramé dhéwé, wong kang manggon ing kono luwih 23.000. Ing tahun 1546 Sunan Gunung Jati kalawan Sultan Trengganaq arep mbedhah Pasuruwan. Kutha Pasuruwan banjur kinepung ing wadya bala, nanging durung nganti bedhah, pangepungé diwurungaké, jalaran Sultan trenggana séda cinidra déning sawijining punakawan santana, kang mentas didukani. Putrané Sultan Trenggana akèh. Putra putriné padha krama oleh priyayi gedhé gedhé. Ana sing krama oleh bupati ing Pajang, kang asma: Adiwijaya, yaiku Mas Krèbèt, Ki jaka Tingkir utawa Panji Mas. Putrané Sultan Trenggana loro: Pangéran Mukmin utawa Sunan Prawata, lan Pangéran Timur, kang ing besuké dadi adipati ing Madura. Sunan Prawata iku kang nyedani Pangéran Sekar Séda Lèpèn. Ing semu putrané Pangéran Sekar Séda Lèpèn kang asma Arya Panangsang arep malesaké sédané kang rama. Sakawit Arya Panangsang nyedani Pangéran Mukmin sagarwané, nuli putra mantuné Sultan Trenggana, ora oleh gawé, malah Arya Panangsang bareng dipapagaké perang, kalah nemahi pati. Adiwijaya banjur nguwasani Tanah Jawa: amboyong pusaka kraton menyang Pajang lan nuli dijumenengaké Sultan déning Sunan Giri. nalika Adiwijaya jumeneng ratu ana ing Pajang, blambangan lan Panarukan kabawah ratu agama Syiwah ing Blambangan, kang uga mbawahaké Bali lan Sumbawa (tahun 1575). Jajahan jajahan ing Pajang kaprentah ing pangéran (adipati) yaiku: Surabaya, Tuban, Pati, Demak, Pemalang (Tegal), Purbaya (madiyun), Blitar (Kedhiri), Selarong (Banyumas), Krapyak (Kedhu sisih kidul kulaon, sakuloné bengawan Sala. Ana ing tanah Pasundhan karaton Pajang meh ora duwè panguwasa, jalaran ing tahun +/- 1568 tanah Banten dimerdikakaké déning Hasanuddin, dadi tanah kasultanan. 21.Pérangan Kang Kaping Pindho Bab 2 Karajan Mataram Nalika Jumenengé Sénapati (tahun 1582 – 1601) Ana wong linuwih sinebut Kyai Gedhe Pamanahan, asale mung wong lumrah baé. Jalaran saka akèh lelabuhané marang Sultan Pajang, banjur didadèkaké patinggi ing Mataram. Nalika iku tanah Mataram durung reja lan Pasar Gedhe, padunungané Kyai Pamanahan mau isih awujud désa. Putrané Kyai Gedhe Pamanahan kang asma Sutawijaya utawa Radèn Bagus, utawa Pangéran Ngabehi Loring Pasar iku dipundhut putra angkat déning Sultan Pajang lan nganti diwasa tansah ana ing kraton , dadi mitrané Pangéran Pati yaiku Pangéran Banawa. Ing tahun 1575 Sutawijaya gumanti kang rama ana ing Mataram, oleh jejuluk Sénapati Ing Ngalaga Sahidin Panatagama. Panémbahan Sénapati (Sutawijaya) mau banget ing pangarahè supaya bisa jumeneng ratu. Ing sasi Mulud ora ngadhep marang Pajang, lan Pasar Gedhe didadèkaké bètèng, ndadèkaké kuwatire Sultan Adiwijaya. Kelakon ora suwé banjur peperangan, Adiwijaya kalah lan ing tahun 1582 séda jalaran karacun. Pangéran Banawa ora wani nglawan Sénapati. Sénapati banjur ngaku jumeneng Sultan, sarta pusakaning kraton kaelih marang Mataram. Sénapati ngerèhaké Mataram ing tahun 1586 – 1601. Jajahan jajahan karaton Pajang kang wis kasebut ndhuwur kaerèhaké ing Mataram kanthi ngrekasa banget. Sénapati kepeksa kudu kerep perang, kayata: perang karo Panaraga, Madiyun, Pasuruwan lan luwih luwih karo Blambangan. Ewadéné Blambangan iku ora bisa kalah babar pisan. Karo Sénapati memitran. banten arep ditelukaké, nanging ora bisa kalakon. Galuh pineksa kareh Mataram. Ing nalika iku akèh kutha kutha pelabuhan kang ramé, padha ditekani wong Portegis, ora lawas wong Walanda iya padha nekani ing kono. Dedagangané mrica, pala , cengkeh, kapas lan barang barang liyané akèh, nanging bab kawruh lan kagunan ora pati diperduli. Ing tahun 1601 Sénapati séda, kang gumanti putraL Mas Jolang. Pasareyan Sénapati nunggal kang rama ana ing Pasar Gedhe sarta padha pinudi pundhi. Pérangan Kang Kaping Pindho Bab 3 Karajan Banten lan Cirebon wiwit jumenengé Sunan Gunung Jati (+/- tahun 1527) tumeka Sédané maulana Mohamad (tahun 1596) Ing wiwitané abad kang ping 16 ing Tanah Jawa Kulon ana nagara aran Pajajaran, Kutha aran Pakuan. Kutha pelabuhab iya duwè, yaiku Banten lan Sundha Kalapa, nanging dedagangané durung ramé. Awit saka Malaka ing tahun 1511 kacekel ing bangsa Portegis, para sudagar Islam padha dedagangan ana ing pasisiré lor Tanah Jawa Kulon. Ing Banten nuli ana pedagangan gedhé, dagangané mrica. Ing nalika iku ana wong Paséi (Sumatra), agamané Islam, teka ing Tanah Jawa Kulon merangi ratu ing Pejajaran nganggo prajurit saka ing Demak. Wong Paséi mau ing tembéné aran Sunan Gunung Jati, mauné bok menawa aran Faletehan. Iku ipené Radèn Trenggana. Marga saka pitulungané Radèn Trenggana ing tahun 1527 bisa mbedhah Sundha Kalapa (jayakarta utawa Jakarta) lan Cirebon. Ing tahun 1552 Sunan Gunung Jati ing Banten digenteni kang putra Hasanuddin. Déné putra liyané kang asma Pangéran Pasarean, iku kang nurunaké para Sultan ing Cirebon. Faletehan séda ing tahun 1570 ana ing Cirebon lan disarekaké ana ing punthuk Gunung Jati. Kutha Pakuan bedhahè sawisé tahun 1570. Para wong ing Tanah Jawa Kulon banjur dipeksa manjing agama Islam. malika Faletehan séda kang jumeneng Sultan ing Cirebon Panémbahan Batu, yaiku buyute faletehan mau. Hasanuddin iku krama oleh putriné Pangéran Trenggana. Bareng Pangéran Trenggana séda, karaton Banten banjur madeg dhéwé (tahun 1568). Hasanuddin uga nelukaké Lampung, sarta raja Indrapura ngaturaké putrané putri minangka garwa. Kutha Banten dadi ramé lan pelabuhané gedhé. Ananging kutha urut pasisir ana 750 M, déné ujure marang daratan +/- 1600 M. Prau prau bisa lumebu ing kutha metu ing kali kang nrajang kutha mau; saiki kaliné wis waled, jalaran wedhi. Kutha mau kang sasisih dipageri lan ana gerdhu gerdhuné panggonan prajurit jaga tuwin panggonan mriyem. Hasanuddin séda ing tahun 1570, banjur kasarekaké ing Sabakingking. Kang gumanti kaprabon Pangéran Yusup. Nalika iku wong Banten yèn nandur pari lumrahè ana ing pategalan (ladhang). Sawisé dienèni pariné banjur ora ditanduri manèh, wong wongé banjur golèk panggonan liya digawé ladhang, yèn wus panén iya diberakaké manèh, enggoné nanduri iya kaya kang wis mau. Sing kaya mangkono iku tumraping lemahè mesthi baé ora becik. Bareng Pangéran Yusup jumeneng Sultan, wong wong padha didhawuhi sesawah. jalaran saka iku wong tani iya kapeksa milih panggonan sing tetep, ora pijer ngolah ngalih, iku njalari anané désa désa. Pangéran Yusup uga dhawuh yasa bendungan lan susukan susukan perlu kanggo ngelebi sawah. Sing mbedhah kutha Pakuan iku iya Pangéran Yusup. Ratu ing Pakuan séda, para luhur ing kono kapeksa mlebu Islam. sawènèh ana sing ngungsi marang pagunungan ing Banten Kidul; wong Beduwi iku turuné wong wong sing padha ngungsi mau. Pangéran Yusup lumrahè karan Pangéran Pasareyan (tunggal jeneng karo kang paman ing Cirebon). Ing sasédané Pangéran Yusup, Pangéran Jepara utawa Pangéran Arya anjaluk jumeneng Sultan, nanging ora bisa kelakon, jalaran saka setyané Mangkubumi (Patih) ing Banten marang Pangéran Yusup. Kang gumanti Pangéran Yusup, putra kang sisilih Maulana Mohamad. nalika iku yuswané lagi 9 tahun, mulané nganggo diembani ing Mangkubumi. Sing maréntah kutha Jakarta sebutan Pangéran, dhisike Ratu Bagus Angke lan tumurun marang putra. Kutha mau kinubeng ing pager, ing jeroné pager ana mesjide omah gedhé sing didalemi sang Pangéran, alun alun lan pasar. Iku mau kabèh dumunung ing pusering kutha. Dagangané ora pati ramé kaya ing Banten. Tanah tanah sakubengé kutha isih kebak buron alas. Cirebon iku uga ngreka daya bisané mardika saka Banten. Sultan Cirebon mbawahaké saperangané tanah Priyangan. Watesé kang wétan Banyumas, kang kulon Cimanuk (Citarum),. bareng sepuhe, Pangéran Mohamad ditresnani ing kawula, jalaran saka mursid lan wasis. Sang papatih Jayanagara banget setya marang ratuné. nalika iku Sultan Mohamad diaturi nglurugi Palembang déning Pangéran Mas, wayahè Sunan Prawata, Sandyan patihe malangi, nanging Sultan Mohamad ngrujuki; kalakon ing tahun 1596 Palembang dilurugi. Wadyabala ing Banten wis ngira bakal menang, dumadakan nalika Sultan Mohamad pinuju dhahar, kataman ing mimis, ndadèkaké sédané. Sédané mau digawé wadi, mung wadyabala diundangi bali marang Banten. Bareng layon arep disarekaké, ing kono wong wong lagi ngerti yèn Sultan séda, lan ing wektu iku uga Pangéran Abulmafachir dijumenengaké Sultan, nanging yuswané lagi sawatara sasi, mulané pamaréntahing nagara kacekel ing Mangkubumi, manèh dibantoni ing Nyai Emban Rangkung, kang jalaran saka wicaksanané karan: Ratu Putri Ing Banten. Ing pungkasané abad kang ping 16 Banten iku dadi kutha pedaganagn kang ramé dhéwé ing saTanah Jawa. Wong manca kang ana ing kono: wong Persi, wong Indhu saka Gujarat, wong Turki, Arab, Portegis, Melayu lan wong Keling. Wong wong ngamanca mau lumrahè ngingu batur tukon lan juru basa. Luwih luwih wong Cina, ing Banten akèh banget. Bangsa Cina manggoné ana sajabaning temboking kutha, lan omahè apik apik. Panggaotané wong manca padha kulak mrica. Sing nganakaké dhuwit timbel (kètèng, gobang) ing Banten iya wong wong ngamanca mau. Dhuwit timbel 1.00 pengajiné +/- 20 sèn. Pangan ing Banten murah banget, dhuwit 20 sèn baé tumraping wong ngamanca, wis turah turah. Hawané ing kutha ora becik, jalaran kali Banten ing biyèné becik, banjur dadi cethek lan reged. Dalan dalan pada kurugan ing wedhi, omah omahè isih gedhég, mung senthongé pasimpenan wis tembok. Para priyayi padha duwè pakarangan isi wit krambil, sangarepe omah ana pendhapané lan ing pojoking latar sok ana langgare. Kejaba mesjid gedhé lan pamulangan, ing Banten mung ana omah gedhong siji, yaiku omahè Syahbandar. kajaba para luhur, wong kang ngibadah ing Banten ora akèh. Para luhur padha ngagem sarung sutra, (terkadhang sinulam ing benang emas) serban lan keris, kenakané diingu dawa, wajané dipasahi lan tinretes ing mas utawa disisigi. Ngageme sepatu utawa selop mung yèn ana ing daleme baé. Pandereke ana sing ngampil wadhah kinang, kendhi, payung, lampit lan tumbak. Para luhur mau (para punggawa) padha milu ngerèh praja. Ing mangsa perang para prajurit oleh keré, sandhangan lan pangan. Para punggawa mau padha ngingu batur tukon akèh. Ing Banten sing nyambut gawé temenan mung para batur tukon, wong cilik liyané meh ora nyambut gawé, mulané padha ora kacukupan. Yèn ana wong ora bisa mbayar utangé, iku banjur dadi batur tukon saanak bojoné. Wong kemalingan ing Banten akèh; maling kang kacekel, kena nuli dipatèni. Wong kang dosa pati, kena nebus dosané sarana mbayar dhendha marang Sultané. Yèn ana wong lanang mati, Sultan wenang mundhut anak bojoné wong mau. Jalaran saka iku akèh wong isih kenomen padha omah omah. Kuwasané Sultan Banten gedhé banget, nanging prakara nagara lumrahè dirembug karo para luhur; pangrembuge wayah bengi ana ing alun alun. Para luhur mau kang kuwasa banget Mangkubumi (patih), laksamana (panggedhéné prau lautan) lan sénapati. Ing jaman samana kaanané kutha kutha ing Tanah Jawa kurang luwih iya mèmper karo kutha Banten iku. Prauné Vasco de Gama Pérangan Kang Kaping Pindho Bab 4 Wong Portegis lan Sepanyol (tahun 1513) Wiwit jaman Rum mula wong Asia iku wis wiwit lawanan dedagangan lan wong Europa. Dagangan saka Asia Wétan, kayata: Tanah Indhu, Cina, apadéné kapulowan Moloko digawa ing kafilah, metu ing Afganistan, Persi, Syrie (Sam), banjur menyang Egypte (Mesir), jujuge ing Alexandrie. Dagangan mau saka kono banjur dikirimaké menyang kutha kutha pelabuhan ing sapinggire Sagara Tengah, kayata: Rum, vénétie lan Genua; banjur disebaraké ing nagara liya ing Europa. lakuné kafilah saka Hindustan ngrekasa banget, jalaran ana ing dalan kesuwén, mangka kerep diadhang ing begal. marga saka iku pametuné tanah Asia ana ing Europa dadi larang banget, samono uga bumbon saka kapulowan Moloko. Bareng wong turki mèlu mèlu gawé kasusahaning kafilah mau, bangsa bangsa Europa liyané banjur arep mbudi akal bisané oleh dagangan saka tanah Asia dhéwé ora nganggo metu dharatan, dadi arep ngambah sagara baé. nalika abad kang kaping 15 ing tanah Europa wus ana bangsa kang kendel banget lelayaran, yaiku bangsa Portegis. Bangsa iku enggoné lelayaran saya suwé saya mangidul, nganti nemu pulo lan tanah pirang pirang enggon, wasana pasisiré tanah Afrika kang sisih lor kulon wus kawruhan kabèh. Ing tahun 1486 ana nakoda bangsa Portegis aran Bartholomeus Dias, bisa tekan ing pongole buwana Afrika kang sisih kidul dhéwé. Ing Tahun 1498 kelakon ana nakoda Portegis aran Vasco de Gama tekan ing Kalikut kutha ing tanah Indhu. Wong Portegis nuli miwiti lelawanan dedagangan lan wong Indhu, lan nenelukaké kutha pelabuhan kang ramé ramé ing tanah Indhu kono. d’Albuquerque kang wus katetepaké jumeneng Prabu anom ing Asia nuli ngumpulaké prau perang kanggo merangi kutha kutha pelabuhan; Goa, Ormus lan Malaka genti genti dikalahaké. Iya jamané d’Alburquerque (tahun 1509 – 1515), iku mumbul mumbule wong Portegis nguwasani tanah tanah pasisir ing Samodra Indhiya tekan Macao. Bareng wong Portegis wis bisa manggon lan duwè panguwasa ana ing Malaka, ing tahun 1513 nuli makoda aran d’abreu, layar menyang Moloko. lakuné nganggo mampir mampir, kayata: menyang Gresik. Ing wektu samono Gresik wis dadi kutha padagangan gedhé, wong wongé wis Islam. Wong Portegis mau ana ing Tanah Jawa Tengah lan Wétan sasat tansah dimungsuh baé, mung ana ing Panarukan bisa mimitran lan wong bumi, jalaran wong ing kono osoh mardika, durung Islam lan durung kaerèh marang Demak. Rèhné wong Portegis ana ing Tanah Jawa Tengah lan Wétan tansah ngrekasa banget, mulané banjur ana kang nyoba arep lelawanan dedagangan lan Banten. Ing sakawit ana ing Banten ditampani becik, nanging nuli wong Portegis lan wong Banten kerep cecongkrahan, jalaran padha déné ora percayané. Wasana enggoné dedagangan wong Portegis kang dipeng ana ing Moloko lan pulo Timur. nalika wong Portegis teka ana ing tanah Indhiya kang anggedhéni laku dagang ing kepulowan Moloko bangsa Jawa, nanging bareng Malaka bedhah, wong Jawa kadhesuk soko kono lan saka kapulowan Moloko, banjur karingkes pasabané, kang anggedhéni genti wong Portegis, malah ing tahun 1522 ing Ternate wis didegi bètèng, sarta wong Portegis wis prajangjian lelawanan dedagangan ijen ijenan (monopolie) lan Sultan ing kono. Ing tembené kang dadi dhok dhokané wong Portegis ing Ambon lan Bandha. Ana ing pulo pulo Moloko lan ing pulo pulo Sundha Cilik sisih wétan wong Portegis padha mencaraké agama Kristen. Bareng wong Portegis nemu dalané menyang tanah Indhiya, wong Sepanyol iya banjur arep nyoba uga menyang tanah Indhiya dhéwé. Wong Genua aran Christophorus Columbus layar saka Sepanyol mangulon atas asmané Sang nata ing Sepanyol. Saka panémuné Chr. Columbus wus tetéla yèn jagad iku bunder kepleng, dadi yèn saka Sepanyol terus layar mangulon mesthi banjur tekan ing jagad sisih wétan yaiku enggoné tanah Indhiya. Yèn saka Indhiya diterusaké mangulon baé, mesthi banjur bali tekan ing Sepanyol manèh. Ing tahun 1492 kelakon Chr. Columbus nemu kepulowan kang diarani kapulowan Indhiya, jalaran pametuné akèh empere lan tanah Indhiya, nanging ora antara suwé tetéla yèn kepulowan mau dudu Indhiya, mulané mung banjur diarani kepulowan Indhiya Kulon. mungguh satemené kepulowan Indhiya Kulon iku wewengkoné buwana Amerika. Saking kepenginé marang kauntungan lan misuwuring jeneng, banjur akèh baé wong Sepanyol kang napak dalané Chr. Columbus padha layar mangulon ketug ing Amerika. Sawisé buwana Amerika kawruhan, nuli ana wong Portegis kang aran Magelhaen kang nedya menyang Indhiya metu Amerika atas asmané ratu Sepanyol. Mangkate Magelhaen sakancané wong Sepanyol ing tahun 1519 lakuné nurut pasisiré Amerika sisih kidul, njebul supitan ing saantarané pongol Amerika kang kidul dhéwé lan pulo Vuurland, saka kono terus ngalor ngulon nrajang Samodra gedhé, anjog ing kapulowan Filipina. Wong Sepanyol nuli layar menyang Moloko, anjog ing Tidore. Sultan Tidore bungah banget, awit bakal olej lengganan bangsa Europa, mangka nalika d’Abreu teka ing Ambon diajak lengganan ora gelem, geleme mung karo Sultan Ternate. Sarèhné wong Sepanyol, kancané Magelhaen, kalah santosa karo wong Portegis, mulané bareng dimungsuh, banjur kapeksa mlayu menyang Jilolo, saka kono terus layar mangulon, nutugaké enggoné ngubengi bumi, tekané ing Sepanyol manèh tahun 1522. Iya wong Sepanyol kang dipanggedhéni Magelhaen iku kang ngubengi bumi sapisan. Wong Portegis bareng sumurup ana wong Sepanyol teka, banget panasé, ngudi, lungané wong Sepanyol saka tanah Indhiya, dadi bangsa loro mau padha memungsuhan. nanging ing tahun 1529 padha bedhami, jalaran watesing jajahan dipastekaké déning Kangjeng Paus. Wiwit tahun 1542 bangsa Sepanyol neluk nelukaké pulo pulo Filipina. Jeneng Filipina iku kapirit asmané ratu ing Sepanyol (Filips II). lan ana ing pulo pulo mau banjur padha mencaraké agama Kristen. Pérangan Kang Kaping Pindho Bab 5 Tekané Wong Walanda ( tahun 1596) Ing abad kang kaping 15 ing nagara Walanda bab misaya iwak maju banget ( iwak haring). Iwaké didol sumrambah ing tanah Europa. Jalaran saka iku lelayarané prau prau momot barang dadi ramé. Prau prau momotan mau kejaba momot iwak, uga nggawa barang barang liyané, kayata: mertega, keju lan laken saka Nederland didol menyang Europa sisih lor lan kidul. Soko Portegal wong Walanda kulak anggur lan uyah; saka tanah tanah sapinggire Sagara Wétan gandum lan kayu, lan saka Inggris wulu wedhus. Awit saka iku kabèh lelayarané prau prau momotan ing satanah Europa kacekel ing tangané bangsa Walanda. Ing wiwitané abad kang ping 16 Kutha Lissabon dadi pusering padagangan kang saka ing tanah Indhiya. Kang mencaraké dagangan mau menyang tanah tanah liyané saperangan gedhé iya bangsa Walanda. Iku kabèh njalari wong Walanda banjur dadi sugih, wong lang mauné mung ngepalani prau prau momotan, banjur dadi nakoda utawa sudagar. Ing pungkasané abad 16 wong Walanda banget pangudiné marang ada ada anyar lan banget kepenginé marang lelakon lelakon kang durung tau dilakoni, luwih luwih bareng krungu critané lelayaran marang Indhiya saka wong wong Walanda kang mauné manggon ing Portegal. Apa manèh ing nalika iku akèh sudagar sudagar saka Nederland Kidul (Antwerpen) padha ngalih mangalor. Kuwasané karajan Sepanyol tansah suda, perang karo bangsa Walanda lan Inggris kerep kalah. Dedagangan ing Lissabon tumrape bangsa Walanda banjur diengèl engèl amarga wiwit ing tahun 1580 Lissabon kebawah Sepanyol. Jalaran saka sebab sebab ing ndhuwur mau kabèh, bangsa Walanda kenceng tekade arep lelayaran menyang tanah Indhiya dhéwé, bathiné mesthi bakal luwih akèh, awit bisa kulak dedagangan saka ing panggonané asal. Wiwitané nuoba lelayaran metu lor ngubengi buwana Asia, perluné nyingkiri bangsa Sepanyol, yaiku mungsuhe. Sarèhné layar metu lor iku terang yèn rekasa banget, istingarah ora bisa kelakon tekan tanah Indhiya, nuli wong Walanda arep nékad metu kidul nurut pesisire buwana Afrika kaya wong Portegis. Cacahing prau kang arep mangkat ana 4, kang ngepalani aran Cornelis de Houtman iku wis bisa oleh katrangan dalané menyang Indhiya ana ing Lissabon. Déné kang dadi lelurahing jurumudhi wong pinter ing ngèlmu bumi aran Pieter Keyzer. Ing tanggal 2 April tahun 1595 padha mancal saka dharatan, lakuné ana ing dalan ngrekasa banget, nanging tanggal 23 Juni 1596 kelakon tumeka ing banten. Satekané ing palabuhan Banten prauné wong Walanda dirubung ing prau cilik cilik padha nawakaké wowohan lan dodolan warna warna. Ora suwé ing dhèk kebak wong Jawa, Arab, Cina, Keling lan Turki padha nawakaké dedagangan. Wong Walanda medhun menyang dharatan; ing kono wis ana cawisan omah kanggo bukak toko. Sawusé tekan dharatan banjur dodolan lan kulak dedagangan kang diimpi impi, yaiuku mrica. Nanging bareng padha rerembugan banjur padha pasulayan. Wong Portegis weruh kang mangkono iku nuli ngreka daya supaya wong Walanda disengiti ing wong Banten. Apamanèh Cornelis de Houtman iku wani kasar karo Mangkubumi ing Banten, lan sarehning wong Banten kuwatir bok manawa kutha Banten bakal ditibani mimis saka ing prauné wong Walanda, Cornelis de Houtman sakancané 8 dicekel lan dilebokaké ing kunjara. Cornelis de Houtman lan kancané 8 pisan mau iya nuli luwar, nanging sarana ditebus. Bareng wong Portegis mbabangus manèh marang wong Banten, wong Walanda banjur ninggal Banten, awit uga weruh yèn ora bakal bisa oleh dedagangan ana ing kono. Wong Walanda banjur layar mangétan urut pasisir loring Tanah Jawa nganti tekan Bali. Saka kono banjur bali menyang nagara Walanda urut pasisiré Tanah Jawa kang sisih kidul. Tekané ing nagara Walanda prauné kang mauné papat mung kari telu, wong kang mauné 248 mung kari 89. Lan barang dagangan sing digawa apadéné bathiné mung sathithik banget. nanging sedyané kang gedhé iku wis kaleksanan, iya iku saiki dalan kang menyang tanah Indhiya wis kawruhan. nalika tahun 1598 ana prau Walanda manèh teka ing Banten, kang manggedhéni Yacob van Neck. Sarèhné van Neck mau wong kang alus bebudéné ora kasar kaya de Houtman, dadi wong Walanda ditampani kalawan becik, dipek atiné kenaa dijaluki tulung yèn ana nepsuné wong Portegis, malah van Neck oleh palilah katemu lan sang timur Abulmafachir ratu ing Banten lan van Neck ngaturi tinggalan tuwung mas. Wong Walanda enggal baé oleh dedagangan mrica akèh. Wiwit ing nalika iku akèh prau prau Walanda kang teka ing Moloko kulak mrica, pala lan cengkeh. Dhok dhokané prau kang menyang tanah Indhiya iku ing Banten, dalasan prau kang saka ing Moloko, sanadyan wus kebak dagangan, kang mesthi iya nganggo mampir. Suwe suwé plabuhan ing Banten saya ramé déning prau Walanda kang teka lunga ing kono. Ing wektu iku Sepanyol lan Portegis wiwit ngêdhèng enggoné perang karo bangsa Walanda ing tanah Indhiya. Andreas Furtadho de Mendoca nggawa prau 30 saka Goa layar menyang tanah Indhiya, arep dhedawuh marang para panggedhé ing sakèhing kutha plabuhan nglarangi nampa wong Walanda; sakèhing wong Walanda kang wus ana ing kono kudu ditundhung. Ing tahun 1601 ana prau Walanda teka ing supitan Sundha, kang manggedhéni Wolphert Harmens, ana ing dalan Wolpert Harmens wis oleh pawarta yèn Banten dikepung ing balané Furtadho perlu nglungakaké wong Walanda lan meksa marang Pangéran ing Banten ora kena ngayomi sakèhing Walanda. Sandyan prauné Harmens mung lima, nanging nékad nempuh prauné wong Sepanyol. Salungané wong Sepanyol saka ing Banten, Harmens mlebu ing plabuhan munggah menyang kutha. Ora antara suwé ana prau Walanda teka manèh, panggedhéné aran Yacob van Heemskerck enggal baé oleh dedagangan, prauné kang lima wis kebak, nuli dilakokaké bali menyang nagara Walanda, déné prau sakariné banjur layar menyang Gresik. Ana ing Gresik kono Heemskerck sawisé kebak prauné banjur bali menyang nagara Walanda. Ing wektu iku para sudagar Inggris iya wis padha bathon nglakokaké prau menyang tanah Indhiya. Ing tahun 1602 ana prau Inggris teka ing plabuhan Banten nggawa layang lan pisungsung saka ratuné. Wong Inggris ditampani kalawan becik, dadi gampang nggoné golèk dagangan, sarta banjur kaidenan ngedegaké kantor. Prau – prauné Houtman saka ing tanah Walanda Pérangan Kang Kaping Pindho Bab 6 Adegé Vereennidge Oost Indische Compagnie (V.O.C.) ( tahun 1602) Prauné wong Walanda kang padha layar menyang tanah Indhiya iku duwèké maskape maskape cilik. Sanadyan kang nduwèni tunggal bangsa lan kabèh padha tulung tulungan yèn ana bebayaning dalan, ewa déné mungguh enggoné dedagangan ora pisan bisa rukun, malah padha jor joran murih bisa oleh dagangan akèh. bareng paprentahan luhur ing negara Walanda nguningani prakara iku banjur kagungan sumelang. Saka karsané paprentahan luhur maskape Walanda mau didadèkaké siji aran Vereennidge Oost Indische Compagnie (V.O.C.), yaiku: Pakumpulan dedaganagn ing tanah Indhiya Wétan, adegé nalika tanggal 20 Maret 1602. VOC. mau diparingi wewenang dedagangan ing sawétané Kaap de Goede Hoop tekan ing supitan Magelhaens, déné maskape utawa sudagar liya ora kena mèlu mèlu dedagangan ing kono (monopolie). Wewenang panunggalané ing dhuwur iku: VOC. kena nganakaké prajangjian atas asmaning Staten Generaal karo sakèhing nagara klebu jajahané. Kajaba iku Compagnie kena nganakaké prajurit, gawé bètèng, gawé duwit lan netepaké Gouverneur lan punggawa liyané. Sakèhing punggawa kudu sumpah kasusetyané marang Straten Generaal lan pangrehing Compagnie. Ing sabisa bisa VOC, kudu mèlu nglawan mungsuhe nagara Walanda. Pawitané Compagnie iku olehe adol layang andhil, siji sijiné andhil ora mesthi padha regané, ana kang f10.000 ana kang f50. Déné kang kena tuku andhil mau iya sadhengah wong, ora lawas VOC wus oleh pawitan f6.500.00. Ing sakawit warga pangreh (Bewindhebber) ing tanah Walanda ana 73, nanging ora lawas mung ditetepaké 60. Para bewindhebber mau akèh kauntungané, kayata: saben ana prau teka saka tanah Indhiya mesthi oleh bageyan 1% né ajining momotané prau, mulané pangkat bewindhebber mau dadi pepenginan. Bewndhebber iku ana 17 kang pinilih kuwajiban nyekel paprentahan Compagnie ing saben dinané. Pangrehe Compagnie iku aran ”Heren XVII, Directeuren utawa Mayores”. Saben 10 tahun para Bewindhebber kudu aweh katrangan pelapuran (verslag) bab panyekeling paprentahan marang Straten Generaal lan para aandeelhouder. Prau prauné Compagnie kang dhisik dhéwé mangkat menyang tanah Indhiya dipanggedhéni Van Waerwijck, angkate ing tahun 1602 uga. Sakèhing lojiné maskape maskape lawas banjur didadèkaké lojiné VOC. Loji utawa factorij iku wujud kantor diubengi ing gudhang gudhang lan omahè para punggawa. Mungguh perluné loji mau kanggo tandhon dagangan. Dagangan mau diklumpukaké ngentèni tekané prau prau. Factorij iku terkadhang kinubeng ing bètèngtembok utawa tanggul, nanging kang mangkono iku ora mesthi, awit para ratu bangsa bumi kerep ora marengaké. Kehing factorij saya wuwuh, nanging terkadhang yèn arep ngadegaké factorij anyar iku nganggo ngesur ngalahaké wong Portegis dhisik, kayata: nalika tahun 1603 ana ing Banten, ora lawas ing Gresik, Johor, Patani, Makasar lan Jepara iya dianani factorij. Factorij ing Patani perluné kanggo lelawanan karo negara Cina, Jepang lan Indhiya Buri, awit dikira ngolehaké kauntungan akèh, nanging jebul ora. Karo Ceylon lan Aceh Compagnie iya lelawanan dedagangan, nanging sakawit mung sathithik pakolehe. Dagangan tanah Indhiya kang ngolehaké kauntungan akèh iya iku bumbu craken, mulané VOC. kepengin banget mengku kapulowan Moloko, kang iku para nakoda padha diwangsit, supaya merlokaké ngudi bisané nekem kepulowan bumbon craken mau, yèn ora kena dilusi sarana prajangjian iya kantho wasésa. Ing saenggon enggon angger Compagnie bisa becik karo ratu bangsa bumi mesthi banjur nganakaké prajangjian bisané lengganan ajeg (monopolie). Pulo Ambon (cengkeh) iku pulo kang dhisik dhéwé dadi duwèking Compagnie. Ora suwé saka kecekele pulo Ambon ing kuwasané VOC. pulo Bandha Néra (pala) lan Bacan iya banjur kena diregem. Marga enggoné menang perang iku, laku d
Diposkan oleh SekarKawindra
Sumber: http://hnthebraveheart.blogspot.com/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Komentar Anda, sumbangsih Blog saya...