SAMBUTAN

Selamat datang di
http://460033.blogspot.com
SARANA INTERAKTIF BERBAGI! http://460033.blogspot.com sangat mengharap sumbangan berbagai artikel dari para Pembaca yang budiman. Kesempurnaan hanyalah milik-Nya makadariitu http://460033.blogspot.com sangat mengharap kritik dan saran dari Pembaca. Rachmat W. P.

Jumat, 03 Desember 2010

Bharatayuddha - Gancaran

BÊBUKA
sampul_baratayuda

Íngkang sagêd mastani utawi ngraósakên manawi sêrat: Bråtåyudå punikå saé, punikå inggíh namúng tiyang íngkang sagêd maós sêrat wau, ngrêtós dhatêng basanipun utawi ngrêtós dhatêng sêkaripún.
Tumrap jaman samangké tiyang íngkang ngrêtós kadós
makatên wau nåmå långkå, såyå malíh ngèngêti kirang sumêbaríng cariyós. Milå inggíh bótên anggumúnakên manawi dèrèng badhé ambikak sêrat Bråtåyudå punikå kéngíng dipún wastani bótên wóntên.
Balé Pustaka ngêdalakên sêrat Bråtåyudå gancaran, têtilaranipun R. Ng. Kartapråjå, guru båså Jawi íng pamulangan calón guru íng Suråkartå jaman kinå, íngkang lajêng kaêcapakên datêng tuwan C. F. Winter, punikå inggíh mêngku kajêng kêkalíh :
  1. Nyumêrêpakên tiyang kathah dhatêng isinipún sêrat Bråtåyudå;
  2. Awít sakíng sumêrêp wau lajêng tuwuhå kêpéngínipún maós sêratipun íngkang baku.
Mugi mugi kajêngipún Balé Pustaka íngkang kadós makatên wau angsalå pambiyantunipún pårå sêpuh, karså mêméngín pårå nénéman íngkang sampun wanci, samångså mrangguli lêlampahan utawi cêcriyósan íngkang wóntênipún íng sêratipún baku kaandarakên ngantós saé, mångkå wóntênipún íng gancaran namúng kacêkak, lajêng ngandikå makatên : ”Wah lah kuwi ånå ing layangé baku critané bêcík bangêt, mangkéné ......................”
Sarånå lampah makatên, pårå nénéman bótên namúng badhé
wêwali sêsêrêpanipún íng bab cariyós kémawón, nangíng ugi
badhé tuwúh dêrêngipún marsudi dhatêng basanipún piyambak.

Mugi kabulå
BALÉ PUSTAKA.




1. Prabu Krêsnå Dhatêng Ngastinå, Ngrêmbag Alihan Nagari Boten Angsal Damêl.
kresnaSang Prabu Jåbåyå ing Kadhiri misuwur kêkah adilipún.
Prabawanipún upami kadós padangíng srêngéngé ing mangsa katigå. Panjênênganipún kinèringan ing sêsamining ratu, awít sakíng kaprawiranipún ing paprangan. Bótên wóntên nimbangi. Pårå ratu ingkang nunggil jaman akaliyan Prabu Jåyåbåyå kaupamèkakên rêmbulan, Prabu Jåyåbåyå ingkang minångkå srêngéngé, sorotipún angútjêmakên padhanging rêmbulan.
Prabu Jåyåbåyå wau kagungan abdi juru panganggit, anama Êmpu Sêdah, punikå kakarsakakên nganggít sêrat Bråtåyudå, panganggitipún kålå ing taún 1079. Wóndéné ingkang kacariyosakên rumiyin :
***
Sang Prabu Judistira sasêntananipún sami kalêmpakan wóntên ing nagari Wirata, sartå ambêktå prajurít sadêdamêlipún ing prang. Prabu Krêsna ing Dwåråwati sabalanipún inggíh wóntên ing ngriku, Karsanipún Prabu Judhistirå badé mangún pêrang mundút kagúnganipún nagari ing Ngastinå ingkang apalih. Wóndéning ingkang binóbót ing budi sartå linampahan sapitêdahipún ing prakawis agêng wau, inggíh namúng sang Prabu ing Dwåråwati, Akathah pårå ratu, pêpakan wóntên íng Wiråtå, ingkang sami rumójóng ing pêrang, amuríh kamulyaníng pêjah. Íng nagari Ngastinå inggíh kathah pårå ratu Jawi utawi saking tanah Sabrang, sami kalêmpakan sabålå såhå dêdamêlíng pêrang, inggíh sumêdyå ngupadós kamulyaníng pêjah.
Prabu Judhistirå angandikå dhumatêng Prabu Krêsna : Kang Prabu, ingkang minångkå panuntun kula, kula badé anêdha kagungan kula nagari íng Ngastinå ingkang sapalih; punikå kulå sumangga íngkang dadós panggalíh utawi pratikêl sampéyan, amurih prayoginipún ingkang badhé linampahan.”
Prabu Krêsnå amangsuli pangandikå: ,,Jèn makatên karsané yayi Prabu, inggíh bótên wóntên sayoginipún kêjawi kagalíh wilujêngipún, amuríh lulus saéníng akêkadang. Kula ingkang badhé lumampah, anêdhå sapalihipún nagari íng Ngastinå.”
***
Prabu Krêsnå lajêng andhawahakên paréntah, karså tindak dhumatêng nagari íng Ngastinå, badé amundhut sapalihing nagari. Anuntên bålå sami dipun undhangi, sang nåtå nitíh råtå, radên Sêtyaki andêrèk.
Sakíng rikating råtå, tindakipún Prabu Krêsnå sampun dumugi sajawiníng kithå. Bótên antawis dangu nagari íng Ngastinå sampún katingal. Sakathahíng kalangênan urut margi íngkang dipún ambah déníng Prabu Krêsnå, sêmunipún sami prihatos. Ébahipún gódhónging uwit wringín, sêmunipún kadós tiyang jalêr kasusahan, bótên dipún timbangi trêsnanipún dhatêng íngkang èstri. Pucakíng gapurå èmpèripún kadós angajêng ajêng énggalé rawuhipún Prabu Krêsnå. Baunipún íng gapurå kadós badhé nyêmbah dhumatêng íngkang rawuh. Êpangíng wít cêpaka sapinggiríng margi katêmpúh íng angín, sêmunipún kadós astanipún Dèwi Banowati, angawé awé badé pitakèn dhatêng Prabu Krêsnå, punåpå Radèn Janåkå andérék. Swaraning ratanipún sang nåtåa, sartå gêbyaring sêsotyå rêrêngganipún, kadós anyauri sartå angujiwati ingkang pitakèn; wóndéníng sauripún : Si Janåkå ora milu ngiríng, isíh kari ånå íng Wiråthå; kadang kadangé siji ora ånå kang milu.”
Êpang kanginan èmpêripún kadós tiyang méngo, bótên kadugi íng wangulan wau; awít Radén Janåkå bótên andèrèk dhatêng nagari ing Ngastinå, anjabêl nagarinipún.
Sêkar sêkar íng margi èmpèripún kadós badhé rêntah ing jurang. Wit witan íngkang wóntên pinggír margi katêmpuh íng angin, gódhóngipun abosah basih, sêmunipún kadós tiyang prihatós, déné Pandåwå bótên tumut, Cucur mungêl mênggah mênggah, sêmunipún kadós tiyang ajrih. Wóntên sêkar pudak rêntah íng sélå, sêmunipún prihatós, awít déníng Radén Janåkå bótên tumut andhèrèk.
Låwå gumandhul wóntên ing êpang, kêbêt kêbêt kadós tumut sêdhih, yèn sagêdå wicantên, wiraósipún makatên : Yågéné Panduputrå ora milu rawuh anjabêl nagarané dhéwé ?“
Sêkar tanjúng anggulasah wóntên ing margi, sêmunipún kadós tumut sêdhih, Brêngêngêngíng kómbang íngkang ngupadós sêkar, utawi íngkang anut unthuking toyå, kadós anangís tumut prihatós, déné sang Dananjåyå bótên andhérèkakên tindakipún Prabu Krêsnå.
***
Lúmút akíng tumèmplèk íng séla, sêmunipún kadós tiyang èstri kalêngêr, amargi kédanan sang Dananjåyå.
Akathah kalangênan íng pinggír margi, utawi pinggiríng rawi ingkang angémpêr èmpêri prihatós. Kapanjangên yèn kacariyosnå sadåyå.
Tindakipún Prabu Krêsnå sampún dumugi íng Têgal Kuru, anuntên wóntên jawåtå sakawan têdhak, anåmå : Janåkå, Råmå Parasu, Kanwå sartå Narådå, badhé ambiyantóni lampahipún sang nåtå. Prabu Krêsnå kagèt mirså wóntên déwå anêdhaki, lajêng mingsêr tumut lênggah kúsiripún. Déwa sakawan sami lênggah salêbêtíng råtå. Sarêng sang nåtå sampún nyêmbah, jawåtå sakawan angandikå: ”Sang nåtå, sampún kasêså ing lampah, kula badé tumút ing salampah andika.”
Anuntên råtå dipún rindhikakên, samargi margi sang Prabu aginêman kaliyan déwa sakawan. Wondéning ingkang dipún rêmbag, prayogining lampah, såhå saéning kadadósanipún ing prakawis.
***
Sang Prabu Suyudana ing Ngastina sampún midangêt, bilíh Prabu Krêsnå sampún dumugi ing Têgal Kuru. Lajêng andhawahakên paréntah, sakathahing lêlurúng andikakakên anggêlari sinjang, anjóg íng sitinggíl, dumugi kórining kadhatón ingkang jawi. Sartå pårå pinisêpúh kadhawúhan amêthúk. Wóndéning ingkang kapathah amêthúk wau: Bisma, Druna, Dêstarata punika sami suka íng batós, déné Prabu Krêsnå ingkang lumampah badhé anjabêl nagari ; anyipta yèn Prabu Suyudånå amêsthi badhé ngubungakên. Anangíng Prabu Suyudånå akaliyan patíh Sangkuni sami kèwêdan, awit Prabu Krêsnå sampún kalíh kalihíng ngatunggíl kaliyan Pandhåwå. Anuntên Koråwå sami ngalêmpak wóntên salêbêting kadhaton.
***
kresna_duta
Lampahipún Prabu Krêsnå angancik kikisíng nagari Ngastinå. Ratanipún karindhikakên. Aramé swaranipún têtiyang íngkang sami amêthúk, utawi ingkang sami anóntón. Tiyang sanagari Ngastinåa ébah sadåjå, sakíng kapénginipún badhé aningali Prabu Krêsnå. Agêng abít pating balêbêr; jêjêl titíp atimbún pinggiríng margi; ajríh manawi kasèp ing langkúngipún sang nåtå.
***
dewi-banowati
Ingkang sami mêthúk wau sampún pêpanggihan kaliyan Prabu Krêsnå, sang nåtå lajêng dipún aturi lumêbêt dhumatêng kadatón. Wóondéné pårå ratu sampún tåtå pinarak wóntên salêbêtíng kadhatón. Prabu Salyå inggíh sampú rawúh, Arjå Widurå, Adipati Ngawånggå, Karpå, Arjå Sidurêjå, Juyutsuh, sami andêr wóntên ngarsanipún Prabu Suyudånå. Anuntên pårå pinisêpúh íngkang kautus mêthúk wau sami dhatêng ngrumiyini. Bótên antawís dangu Prabu Krêsnå rawúh, têdhak sakíng råtå kaliyan jawåtå sakawan. Pårå Koråwå sami ngadêg angurmati. Sang nåtå akaliyan jawåtå sakawan dipú atúri pinarak dhatêng Prabu Suyudånå. Pårå pinisêpúh kumrubut íngkang sami ambagèkakên. Anuntên pasêgah sumaós. Pangandikanipú Prabu Suyudånå : ”Kakang Prabu íng Dwåråwati, sumånggå kula aturi dhahar, minångkå jêjampiníng sayah.”
Prabu Krêsnå amangsuli : ”Yayi prabu, sakalangkúng langkúng pamundhi kulå. Pasêgah pinanggíh íng wingkíng, bilíh padamêlan sampú rampúng.”
Suyudånå ngandikå malíh : ”Déné mawi wigih wigih, kakang Prabu, anampik pasêgah kula.”
Krêsnå amangsuli : ”Gampíl, yayi Prabu, pinanggíh íng wingkíng kémawón.”
Prabu Krêsnå sukå íng galíh aningali pårå ratu íngkang sami pêpakan wóntên íng kadhatón, utawi pårå sêpúh íngkang sami sowan. Anuntên pamít íng Prabu Suyudånå badhé masanggrahan rumiyín. Prabu Suyudånå amanguli : ”Sumånggå íng karså, kakang Prabu, ratu bijaksånå íng sajagat.”
Prabu Krêsnå amangsuli : ”Mugi mugi yayi Prabu amanggihå sukå, siyoåa padamêlan íngkang kulåa lampahi, wilujêngå íng kadadósanipún.“
Prabu Krêsnå sarêng sampú dumugi íng jawi, matúr dhatêng jawata sakawan : ”Kulå badhé masanggrahan rumiyín.
Bénjíng énjíng kémawón kulå mratélakakên prêlunipún lampah kula mriki.”
***
Prabu Krêsnå anjujúg panggénanipú íngkang bibi Dèwi Kunthi, lajêng anyungkêmi sampéyanipún Déwi Kunthi muwún, ciptaníng galíh prasasat kapanggíh kaliyan Pandhåwå. Tumuntên amratélakakên sêkêlíng galíh bab prakawis ingkang badhé kalampahan. Akathah pituturipún, amuríh lêstantuning lampah. Saking agêngíng prihatós, pangandikanipún pêgat pêgat kamóran pamuwun. Sarêng sampún têlas pituturipún, Prabu Krêsnå pamit badhé dhatêng pasanggrahan, ing griyanipún arjå Widura. Sarawuhipú íng ngriku, anuntên sêsaósan pasêgah kathah dhatêng.
***
Saunduripún Prabu Krêsnå, Suyudånå apirêmbagan kaliyan íngkang rayi rayi, punåpå malíh kaliyan Adipati Ngawånggå, íngkang minångkå pangajêngíng damêl. Prabu Suyudånå sumêlang íng galíh, awít pasêgahanipú katampík dhumatêng Prabu Krêsnå; pangandikanipú : ”Sang Prabu íng Dwåråwati amêsti ngandhút wadi, déné ora karså dhahar pasugúhku. Hèh, Drusåsånå, åjå sirå kurang wêwékå marang ratu íng Dwåråwati, sirå diangati ati, kadang kadangmu kabèh tuturånå, sésúk pådhå amêndêmå barís. Åjå nganggo pinikír suwé suwé, wóng íng Dwåråwati banjúr ditumpêså baé, awít iku awakíng Pandhåwå, mêsthi angandút ålå, ora wurúng dadi mungsúh; samudånå angandút mêmanís!“
Sabibaríng pasamuan, sakatahíng Koråwå sami mantúk, pårå ratu tamu tuwín pinisêpúh sami kúndúr dhatêng pasanggrahanipún piyambak piyambak, Prabu Suyudånå kúndúr angadatón, têdhak datêng panggénanipún ingkang garwa Dèwi Banowati. Déwi Banowati amêthúk, lajêng dipú kanthi astanipú, malêbêt íng dalêm, tåtå sami pinarak. Pårå abdi èstri marak.
***
Rêtnå Banowati galak ulat, manis pamulu, dêdêg sêmbådå, gorèh nangíng dadós íng pantês sartå bótên wóntên sarunipú. Anyêlih anyulalatå mindhak pêrakati, bêngís marêngut malérokå wêwah manís. Sanajan bótên ngagêm agêmå, ambómbróng kalúng kasêmêkan kémawón, inggíh pantês. Sabarang lêléwanipú amantêsi, Tanpå gåndå tanpå sêkar, suprandósipún arumipún angêbêki kadhatón ing Ngastinå.
Kålå samantên srêngéngé angajêngakên sêrap, arindik lampahipún, kadós dèrèng tuwuk anggènipún anêningali rêrêngganipún kadhatón íng Ngastinå, émpèripún kadós anolih, kapéncút aningali rêtnå Banowati, tuwín pårå êstri ing kadatón.
***
sangkuni
Sarawuhipún ing kadatón, Prabu Krêsnå kaaturan pinarak.
Anuntên sakathahipún íngkang wóntên ing pasamuan sami lênggah atåtå.
Prabu Krêsnåa tumêngåa, anuntên jawata sakawan tumêdhak, anåmå : Kanékaputrå, Janåkå, Råmå Parasu, Kanwå. Bisma akaliyan Drunå munjúk dhatêng Prabu Suyudånå, bilíh wóntên jawåtå têdhak. Suyudånå lajêng nyêmbah, déwå sakawan dipú atúri pinarak. Anuntên sami tåtå pinarak nunggíl pårå pinisêpúh. Wóndéníng pårå ratu nunggíl kaliyan sêsaminíng ratu, pårå satriyå nunggíl sami satriyå. Adangu kéndêl ingkang sami pinarakan.
Anuntên Prabu Krêsna ngandikå : ”Paman Dêståråtå, laku kula mriki niki múng nêdya ngatutaké sanak, êmpún nganti ontên kang sulåyå, prajogå pådhå rukúna; yèn ngantiå pådhå kêkêrêngan, abungah síng bótên dhêmên. Sabarang rèh kulå, putrå andikå yayi Prabu íng Ngamartå sasêntanané anút mawón.
Munggúh pagawéan sing kula lakóni niki, wít sakíng karsané yayi Prabu ing Ngamartå, anêdhå saparoné nagari ing Ngastinå.”
Dêståråtå amangsuli : ”Sampún kasinggihan pangandikanipún anak Prabu, sakalangkúng prajoginipún.”
Déwå sakawan anyambungi : ”Luwíh déníng patút rèhé Prabu Krêsnå, sakêcap bótên óntên síng luput, oléhé murih bêcik lan rakêté asêsanak.”
Bisma, Drunå angguyubi pangandikanipú déwå sakawan.
Namúg Prabu Suyudånå anyêtúng, ambasêngut, tumungkúl. Bótên angandikå sakêcap. Yåmåwidurå kaliyan Yuyutsuh anyambungi, såhå mrayogèkakên panantunipún Prabu Krêsnå, amuríh wilujêngíng sadayanipún. Ibunipún Prabu Suyudånå anåmå Déwi Gêndari, angandikå dhumatêng ingkang putrå sarwi amuwún : ”Prajogå turutên réhé anak Prabu ing Dwåråwati, åpå kang kókarêpaké luwíh såkå ing atut asêsanak?“
Prabu Suyudånå nolih dhatêng Sangkuni såhå dhatêng Drusåsånå, ambêkúh bótên ngandikå sakêcap. Karnå angèjêpi dhatêng Prabu Suyudånå kapuríh tindakå.
Prabu Suyudånå mundúr sakíng pasamuan, Sangkuni kaliyan Drusåsånå íngkang andhèrèkakên.
***
kresna-tiwikrama
Lajêng andhawahakên amêpak dêdamêl. Koråwå satú saprajuritipún sampún mirantós, miwah kapal, råtå, gajah. sampú pêpak. Íngkang anyénåpaténi Arjå Sindurêjå, punikå
íngkang minångkå andhêl andhêlíng pakèwêd. Lèr kidul wétan kilèn sampú jêjêl déníng baris. Dèwi Gêndari angutus Dêståråtå matúr dhatêng Prabu Suyudånå, ampún ngantós kagungan ambêk rodåparipakså, angèngètakên saruníng pratingkah anggènipún anilar tamu, Bótên dangu Radèn Sêtyaki dhatêng sakíng jawi, nyêmbah matúr dhatêng Prabu Krêsnå : ”Gústi, íng jawi jêjêl dêdamêl, badhé numpês panjênêngan dalêm. Pún Suyudånå saèstu awón manahipú. Koråwå kiwå têngên sampún mirantós sadêdamêlipún, sampún tåtå panggénanipún piyambak piyambak.
Prajurít íngkang malêbêt íng kadhatón inggíh sampún kathah. Prabu Krêsnå sarêng miyarsakakên aturipún Sêtyaki, sakalangkúng dukanipún. Têdhak sakíng pinarakan, tindak dumatêng íng palataran, lajêng triwikråmå. Sariranipún sakêcap dadós agêng sarêdi, sampún kadós bêthårå Kålå kalanipún nêpsu, Sariranipún mêdal latu, karósan isèn isènipún tiyang sajagat tuwín íng Surålåyå, punåpå malíh panguwasanipún pårå déwå sadåyå, ngalêmpak wóntên sariranipún Prabu Krêsnå. Sampún ical warniníng manungså, asipat dênåwå, jumangkah anggêro sêsumbar. Sanalika bumi gónjing, toyaníng sagantên umób, isèn isènipún sami susah angambang. Prabu Krêsnåa saèstu yén titisipún Batårå Wisnu, kadugi anguntal bumi anggilút rêdi, Sêkatahíng dêdamêl íng ngalam donyå katêkêm wóntên íng astanipún.
Koråwå satús sami mirís aningali, prajurit kêthèn sami kêkês, bótên wóntên sagêd wicantên, anggènipú nyêpêng dêdamêl sami anggrègèli. Druyudånå kaliyan Karnå mirís, anyiptå pêjah. Bismå, Drunå sami nangís, mêndhak mêndhak murugi Prabu Krêsnå, lajêng sami nyêmbah. Punåpå malíh jawåtå sakawan, sami angrêrêpå ngasíh asíh. Batårå Súrya énggal têdhak, íng ngawang awang kathah déwå katingal, sami andjawahakên sêkar.
Batara Súrya angrêrêpå, pangandikanipú dhatêng Prabu Krêsnå : ”Hèh, Prabu Krêsnå, åjå kotutugaké nêpsumu, yèn kowé sumêdyå numpês Koråwå, sabålå nagarané amêsthi lêbúr kabèh ora ånå síng kari. Anangíng jagat tólihên sartå wêlasånå. Kapindhoné élingå punaginé Si Wrêkodårå lan Si Drupadi. Déné síng dadi punaginé Si Drupadi, salawasé urip ora gêlêm gêlúng gêlúng, yèn ora uwís kramas gêtihé Koråwå satús ånå íng paprangan. Yèn kóbanjúrnå nêpsumu, ora kalakón punaginé.”
Sakathahíng Déwå sami nyêmbah dhatêng Prabu Krêsnå. Sang nåtå lajêng lilíh galihipún, ical íngkang dukå, sampún warni manungså malíh, lajêng wangsúl dhatêng pinarakanipún. Bismå kaliyan Drunå punåpå déné Rêsi Narådå sami ngrêrêpa. Prabu Krêsnå têdhak sakíng kadhatón tanpå pamit. Jawåtå sakawan sami sukå, tumut íng satindakipún. Sarêng dumugi íng jawi, déwa sami mantúk dhatêng kayjanganipún; Prabu Krêsnåa têdhak dhatêng panggénanipún Déwi Kunthi.
***
Sarêng sampún kapanggíh kaliyan Déwi Kunthi, Prabu Krêsnå dipún dangu sarwi amuwún : ”Kaprijé, anak Prabu, munggúh íng lakumu, åpå tå olèh gawé, lan kapriyé íng kadadéané?”
Prabu Krêsnå amangsuli : ”Pún Suyudånå lumúh atut ssanak. Bótên lilå nagari íng Ngastinå dipún têdhå sapalíh; kêdah lumampah karêbat íng pêrang.”
Déwi Kunthi mangsuli; pangandikanipún pêgat pêgat : ”Yèn kåyå mêngkono karêpé Si Suyudånå, åpå manêh síng dipikír, múng adhimu Si Judhistirå baé warahånå, åjå aninggal kautaman, murungaké karêpé angrêbút nagara kang dadi wajibé. Wóng mati íng paprangan amargå nggoné angrêbút nagarané, amêsthi olèh swargå. Pomå wêkasku, anak Prabu, purihên sidané amangú pêrang.”
Prabu Krêsnå matúr sandikå, nyêmbah pamit lajêng nitíh råtå kaliyan adipati Ngawånggå. Widurå sartå Sanjåyå, punåpå déné Yuyutsuh, sami andhérékakên. Sadangunipún lumampah, Prabu Krêsnå angrêmbagi dhatêng adipati Ngawånggå, yèn saèstu dadós pêrang, kapurih angilonånå Pandhåwå. Nangiíg Adipati Ngawånggå bótên purún, kêdah angilóni Koråwå, awít kålå rumiyín sampún apunagi, badhé angabên kadigdayan kalijan Dananjåyå.
Sarêng lampahing råtå sampún dumugi sajawiníng kithå, Adipati Ngawånggå pamít, têdhak sakíng råtå. Lajêng amanggihi ingkang ibu, Déwi Kunthi. Íngkang ibu andangu sarwi ambrêbês mili : ”Sakonduré kakangamu, anak Prabu Krêsnå, amêkas apa mênyang kowé ?“
Adipati Ngawånggå matúr : ”Kulå dipún puríh késahå saking nagari ngriki. Manawi saèstu dadós pêrang, kula dipún rêmbagi angilonånå Pandhåwå.”
Déwi Kunthi amanguli : ”Rêmbúg mêngkono iku luwíh déníng bêcik, prajogå koturút, dadi kowé kumpúl karo sadulur sadulurmu. Awít panggonan utamaning pati iku íng pêrang Bråtåyudå. Mati uríp bêcik kowé nunggal sadulurmu dhéwé.”
Dèwi Kunthi anggênipún ngatag íngkang putrå sarwi muwún. Adipati Ngawånggå matúr : ”Ibu, yèn satriyå linuwíh amêsthi ngêkahi wicantênipún íngkang sampún kawêdal. Anêmahånå sakít utawi pêjah, amêsthi bótên purún ngingkêdi. Punagi kulå sampún kawêdal, badhé angabên kadigdayan kaliyan pún Janåkå. Aliyå sakíng punikå, kula sampún kalindihan sihipún Prabu Druyudånå. Yèn kulå kirangå panarimå, dadós cacad agêng, kalêbêt satriyå urakan, bótên kéngíng dadós paupinipún pårå satriyå utawi pårå adipati.”
Dèwi Kunthi sangêt anggènipú amuwún, awít íngkang putrå bótên nurút wulangipún, kêkah íng karså badhé angibóni Koråwå. Adipati Ngawånggå nyêmbah, pamít, lajêng kundúr.




2. PANDHÅWÅ SARTÅ KORÅWÅ KANTI WADYÅBÅLÅ BIDHAL DHÅTÊNG TÊGAL KURU. PÊRANG BRÅTÅYUDÅ WIWÍT, SÉTÅ SASÊDÈRÈK TIWAS.
Lampahipún Prabu Krêsnå akaliyan Sêtyaki ngajêngakên dumugi ing nagari Wiråtå. Samargi margi sang nåtå angrêntahakên waspå. Anuntên balanipún Pandhåwå sami amêthúk rawuhipún Prabu Krêsnå. Sarêng sampún dumugi ing kadatón Wiråtå, pårå ratu sami ambagékakên sadåyå, sartå anungsúng pawartós, mênggah íng tindakipún dhatêng nagari íng Ngastinå.
Prabu Krêsnå amangsuli pangandikå : ”Koråwå ora kênå dipuríh bêciké. Kudu angajak pêrang. Ora awèh nagårå Ngastinå dijalúk saparo. Ånå déwa papat ambiyantóni íng lakuku, aran Kanwå, karo Narådå, têlu Janåkå, papat Råmå Parasu. Olèhé pådå nêmóni aku ånå íng Têgal Kuru. Iku pådå sumurúp wiwitan lan wêkasaníng rêmbúg, sartå pådhå angrujuki pirukúnku kang patút. Têkan ibuné si Druyudånå, åpå déné si Bísmå, Drunå lan Salyå, pådhå amrayogakaké pasrahé saparoníng nagårå, nangíng sakèhé rêmbúg bêcík ora didahar, malah sumêdyå angalani marang aku.”
Sakendêlipún Prabu Krêsnå ngandikå, pårå ratu sami ngungún amiyarsakakên pawartós. Prabu Darmaputrå, Wrêkodårå, Arjunå tuwín Nakulå, punåpå déné Sadéwå, inggíh makatên ugi. Wóndeníng Prabu Darmaputrå sasêdhèrèkipún kêkah íng karså, bade angéstókakên wêwêlingipún íngkang ibu Dèwi Kunthi, angrêbat nagari íngkang amargi sakíng pêrang. Pårå ratu tuwín pårå bupati íngkang sami ngrójóngi Pandhåwå, amrayógèkakên dadósíng pêrang. Putrå íng Wiråtå íngkang nåmå radèn Wrasångkå kaliyan radèn Utårå, punåpå malíh radèn Druståjumênå íng Cêmpålå, sami ambêk purún, amêmurún ngajak pêrang. Pårå bupati utawi pårå punggåwå sami kèlu sadåyå.
***
prabu-drupada
Enjingipún têngårå mungêl, kêndhang góng asauran, pårå ratu gumêrah sami anåtå barís. Sarêng sampún sami rakít sadåyå, lajêng bidal sakíng nagari íng Wiråtå. Kathahing bålå tanpå wicalan. Panganggenipún gumêbyar, kadós cahyanipún srêngéngé sawêg malêtèk, bade amadhangi jagat. Sakíng kathahíng prajurít, kadós sagantên ambalabari wånå sartå rêdi rêdi. Sakathahíng margi jêjêl deníng prajurít. Íngkang panganggénipún abrít agólóng sami abrít, íngkang jêné sami jêné, ijêm sami ijêm, cêmêng sami cêmêng, biru sami biru, wungu sami wungu, pêthak sami pêthak, bótên wóntên íngkang kasêlanan sanésipún. Swaraníng bålå kadós galudhúg, Gêbyaríng rêrêngganíng lêlayu, kadós urubíng rêdi sèwu sarêng kabêsmi.
Sang hyang Endrå anjawahakên wêwangi. Sakatahíng déwå íng Kaéndran sami angêstrèni íngkang sami anglurúg : Pandåwå unggulå íng pêrangipun angsalå nagari íng Ngastinå.
***
Íngkang anindhihi cucukíng barís radén Wrêkodårå. Lampahipún dharat kémawón sartå amandhi gådå. Awít salaminipún gêsang bótên karså nitíh kapal, råtå utawi gajah.
Sanajan tindakå mêdal sagantên, ngambah jurang, rêdi utawi lèpèn. inggíh dharat kémawón. Samargi margi tansah asêsumbar kémawón. Lampahíng barisipún kadós angébahnå bumi. Isèn isèníng wånå íngkang kambah sami mawúr.
Satêlasíng barisipún radèn Wrêkodårå, kasambêtan íng barisipún radên Dananjåyå, anitíh råtå karênggå íng sêsotyå, murub kadós rêdi kabêsmi. Panganggèníng prajuritipún patíng galêbyar, kadós anggêsêngnå nagari íng Ngastinå saratunipún. Gêndéranipún kumêlab, aciri kêtêk mangap. Sakêdhap íng ngawang awang pêtêng déníng mêndhúng, galudug gumlêgêr. kilat amradini íng ngawang awang, kadós andalajati manawi badhé unggúl íng pêrang.
Radén Nakulå akaliyan radèn Sadéwå anyambêti barisipún radén Dananjåyå, sami anitíh råtå karênggå íng sêsotyå wungu. Kadós batårå Kamajåyå kêmbar, badhé têdak dhatêng kadatón íng Ngastinå, aningali Koråwå kadós aningali kênyå.
Íng wingkíng kasambêtan barisipún putrå íng Wiråtå têtigå. Íng wingkíng kasambêtan barisipún radén Drusajumênå. putrå íng Cêmpålå. Anuntên kasundulan íng barisipún íngkang råmå Prabu Drupådå. Sang nåtå anitíh gajah, dipún garêbêg íng pårå mantri sartå pårå punggåwå. Barisipún tanpå wicalan. Íng wingkingipún, Dèwi Drupadi, anitíh råtå, asóngsóng mas sarwi anguré rémå, Kanginan kadós angawé awé, angénggalakên banjír. Ésanipún kadós sang Dèwi karså jamas rahíng Koråwå tumuntên, sasampuníng jamas lajêng karså ukêl. Sawingkingipún déwi Drupadi, déwi Srikandi íngkang anyambêti. Anitíh råtå karênggå íng sêsotyå. Anuntên Prabu Darmaputrå anitíh gajah, asóngsóng jêné, dipún garêbêg íng abdi kathah, sarwi amangku sêrat Kalimåsådå. Saéstu yèn ratu utåmå. Sêmunipún sagêd amungkasi pêrang. Wóndéníng sêrat íngkang dipún pangku wau, minångkå panglêburaníng mêngsah. Sawingkingipún Prabu Darmaputrå, kasambêtan íng barisipún Prabu Krêsnå, gêndéranipún sami pêthak, aciri puthút sêmadi, Sang nåtå anitíh råtå karêngga íng sêsotyå, asóngsóng pêthak karêngga íng maník, kumilat angênguwúng isanipún amèngêti: ”Hèh, dêlêngên, iyå iki pamugarining pêrang.”
Tindakipún Prabu Krêsnå kadós andhèrèkakên pangantèn. Íngkang minångkå panganténipún kakúng Prabu Darmaputrå, íngkang minångkå putri utawi pangantén èstri nagari íng Ngastinå; sabibaríng damêl, nagari katampèn dhatêng Prabu Darmaputrå. Wondéníng pårå ratu sêsuruhan, íngkang sami rumójóng íng pêrang, upaminipún íngkang sami nyumbang dhatêng Prabu Krêsna, íngkang kagungan damêl. Inggíh namúng punikå íngkang dipún pundi pundi sartå dipún éstókakên pitêdhahipún. Sintên sintênå íngkang anut pitêdhahipún Prabu Krêsnå, anglampahi pêjah wóntên íng pêrang Baråtåyudå, amêsti manggíh swargå, lêpat sakatahíng síkså wóntên íng jaman kailangan. Milå pårå ratu sêngkut anglampahi pitêdhahipún Prabu Krêsnå, sukå lilå amanggíh pêjah, awít swargå kaliyan naråkå sampún prasasat kaastå dhatêng Prabu Krêsnå.
Radèn Wrêsniwirå íngkang nyambêti barís ing Dwarawati, såhå minångkå têtindhihipún pårå adipati. Prajuritipún tanpå wicalan angêbêki margi, swaraníng bålå kadós angébahnå bumi, angocaknå sagantên. Íngkang anyambêti barisipún radén Wrêsnåwirå, putranipún radèn Dananjåyå, íngkang nåmå Abimanyu, anitíh råtå mas, asóngsóng laríng mêrak, sarwi amangku cåkrå. Panganggèníng prajuritipún kadós sêkar anggulasah. Íng wingkíng íngkang nyambêti radén Påncåwålå, putranipún Prabu Darmaputrå. Anitíh råtå karênggå íng sêsotyå, dipún gómbyóngi
íng lar mêrak. Sóngsóngipún anglaríng kombang. Panganggèníng prajuritipún murúb, Gêndéranipún sami ijêm sadåyå.
***
Bótên têlas-têlas bilíh kacariyósnå sadåyå langêníng barís íngkang lêlampah. Íng mangké kacugag kémawón. Barís íng ngajêng sampún dumugi íng Têgal Kuru. Tiningalan kadós toyå ambêlabar, Pårå ratu, pårå dipati andalêdêg dhatêngipún, bótên pêdhót pêdhót. Lajêng sami adamêl pasanggrahan íng apangkatipún piyambak piyambak.
Anuntên Dèwi Kunthi dipún utusi rawúh ing Têgal Kuru. Kadèrèkakên íng Yåmåwidurå. Sarêng kapanggíh kaliyan Pandhåwå, lajêng sami muwún. Sakèndêlipún muwún, sami sukå sukå. Tangèh yèn kacariyósnå sadåyå anggènipún sami sukå sukå. Yåmåwidurå íngkang andhèrèkakên déwi Kunthi, wangsúl dhatêng ing Ngastinå malíh, Déwi Kunthi kantún wóntên ing Têgal Kuru. Pasanggrahanipún Pandhåwå sampún kados kadhaton. Pasanggrahanipún Prabu Krêsnå inggih dipún rakit kados kadhaton. Yudhisirå, Wrêkodårå, Arjunå, Nakulå, Sadéwå, sami wontên ing pasanggrahanipún Prabu Krêsnå. Pårå ratu sêsuruhan inggih sami pêpak wontên ing ngriku, sami arêmbagan sartå anyuwún dawúh dhatêng Prabu Krêsnå.
Yudistirå matúr ing Prabu Krêsnå : ”Kakang Prabu, kulå sumånggå ing sampéyan, sintên ingkang sampéyan karsakakên
dados pangajênging pêrang.”
Wrêkodårå såhå Dananjåyå inggih makatên ugi aturipún dhatêng Prabu Krêsnå. Wangsulanipún sang nåtå : ”Yayi Prabu ing Ngamartå, ingkang kula pilih dados pangiriding pêrang pún Sétå.”
Sadåyå sami angguyubi. Anuntên radèn Wrêsniwirå dipún sèrêpakên dhatêng Prabu Krêsnå, mênggah gêlaripún bilih amêdali pêrang.
***
resi-bisma
Prabu Suyudånå sarêng midhangêt wartos yèn mêngsah sampún masanggrahan wontên ing Têgal Kuru, lajêng andhawah paréntah amêpak balanipún. Anuntên Yåmåwidurå munjuk dhatêng sang nåtå, yén pårå ratu ingkang ambiyantoni Pandhåwå sampún sami ngalêmpak wontên ing Têgal Kuru. Botên antawis lami bålå ing Ngastinå sampún mirantos. Bidal saking kitå. Balanipún pårå ratu såhå pårå dipati tanpå wicalan. Lampahipún kados umobing toyå sagantên, ambalèbèr dhatêng dharat.
Wondéning pårå ratu ingkang angrojongi Prabu Suyudånå inggih kathah; anuntên sami ngadêgakên pasanggrahan piyambak piyambak, sami dipún rakit kados kadhaton. Bismå ingkang kapilih dados sénapatining prang.
***
Botên kacariyos laminé anggènipún anåtå bålå. Pandhåwå såhå
Koråwå sarêng sampún rakit sadåyå, énjíng sami nabúh têngårå, kêndhang, gong akaliyan bèri, bodol saking pasanggrahan.
Surakipún gumêrah kados ambêdhahnå langit. Swaraning gong utawi têtabuhan sanêsipún ngantos botên kamirêngan. Barisipún Pandhåwå andêndêng wontên kilèn majêng mangétan.
Barisipún Koråwå andhêndhêng majêng mangilèn. Íngkang kidul anótóg rêdi, íngkang lèr anótóg sagantên. Kandêlíng barís sapaningal, éwadèntên íngkang datêng taksíh anggili.
Gêlaripún sénåpati Bismå Wukír jaladri, íngkang minångkå karang sakathahíng råtå sartå gajah, íngkang minångkå alún pårå ratu, sakathahíng bålå alít alít íngkang minångkå toyå.
Gêlaripún sénåpati aryå Sétå anåmå Bråjåtíksnå lungíd. Íngkang wóntên íng ngajêng Radèn Wrêkodårå, radén Dananjåyå sartå déwi Srikandhi, sami sabalanipún. Drustajumênå såhå Sêtyaki sabalanipún sami wóntên íng sakiwanipún. nangíng ragi kawingkíng cakêt kaliyan panggénanipún sénåpati aryå Sétå, Prabu Darmaputrå kaliyan Prabu Dwarawati sami wóntên íng têngah, nunggíl pårå ratu såhå pårå dipati.
Radèn Dananjåyå ngêrês manahipún aningali déné mêngsah sami kadang tuwin gurunipún. Lajêng matur dhatêng Prabu Krêsnå : “Sang Prabu, manawi kéngíng mugi panjênêngan sandékakên pêrang Bråtåyudå, kawulå bótên tahan aningali déné mêngsah sami kadang såhå guru.”
Sang nåtå amangsuli pangandikå : ,”Karsaning déwå ora kênå wurúng pêrang Bråtåyudå. Kapindhoné, yén satriyå mati íng pêrang, anêmu pati utåmå lan munggah swargå. Lan maningé, kakangirå yayi Prabu Yudhistirå kudu angluwari punaginé. Åpå tå sirå ora sumêdyå anglabuhi kadang tuwå ? Munggúh síng bakal mapagaké pêrangé gurunirå wís ånå, ora susah sirå ngawaki déwé, mångså kurangå mungsuhirå. Déné yén sirå amranggúli gurunirå ånå íng paprangan, ora kênå sirå oncati, kudu lumaku tinadahan, Múng sirå nyêmbahå baé dhisík!“
***
Sarêng Prabu Krêsnå sampún anyêrêpakên dhatêng radén Dananjåyå, bilíh pêrang Bråtåyúdå bótên kéngíng kasandékakên, lajêng sami wiwít pêrang. Surakíng bålå gumêrah, ungêlíng têtabuhan amór kaliyan garêdêgíng gajah, kêpyakíng råtå, karapyakíng kapal, kadós rêdi jugrúg, swaranipún angêbêki bumi. Pangamukíng bålå riwút, sampún kathah íngkang pêjah. Pårå ratu, satriyå sartå pårå adipati inggíh sampún katah íngkang pêjah. Råtå íngkang sampún rêmúk sadåså, gajah íngkang sampún pêjah sadåså, asarêng kaliyan ratu ingkang nitihi, Raméníng pêrang, késrêkíng dêdamêl kadós mêdalå gêlap. Gumêrah sambatipún íngkang sami tatu. Pêsatíng jêmparíng kadós jawah. Prajurít kêkapalan íngkang sampún pêjah atusan. Para gêgêdhúg nitíh råtå íngkang pêjah sèwu. Wóndéníng katahíng prajurít íngkang numpak gajah salêkså, íngkang numpak råtå salêkså, íngkang numpak kapal sayutå, íngkang dharat kawan yutå. Panêmpuhipún prajurít anggonjíngakên bumi.
Anggènipún pêrang sampún satêngah dintên. Íngkang sampún pêjah satriyå kêkalíh, sami putrå íng Wirata; satunggíl nåmå Radèn Wirasångkå, pêjah déníng Drunå ; kalíh Radén Utårå, pêjah déníng Prabu Salyå. Andêl andêlíng Koråwå kathah íngkang pêjah.
***
raden-seta
Radén Sétå nêpsu sangêt, awít sakíng pêjahipún íngkang rayi kêkalíh, íngkang nåmå Wirasångkå kaliyan radén Utårå wau.
Lajêng ngangsêg sabalanipún; agalak kadós simå badhé mêmångså; utawi kadós danåwå rêbatan dagíng; asarêng panêmpúhíng bålå. Radèn Sétå amêntang langkap anglêpasakên jêmparíng. Íngkang kawawas Prabu íng Mandaråkå; nangíng lêpat; namúng råtå sakusír pangajapipún íngkang kéngíng; rêmúk amór kaliyan siti.
Kartåmarmå amêthukakên badhé angadhangi pangamukipún radén Sétå, lajêng kadhawahan jêmparíng, dhawah sakíng råtå, ratanipún rêmúk. Bålå Koråwå gègèr, sumêrêp pangamukipún radén Sétå. Sakíng katahipún angsal pêpêjah, adamêl girisíng mêngsah.
Anuntên Bísmå kaliyan Drunå sabalanipún anulungi. Jåyåsénå angundhå gada, tiningalan angajrihi. Radèn Rukmåråtå anulungi íngkang råmå Prabu íng Mandaråkå, nitíh råtå mêthukakên pangamukipún radén Sétå. Lajêng dipún lêpasi jêmparíng déníng radén Sétå, kéngíng jajanipún, dhawah gumulíng pêjah wóntên salêbêtíng råtå. Bålå íng Wiråtå íngkang dipún sénapaténi Radèn Sétå asarêng pangangsêgipún, tandangipún kadós banthèng kêtatón. Pårå ratu, pårå adipati katrajang kathah íngkang tumpês. Bålå íng Ngastinå girís, sami bibar mawúr, kadós kidang aningali simå. Saking mirisipún, bålå íng Ngastinå palajêngipún bótên kéngíng dipún andhêg dhatêng pangagêngipún, malah sangsåyå sangêt. Awít radén Gatutkåcå, Drustajumênå sartå radèn Ångkåwijåyå, sami dhatêng ambiyantoni radèn Sétå, sarêngan sami anêmpuh bålå ing Ngastinå. Anuntên Sénåpåti Bismå ngamúk, pårå andêl andêling Koråwå sami tumút, ajêng ajêngan kaliyan radèn Sétå, dados tanding sami sénåpåti. Radèn Sétå dipún lêpasi jêmparing dhatêng Bismå, wêdalipún ambrubúl angêbêki awang awang ; andhawahi radèn Sétå, sariranipún murúb nanging botên tumåmå. Radèn Wrêkdårå kaliyan radèn Dananjåyå anulungi dhatêng radèn Sétå, sami anglêpasakên jêmparing, ambrubul kados jawah, ingkang dipún angkah sénåpati Bismå. Anuntên Suyudånå anulungi datêng Bismå, kénging ing jêmparing jajanipún, botên pasah, nanging karaos sakit. Lajêng mundúr anêkêm jåjå, girís botên sagêd ngandikå. Pårå Koråwå angrubúng sartå andhènékakên kondúripún, sang nåtå.
Sénåpati Bismå sarêng aningali bålå ing Ngastinå gusis, amargi dipún amuk dhatêng radèn Sétå, sakalangkúng nêpsunipún.
Ngadêg wontên ing natanipún anglêpasakên jêmparing, ambrubul wêdalipún, andhawahi radên Sétå, Radèn Sétå lajêng mênthang langkap. Bismå ingkang dipún angkah, kénging baunipún, botên pasah, malah jêmparingipún tugêl. Radên Sétå, sénåpatining Pandhåwå, sangêt nêpsunipún, aningali tugêling jêmparing, Bismå botên pasah. Énggal mêdhún saking råtå, anyandak gådå, lumumpat dumugi panggénanipún
Bismå. Bismå dipún gådå angoncati, malumpat saking råtå, dados namúng ratanipún ingkang kénging, rêmúk sakusir kapalipún. Sétå sangsåyå nêpsu, manêngah angobat abitakên gådå. Pårå ratu ingkang sami nitih råtå utawi ingkang nitih gajah, kababit ing gådå sami rêmúk sarêng kaliyan kusir kapal sartå gajahipún. Ratu gangsal ingkang pêjah rêmúk kaliyan ratanipún. Ingkang ajúr kaliyan gajahipún inggih gangsal.
Wondéning pårå adipati ingkang pêjah kathah. Sétå saèstu yên sêkti tanpå tandhing; Bålå ing Ngastinå mawúr, giris aningali pratingkahing pangamukipún Sétå, kados upaminipún danåwå sèwu sarêngan angangkah daging, gadanipún angêbat êbati sartå anggilani. Bismå giris aningali Sétå wuru ing pangamukipún. Lajêng mundúr saking paprangan.
***
raden-setyaki
Anuntên déwå anyuwårå sakíng ngawang awang : “Hèh, Bísmå, åpå mulané sirå mundúr såkå íng paprangan?” Wruhanamu, patiné putrå íng Wiråtå iyå déníng sirå Bísmå mirêng swaraníng déwå, 1ajêng wangsúl, sarwi amênthang jêmparíng latu, lumêpas kéngíng jajanipún Séta butul, lajêng pêjah. Bålå íng Ngastinå surak gumêrah, íngkang sampún sami lumajêng wangsúl sadåyå, giyak giyak sami anjogèd. Aryå Dursåsånå akiprah kiprah, aryå Sindurêjå anggêndhíng, Jayasusénå, Jåyåwikåtå, Srutåyudå, Jutåyuni, Sudirgå, Sudirå, Rékådurjåyå, Wíryå sartå Kartåmarmå sami surak surak. Wóndéníng bålå Pandåwå sami prihatós kêkês, awít sénapatinipún pêjah. Gumrudug sakíng wingkíng sami datêng ngajêng.
Sang Prabu Maswapati íng Wiråtå, sarêng dipun pratélani yèn íngkang putrå tigå pêjah, lajêng tandang kaliyan aryå Nírbitå. Bísmå dipún jêmparíng, ambrubul wêdalipún. Bismå inggíh nglêpasakên jêmparíng. Dadós têmpúh jêmparíng sami jêmparíng. Pandhåwå sami nêpsu, sarêngan tumandang, ngamúk sami angêbyuki, ciptaníng manah sukå lilå sarêngå sírnå kaliyan Prabu Maswapati, Bålå Pandåwå gumrubyug arêbat rumiyín, anêmpúh bålå Korawa mawúr sami mirís. Anuntên kasaru sêrapipún íng srêngéngé, kadós anyapíh íngkang sami sayah íng pêrang, ésanipún kadós améngêti, kapuríh sami asoå rumiyín, bénjíng énjíng pêrangå malíh.
***
Íngkang sami pêrang mundúr dhatêng pasanggrahanipún piyambak piyambak, sarta sami sangêt íng sayahipún Sang Prabu Maswapati sawêg amuwuni pêjahíng putrå têtigå. Jisimipún sampún pinanggíh sadåyå, dipún bêrsihi sartå dipún saèni. Sang nåtå akaliyan íngkang garwa sakalangkúng sêkêlíng galíh, déné íngkang putrå taksíh sami aném aném sartå bagús bagús, pêjah. Galihipún sang nåtå kaliyan íngkang garwå kadós rinujít, kapårå tigå. Praméswari angrangkúl layóníng putrå agêntós gêntós. Sêsambatipún amêmêlas : “Adúh anakku, déné têkå mati têlu pisan. Såpå síng bakal anggêntèni jumênêng ratu íng nagårå Wiråtå. Lah tangiå, ênggèr sapanên ibumu têkå. Åpå mulané kowé pådå mênêng baé? Déné têkå barêng patimu.
Mbók iyå kariå siji, ani kang dadi panglipuríng prihatin. Dhúh anakku, Sétå, Utårå, Wirasångkå, mung kowé síng dadi marganíng rêdatin. Ya, déwå, banjutên aku!“
Kèndêl kacariyós pamuwunipún praméswårå íng Wiråtå.
Anuntên Pandhuputrå sami dhlatêng, ambêktå panganggé, angurmati dumatêng íngkang sami pêjah. Layón rinubúng sartå dipún muwuni. Sasampúníng linuruban, lajêng kainggahakên dhatêng pancåkå. Dalu sasirêpíng tiyang pinuju padhang rêmbulan dipún bêsmi, mawi dipún jênêngi ing pårå ratu sartå íng pårå Pandhåwå sadåyå. Prabu Krêsna amêmujèkakên mugi sami amanggihå swargå, anêtêpånå íngkang sampún dadós jangji, ganjaranipún dhatêng íngkang sami pêjah íng pêrang Bråtåyudå. Awunipún kapusús minggah dhatêng Surålåyå.
***




3. BÍSMÅ PÊJAH DÉNÍNG SRIKANDHI.

Sabibaríng pakurmatan pambêsminíng layónipún putrå íng Wiråtå têtigå, Prabu Maswapati kalíh pårå ratu íngkang anjênêngi wau sami kundúr dhatêng pasanggrahan; apirêmbagan kaliyan Prabu Krêsnå, mênggah íngkang badhé kakarsakakên dadós sénåpati lintunipún íngkang sampún pêjah. Wóndéníng íngkang kapilíh dhatêng Prabu Krêsna : Drusajumênå, punikå dadóså lintuning sénåpati, sartå asalinå gêlar Garuda nglayang. Pårå ratu, pårå adipati sartå pårå mantri sapangandhap sami angguyubi karsanipún Prabu Krêsnå. Anuntên radén Drusajumêna dipún pujå sartå dipún kutugi.
Sasampuné ngangkat sénapati, bótên antawís dangu byar. Lajêng angungêlakên têngårå. Sakathahíng prajuritipún Pandåwå sami dandós, bidhal dhatêng íng Têgal Kuru. Makatên malíh bålå Koråwå, bidhal dhatêng Têgal Kuru. Anuntên Pandhåwå masang gêlar Garudhå nglayang. Íngkang minångkå cucukipún radén Dananjåyå; íngkang minångkå sirah Prabu Drupådå. Prabu Krêsna nunggíl saråtå kaliyan radèn Dananjåyå Sénapati Drustajumêna wóntên panjawat. Íngkang kaprênahakên wóntên íng panjawat kiwa radèn Wrêkodårå. Radén Sêtyaki minångkå buntut. Íngkang wóntên íng gitók pårå ratu, angubêngi rumêkså Prabu Yudístirå.
***

raden-setyakiKoråwå sumêrêp bilíh Pandåwå salín gêlar Garuda nglayang,
lajêng dipún tiru. Íngkang minångkå cucúk ratu Mandaråkå. Aryå Sêngkuni minångkå sirah. Sénåpati Bismå wóntên íng panjawat kiwå. Drunå angênggèni panjawat têngên.
Drusåsånå minångkå buntút. Pårå ratu kalíh pårå adipati wóntên íng githók, arumêkså Prabu Druyudånå. Déwåbråtå angangsêgakên bålå, lajêng anglêpasakên jêmparíng sumêdyå angrisak gêlaríng Pandhåwå. Wêdalíng jêmparíng ambrubul.
Anuntên radén Dananjåyå anglêpasakên jêmparíng panulak. Radèn Wrêkodårå sangêt nêpsunipún. Majêng amandhi gådå. Pangamukipún anggêgilani. Bålå Korawa pintên pintên íngkang pêjah dipún gådå, bótên wóntên íngkang kuwawi anadhahi. Radén Wrêkodårå nyèlèhakên gådå nyandhak jêmparíng anåmå Bargawastrå. Atusan íngkang pêjah déníng Bargawastrå. Radén Sêtyaki ambiyantóni, bålå ing Ngastinå kathah íngkang risak. Karnå, Karpå. Salyå, Drusåsånå, Sindurêjå, sami ngungsi dhatêng panjawat íngkang dipún ênggèni Bismå såhå Drunå.
***
Prabu Krêsnå angatag kusiripún angrikatakên ajêngíng råtå, badhé rumêkså pêrangipún Partå. íngkang sangêt nêpsunipún. Sawêg anglêpasakên jêmparíng dibyå, wêdalipún ambrubul, Bísmå anglêpasakên jêmparíng panulak, lajêng têmpúh jêmparíng sami jêmparíng wóntên íng awang awang.
Bísmå ngatag dhatêng Drunå kapuríh sumingkirå, awít badhé mêdalakên kasêktènipún. Lajêng anglêpasakên jêmparíng mawi dipún mantrani, amradini angêbêki íng awang awang, andhawahi mêngsah adamêl girisíng manah. Anuntên pårå Koråwå sêsarêngan majêng anêmpúh mêngsah. Karpå, Sêngkuni, Karnå, Prabu Salyå, sami surak sabalanipún.
Radén Dananjåyå énggal anglêpasakên jêmparíng panulak, nangíng bótên mikantuki. Akathah íngkang pêjah déníng jêmparíngipún Bísmå, wêdalíng jêmparíng kadós jawah sakíng langít.
Koråwå sami suka aningali, majêng sarêng angêbjuki. Bålå Pandåwå panggah, nangíng kathah íngkang pêjah. Wóndéníng íngkang kalêbêt íng pêpêjah, kajawi sakíng pårå ratu kalíh pårå adipati, putranipún radén Dananjåyå kêkalíh, anåmå bambang Irawan kaliyan Déwi Palupi. Radèn Dananjåyå sakalangkúng prihatós, kéndêl anggènipún anjêmparíng, pijêr muwún kémawon.
***
bambang-irawan
Prabu Krêsna sarêng aningali radén Dananjaya muwún, lajêng têdhak sakíng råtå, amêntang cåkrå, Bísmå íngkang dipún wawas. Bísmå sumêrêp yèn badhé dipún dhawahi cåkrå, énggal mêdhún sakíng råtå, mêndhak mêndhak amurugi Prabu Krêsnå.
Aturipún : ”Adhúh, gusti, bêgjå sangêt badan kulå yèn ngantós kadawahan cåkrå sampéyan. Awít punikå íngkang badhhé angatêrakên pêjah kula dhumatêng íng Surålåyå.”
Arjunå aningali yèn Prabu Krêsnå mênthang cåkrå, badhé kadhawahakên datêng Bísma, énggal marêpêki sang nåtå, nyêmbah lajêng anyandhak astanipún, angrêrêpå kapuríh anyandèknå karsanipún. Prabu Krêsnå bótên siyós anggènipún anglêpasakên cåkrå, lajêng minggah dhatêng råtå kaliyan radén Dananjåyå. Anuntên sang nåtå dhawúh dhatêng radén Dananjåyå angawé dèwi Srikandhi. Sadhatêngipún sang dèwi, dipún dhawúi dhatêng Prabu Krêsnå, anglêpasnå jêmparíng, Bísmå íngkang dipún angkah.
Bísmå bótên sakécå manahipún aningali Srikandhi dhatêng, angawé dhatêng Prabu Yudhistirå, badhé dipún suwuni gêsang.
Prabu Yudistirå api api bótên sumêrêp, tansah tumungkúl kémawón. Déwi Srikandi dipún dhawuhi nunggíl saråtå kaliyan íngkang råkå radén Dananjåyå. Lajêng anglêpasakên jêmparíng kêngíng jajanipún Bismå, nangíng bótên pasah. Partå anusuli jêmparíng, kéngíng gandaríng jêmparíngipún dèwi Srikandi, anancêb ing jajanipún Bísmå. Bísmå dhawah sakíng råtå, gumulíng íng siti lajêng pêjah.
***
dewi-srikandhi
Bålå Pandåwå suka surak gumêrah. Anuntên pårå jawåtå
íng ngawang awang sami anjawahakên sêkar. Barisipún Koråwå sami mirís bibar, bótên wóntên íngkang purún ambélani sénapatinipún. Radén Wrêkodårå, Radèn Gatutkåcå, sartå radén Drusåjumênå sami anglêpasakên jêmparíng, andhawahi pårå ratu sartå pårå adipati kathah íngkang pêjah.
Anuntên Prabu Yudhistirå angawé prajuritipún, kapuríhsami anyèlèhnå dêdamêlipún. Sang nåtå lajêng anyungkêmi sukunipún Bísmå íngkang kêtatón. Prabu Suyudånå, Arjunå, Nakulå sartå Sadéwå, inggíh sami anyungkêmi sukunipún Bísmå, sartå sami sangêt íng pamuwunipún. Sakathahíng Koråwå inggíh sami nangís, nangíng angandhút kuwatós, awít Radèn Wrêkodårå taksíh ngamúk kaliyan gadanipún. Sakathahíng pårå adipati utawi bålå alít sampún sami nyèlèhakên dêdamêl, angrubúng Bísmå. Prabu Yudhístirå angawé Radèn Wrêkodårå, kapuríh anyèlèhnå dêdamêlipún. Nangíng bótên purún. Amilalah nêbíh ngadêg kémawón sartå amandhi gådå Prabu Suyudånå andhawahakên paréntah, bêdami íng sadintên punikå, arukunå sampún ngantós wóntên íngkang anyidrani.
Déwåbråta sakêdhap èngêt lajêng anêdhå toyå. Prabu Suyudånå anulungi, nangíng ngantós dangu bótên kaombé. Wóndéníng íngkang dipún têdhå toyå sêsawananíng jêmparíngipún Radèn Dananjåyå. Prabu Yudhístirå adhawah dhatêng radén Janåkå, anyaósånå toyå têturuhaníng jêmparíngipún. Radèn Janåkå anyandikani. Sarêng toyå kacaósakên sartå kaombé, Bísmå lajêng pêjah.
Pårå ratu sami angurmati pêjahipún sénåpati Bísmå. Jisím dipún anggèn anggêni badhé kabêsmi, Sarêng sêrap srêngéngé, kagêntósan padangíng rêmbulan, jisím lajêng kabêsmi, awunipún minggah dhatêng íng Surålåyå. Íng sadalu punikå Pandåwå kaliyan Koråwå sami kèndêl kémawón, bótên wóntên íngkang salah damêl, wóntên íng pasanggrahanipún piyambak piyambak.
***



4. ÅNGKÅWIJÅYÅ PÊJAH DIPÚN KRUBUT KORÅWÅ.
Íngkang pinanggíh rêmbagipún pårå Koråwå, Drunå kadamêl sénapati. Sadalu punika kithå íng Ngastinå jawah dêrês, rah mili dhatêng pasanggrahan. Pårå ratu pårå adipati tuwín pårå satriyå sami sukå bingah, awít punikå pratåndå badhé unggúl pêrangipún. Sadalu Koråwå bótên tilêm. Énjíngipún bódól. Drunå íngkang nyénåpatèni, gumêrah swaraníng gångså, amór surakíng bålå kadós swaraníng galudhúg. Lampahíng bålå dumugi íng Têgal Kuru lajêng sami mírantós. Pandåwå dèrèng salín gêlaripún, taksíh Garudå nglayang.
Korawa gêlaripún Gajahmêta. Suyudånå wóntên íng githók akanti aryå Sindurêjå kaliyan adipati Ngawånggå. Koråwå satús íngkang minångkå gadhíng, dadós sèkêt sisíh. Kajawi balanipun, íngkang minångkå têlalé Prabu Bågådênta, anitíh gajah sarwi mandi gådå. Sénåpati Drunå íngkang minångkå sirah. Sarêng majêng badhé tanglêt, cíptaníng manah bótên sumêdyå mundúr.
***
Pangangsêgipún bålå Pandhåwå såhå bålå Koråwå kadós sagantên kêkalíh pêthúk pêthúkan, gumêrah swaraníng góng sartå bèri, surakíng bålå kadós ampuhan, amór swaraníng gêlap. kadós ambêngkah langít. Pandhåwå lajêng angêbyuki gêlaripún sénapati Drunå, Radén Dananjåyå anglêpasakên jêmparíng, wêdalipún ambrubul, andawahi bålå Koråwå. Radèn Wrêkodårå inggíh anglêpasakên jêmparíng, pintên pintên Koråwå íngkang pêjah kadhawahan jêmparíng. Radén Wrêkodårå lajêng angamúk kaliyan gådå, katah bupati íngkang pêjah kagådå. Gêlar Gajahmêta risak, gantingíng gêlar gusís, íngkang wóntên íng sirah busêkan. Prabu Bågådêntå íngkang minångkå talaléníng gêlar anilar sénåpati, majêng amandhi gådå. Karnå akaliyan Jåyådråtå kantún. Prabu Bågådêntå wau anglangkungi sêktinipún, gajahipún katujahakên kapalíng ratanipún radén Janåkå, lajêng anyawatakên gådå, Radên Janåkå íngkang dipún angkah, kéngíng jajanipún, dhawah kalêmpêr gumulíng wóntên íng råtå. Prabu Krêsna énggal anulungi, radén Janåkå dipún usap íng sêkar Wijåyåkusumå, lajêng êngêt anyandak langkap, anglêpasakên jêmparíng, kéngíng Prabu Bågådêntå sasrati gajahipún, sarêng pêjah tigå pisan. Anuntên Pandhåwå sapunggåwå satriyanipún sami ngêbyuki, Wrêkodårå ngamúk kaliyan gadanipún. Barisíng Koråwå bibar sadåyå. Sarêng dalu íngkang pêrang sami mundúr dhatêng pasanggrahanipún piyambak piyambak. Koråwå sadalu sami sêdhíh.
***
prabu-gardapati
Énjíng têngårå mungêl, amór kaliyan ungêlíng têtabuhan sanêsipún. Prabu Suyudånå abusånå, ngagêm makuthå murúb déníng sêsotyå. Wêdalipún sakíng kithå kadhèrèkakên íng pårå adipati. Swaraníng bålå kadós rêdi jugrúg, sadåyå sampún sami rumantós, angajêng ajêng dhatêngíng mêngsah.
Drunå matúr dhatêng Prabu Suyudånå : “Bilíh anak Prabu karså ngénggalakên tumpêsipún Pandhåwå, pún Janåkå kapuríh sagêdå pisah kaliyan pún Wrêkodårå, laminé sadintên kémawón. Manawi sadèrèk kêkalíh punikå bótên kapisahakên, Pandåwå bótên sagêd risak tuwín bótên sagêd pêjah.”
Prabu Gardapati sumambúng : “Bilíh mêkatên kulå íngkang badhé nyumbari pún Janåkå, supadós sampún sagêd nunggíl kaliyan barís agêng.”
Pinanggihíng rêmbag, Sangkuni kaliyan Wrêsåyå íngkang badhé nyumbari Radèn Wrêkodårå. Anuntên barís bódól, andalêdêg lampahipún. Gêlaripún bótên éwah kadós wingi, taksíh Garudhå anglayang .
Pangangsêgipún barisíng Pandåwå kaliyan barisíng Koråwå kadós sagantên kêkalíh apêthukan. Prabu Gardapati nitíh gajah mangidúl, amurugi radén Dananjåyå. Sêsumbaripún : “Hêh, Dananjåyå, yèn kowé prajurít têmênan, amêsti nglêgani karêpíng mungsúh. Ayo pådhå pêrang ånå pinggiríng gunúng kånå, ora ånå kang ngéwuh éwuhi, tutug íng sakarêp karêp. Yèn kowé ora anuruti, amêsti dudu prajurít têmênan. Aku ratu íng Kapitu, jênêngku Gardapati, kang wís misuwúr íng kawantêrané.”
Lampahipún Prabu Gardapati sabalanipún sampún dumugi sukuning rêdi. Radèn Dananjåyå mirêng dipún sumbari, anusúl lampahipún Prabu Gardapati, numpak råtå kaliyan Prabu Krêsnå, balanipún inggíh tumút mangidúl.
Anuntên Radén Wrêsåyå anyumbari radén Wrêkodårå : “Hèh, Wrêkodårå, yèn kowé nyåtå lanang, ayo pêrang karo aku ånå pinggiríng sagårå, supåyå åjå ånå kang ngrégoni, tutugå angadu kasêktèn.”
Radèn Wrêkodårå bótên tahan mirêngakên dipún sumbari, atilar barís, lumampah mangalèr angutu. Drunå sumêrêp yén radén Dananjåyå mangidúl, radén Wrêkodårå mangalèr, lajêng anyalini gêlar, anåmå Cakraníng Swandånå, anyiptå bótên kéngíng dipún risak íng mêngsah. Karnå kaliyan Karpå íngkang minångkå suku, aryå Jayadråtå såhå pårå adipati íngkang minångkå kupíng, Prabu Suyudånå íngkang minångkå buntút.
Pandåwå aningali Koråwå salín gêlar, sartå pisahipún Radèn Wrêkodårå kaliyan Radèn Dananjåyå, manahipún maras íng sawatawís. Prabu Yudístirå lajêng dhawah animbali Radèn Abimanyu, badhé andikakakên ngrisak gêlaríng Koråwå. Wóndéníng íngkang kautús animbali, Radén Gatutkåcå.
Radén Gatutkåcå dumugi íng pasanggrahanipún Radén Abimanyu, têmbungipún : “Adi, kowé ditimbali íng sang nåtå, bakal kakarsakaké angrusak gêlaríng Koråwå. Satindaké kangjêng paman, mangidúl apêrang lan Gardapati ånå sikilíng gunúng, ora ånå kang duwé cåkrå, múng kowé dhéwé, iyå iku kang sayogå ginawé angrusak gêlaríng Koråwå.”
Dèwi Siti Sundari garwanipún radén Abimanyu, mirêng pangandikanipún Radèn Gatutkåcå, sangêt prihatósipún. Awít sampún kawêlíng dhumatêng íngkang råmå, íng sadintên punikå sampún ngantós sukå yén Radèn Abimanyu badhé mêdal dhatêng paprangan. Sakíng kèwêdan såhå susahíng galíhipún, angantós bótên sagêd ngandikå, amêgêng waspå muwún salêbêtíng galíh, nangíng ajríh yén amambêngånå tindakipún ingkang råkå, ilå ilå garwanipún íng satriyå, sampún ngantós awrat tinilar pêrang.
Radèn Abimanyu dandós, Dèwi Siti Sundari amrayogêkakên íngkang råkå pamít dhumatêng garwanipún Prabu Krêsnå.
Abimanyu miturút. Pamít dhatêng garwanipún Prabu Krêsnå sartå dhatêng íngkang ibu piyambak. Sarêng sampún lajêng mangkat badhé amêdali pêrang. Sadhatêngé ngarsanipún íngkang uwå Prabu Yudístirå, anyungkêmi sampéyanipún. Dhawahipún sang nåtå : “Kulup, Koråwå íng saiki salín gêlar Cåkråbyuhå, iku rusakên.”
Abimanyu matúr sandikå lajêng mangkat. Anuntên masang gêlar Supiturang, Druståjumênå minångkå pucukíng supít têngên, Gatutkåcå kiwanipún, Sêtyaki minångkå cangkêm, Prabu Darmaputrå minångkå sirah, pårå ratu sami wóntên íng wingkíng, Abimanyu panggénanipún wóntên íng sêsungút.
Sarêng sampún dadós gêlaripún, tuwín Koråwå sampún rakít sadåyå, sanalikå pêtêng ndhêdhêt. Pandhåwå lajêng ngangsêg. Pangiridipún Radén Abimanyu. Gumêrah suwaranipún íng kêndhang, góng, bèri tuwín surakíng bålå, kadós ambêlahnå langít. Pandhåwå kaliyan Koråwå sarêngan sami angêrapakên kapal, swaranipún punggåwå íngkang numpak gajah utawi råtå amór kaliyan surakíng bålå, kadós gêlap.
Radèn Abimanyu mênthang langkap, anglêpasakên cåkrå, andawahi Koråwå. Risak gêlaripún Cåkråbyuhå kathah íngkang pêjah. Sakantunipún sami ngungsi dhatêng panggénanipún Prabu Suyudånå ajríh íng pamukipún Abimanyu íngkang minångkå sêsungút, angiríd bålå Pandåwå ambêk purún sartå sêkti.
Radén aryå Jayadråtå énggal anangkêbi. Barisíng Pandhåwå tugêl. Abimanyu katangkêban, lajêng dipún karóyók íng Koråwå katah, anåmå Sudargå, Sudarmå, Wiryåjåyå, Susénå, Satrujåyå, Jayasêkti, Jåyåwikå, Jåyådarmå, Upåcitrå, Carucitrå, Citrådarmå, Citråsénå, Citraksi, Citrådirgantårå, Citråmurti, Citråwicitrå , Suråsudirgå, Dirgåsurå, Yutayuni, Yutåyutå, Sénåcitrå, Durgåamóng , Durgåpati, Durgåangså, Darmå, Durgåntå, Durgantårå, Darmayudå, Yudåkarti, Dursåsånå, Sindurêjå, tuwín Radén Lêsmånåkumårå putrå íng Ngastinå, punåpå malíh Kartåsutå, Sadåyå sami tumút angêpang radén Abimanyu. Anuntên Kartåsutå dipún jêmparíng dhatêng Radèn Abimanyu, kéngíng lajêng pêjah. Sakíng sangêtíng pamukipún Radèn Abimanyu, bótên rumaós ajríh dipún karubut íng pêrang. Sêcasråwå inggíh pêjah déníng jêmparíng.
Anuntên putrå íng Ngastinå íngkang nåmå Radén Lêsmånåkumårå anglêpasakên jêmparíng, íngkang dipún angkah Abimanyu. Abimanyu malês anjêmparíng, Lêsmånåkumårå kéngíng jajanipún lajêng pêjah. Abimanyu sangsåyå wuru íng pangamukipún, Mênêngah dhatêng panggénanipún Prabu Suyudånå, sartå anglêpasakên jêmparíng kathah.
lesmana-mandrakumara
Sindurêjå sarêng aningali yén putrå íng Ngastinå pêjah
déníng pangamukipún Abimanyu, sumêdyå apulíh gêtíh akaliyan Prabu Suyudånå. Lajêng anglêpasakên jêmparíng. Abimanyu kéngíng, anuntên Koråwå íngkang kathah kathah tumút anglêpasakên jêmparíng, sakíng kiwå sakíng têngên dipún kêrêpi panjêmparíngipún, bótên wóntên íngkang nglêpati. Abimanyu kêtatón íng jåjå, íng gigír, bau walikat, ulå ulå tuwín wêntís, nangíng bótên mirís. Lampahipún sangsåyå manêngah, cíptaníng galíh, sarêngå pêjah wóntên íng paprangan kaliyan Prabu Suyudånå. Kålå samantên kathah kapal utawi råtå íngkang rêmuk kéngíng íng jêmparíng.
Abimanyu amêntang langkap, langkapipún tikêl. Wóndéné
jêmparingíng mêngsah bótên kêndhat kêndhat andawahi, kadós upaminipún jawah. Pangraósipún Abimanyu kadhawahan íng jêmparíng kadós dipún garuti íng tiyang éstri. Abimanyu ngiwå nêngên anyandhak jêmparíng íngkang sami dhawah; tandangipún Abimanyu anggênipún kaképang sartå kajawahan jêmparíng, kadós apêpanggihan kaliyan prawan. Sariranipún ajúr déníng tatu. nangíng bótên sumêdyå mundúr, bótên éwah íng kapurunanipún.
Abimanyu angandikå : ”Hèh, Koråwå, åjå gugup olèhmu amríh patiku, mångså aku angingkêdånå. Yèn trahíng Pandhåwå. dikèhånå íng tatu bungah anêmu pati, wís patuté satriyå mati dikarubút íng pêrang.”
Abimanyu pêgat pêgat sêsumbaripún, bótên kaur anariki jêmparíng íngkang andhawahi sariranipún. Susun timbún kadós kambêngan wóntên íng jåjå, jêmparíng íngkang tumancêb íng jåjå kalíh íng lambúng kadós sêkar kantíl ginubah.
Rêbahipún íng råtå maník kalumut déníng rah, kadós angús awór atal, Maripatipún Abimanyu kêrêp kéngíng íng jêmparíng, alindri tiningalan. Mustakanipún upami kadós sêkar kanigårå, kalíh sêkar sumarsånå, karêbat íng ngakathah badhé dipún anggít. Jajanipún kadós tunjung mêkar. Sédanipún satriyå anthèk wantêr adamêl ngêrêsíng manah. Sanalikå grimís; kathah kombang íng ngawang awang kadós badhé angangkali sêkar.
Prabu Yudístirå sumêrêp bilíh Abimanyu pêjah dipún karubút íng mêngsah. Sêtyaki, Gatutkåcå, Druståjumênå, sumêdyå pulíh gêtíh, anarajang gêlaríng Koråwå, tandangipún kadós anggégé pêjah, angontragakên bumi, Darmåputrå kaliyan Påncåwålå, putrå íng Ngamartå, sami ambiyantóni. Raménipún íng pêrang ngantós busêkan. Anuntên kasapút íng dalu, bubar íngkang sami pêrangan. Koråwå sami bingah bingah.
***
citraksi
Kacariyós radén Dananjåyå íngkang pêrang wóntên sukuníng rêdi, dipún êmóng íng Prabu Krêsnå, aramé anggénipún pêrang.
Prabu Gardapati sampún pêjah, anuntên sami bibaran mantúk. Dumuginipún íng pasanggrahan, Radèn Dananjåyå mirêng tangís. Sasêntananipún íngkang sakíng ibu tuwín råmå, punåpå malíh garwanipún kêkalíh, Déwi wårå Sumbådrå kaliyan wårå Srikandi, tuwín putri íng Wiråtå Déwi Utari, íngkang sawêg ambóbót wolúng wulan, sami amuwún sartå angadhúh. Akathah pasambat kamirêngan wóntên íng pasanggrahan, aramé kadós ungêlíng pêksi gagak. atêngipun radèn Dananjåyå sarêngan kaliyan Prabu Krêsnå, såhå radèn Wrêkodårå, íngkang pêrang wóntên pinggiríng sagantên. Mêngsahipún íngkang nåmå Wrêsåyå sampún pêjah. atêngipún sarêngan sakíng lèr sartå sakíng kidúl.
Radên Dananjåyå sarêng midhangêt yèn putranipún pêjah.sangêt anggènipun supé. Prabu Krêsna amituturi, pangandikanipún : ”Yèn satriyå kasêkêlan awít kapatèn anak, sudå dêrajaté sartå kasiku íng déwå kang linuwíh.
Radèn Dananjåyå mirêng pangandikanipún Prabu Krêsnå
lajêng nyêmbah, anyuwún pangapuntên. Anuntên nyungkêmi sampéyanipún Prabu Yudhístirå, aturipún : Kadóspundi, gusti, nalaríng pêjahipún Abimanyu?“
Prabu Yudístirå amangsuli pangandikå : ”Patiné anakirå, awít anglêbóni gêlar Cakråbyuhå, katangkêban déníng Sindurêjå. Sanak sanakirå pådhå pulíh gêtíh, si Druståjumênå, Si Gatutkåcå lan Si Sêtyaki barêng íng pangamuké, angarah patiné Si Sindurêjå, nangíng ora kênå. Åpå déné síng mati déníng anakirå : Si Lêsmånåkumårå, Si Kartåsutå lan Sêcåswårå. Pangamuké sanak sanakirå olèh pêpati pirang pirang, múng Si Sindurêjå kang lupút.
bambang-irawan
Dananjåyå lajêng jumênêng apratígnyå: ”Kawulå apunagi. bilíh pún Sindurêjå íng sadintên bénjíng énjíng bótên pêjah déníng kawulå, Sóntênipún kawulå óbóng.”
Prabu Suyudånå tuwín sakathahíng Korawa mirêng pratignyanipún radén Dananjåyå, anuntên Sindurêjå kadhawahan mantúk. Íng sadintên bénjíng énjíng kapêngíng mêdal mêdal, bilíh srêngéngé dèrèng sêrap, sartå dipún puríh amêmujå anyuwún sawabíng kaki, íngkang nåmå bagawan Sêmpani, amuríh wilujêngipún. Punåpå malíh jêmparíng anggènipún angsal sakíng Abimanyu kapuríh anganggéyå, sartå amujåå supadós wêwah kasêktènipún.
***
dewi-wara-swmbadra
Kacariyós Prabu Suyudånå akaliyan íngkang garwå Dèwi Banowati, sangêt íng prihatós sartå pamuwunipún, awít sakíng pêjahíng putrå íngkang nåmå Lêsmånåkumårå. Salêbêtíng kadatón ramé déníng tangís, nangíng Prabu Suyudånå wêkasan lêjar galihipún, kaèngêtan pratignyanipún radèn Dananjåyå, anggènipún badhé óbóng. Milå Sindurêjå dipún rêkså sampún ngantós manggíh tiwas. Anuntên Koråwå sami sukå sukå, anyiptå yèn radèn Dananjåyå badhé pêjah íng sadintên bênjíng énjíng.
Prabu Yudístirå sasêntananipún sami prihatós sangêt. Íng sapêjahipún Abimanyu, Dèwi Sitisundari badhé óbóng tumuntên, ambélani íngkang råkå. Nangíng pårå santånå sami anggéndóli, awít pårå agêng agêng dèrèng gilíg íng rêmbag, nggènipún damêl upayaníng pêrang. Wóndéníng Dèwi Utari, putri íng Wiråtå, bótên kéngíng ambélani íngkang råkå, yèn dèrèng laír wawratanipún.
Prabu Krêsnå angandikå dhatêng Radén Dananjåyå : “Hèh, adi, kapriyé saiki, Koråwå wís angrungu punaginirå, olèhirå arêp amaténi Si Sindurêjå. Si Sindurêjå amêsthi dirêkså, ora dililani mêtóni pêrang, supåyå kalakónå ubayanirå.”
Dananjåyå matúr : ”Mångså bóróngå panjênêngan dalêm.”
Prabu Krêsna angandikå : ”Munggúh saraté, adi, lêstariné kang sirå angkah, iyå namúng mêmujåå, supåyå wêruhå karsaníng déwå kang wêrít wêrít.”
Dananjåyå matúr malíh : ”Kulå sandikå anglampahi pitêdah dalêm.”
Prabu Krêsnå anyambungi : ”Bésúk yèn sirå pêrang, kagunganíngsún råtå sirå anggoå, råtå iku duwé pangguwåså, pangiridé jaran papat. Síng ngarêp aran Si Ciptåwélåhå lan Abråpúspå, síng buri Si Sukåntå lan Sénå. Déné panguwasané, sanupaníng gêgaman ora ånå angênani, lan sirå íngsún paringi góng, jênêngé si Påncåjannyå, iku íng bésúk ésúk åjå adóh karo kowé. Sirå anganggoå panah cåkrå. Panahirå Si Pasopati sirå tamaknå mênyang Si Sindurêjå. Kåyå iyå íng sadinå sésúk patiné, sanajan abót sanggané, awít bapakné kang aran bagawan Sêmpani lagi tinarimå sêmadiné íng déwå kang linuwíh, éwådéné atasnå kalawan pujanirå íng sawêngi iki síng abangêt. Suwunên íng patiné Si Sindurêjå, mbókmanåwå lupút pêthèkku, lah mårå nyataknå mujåå dèn mêsu.”
Radèn Dananjåyå nyêmbah, késah sakíng ngarsanipún Prabu Krêsnå, lajêng sêmadi, angêningakên cíptå, ngicalakên angênangên gangsal prakawís, sampún prasasat pêjah salêbêtíng gêsang. Bótên antawís dangu Sang Hyang Jagatnåtå angatingali, namúng watês sangandhapíng jånggå kémawón, sapangandhap bótên katingal. Pangandikanipún Sang Hyang Jagatnåtå : “Hèh, Dananjåyå, racutên pujanirå, patiné Si Sindurêjå íngsún lilakaké, awít såkå íng panyuwúnirå. Panahira Si Pasopati sirå tamaknå, ratané Si Krêsna sésúk sirå anggoå. Karo déné góngé kang aran Si Påncåjannyå åjå adóh karo sirå.”
***
Radén Dananjåyå sampún luwaran anggénipún sêmadi, anjujug panggénanipún prabu Krêsnå. Atúripún : “Bótên, wóntên íngkang sisíp pangandikå dalêm, tètès kaliyan wangsitipún sang Hyang Jagatnåtå, bótên sulåyå sarambút.”
Prabu Krêsnå mésêm angandikå : “Ayo, adi, énggal pådhå angatêr marang Si Siti Sundari, kang arêp mati bélå.”
Kacariyós Déwi Siti Sundari, sampún dandós angagêm busånånipún pêjah, badhé ambélani íngkang råkå, sadangunipún angimur Dèwi Utari, íngkang kilayu badhé tumút bélå pêjah.
Sarèhníng rêmbulan sampún inggíl, Déwi Siti Sundari kasêså, pangandikanipún dhatêng Déwi Utari : “Kowé iku lagi mêtêng, ora kênå ambélani bojomu. Såpå síng nyatúr kowé angarani wêdi bélå, ora orané ånå wóng ngrasani. Kajåbå såkå íng iku, bélané wóng lagi mêtêng ora pakolíh, malah anêmu doså, têtélå yèn kowé lagi mêtêng wolúng sasi. Wís kariå, aku pamít bakal mênyang pancåkå pabélan.”
Dèwi Utari amangsuli, pêgat pêgat pangandikanipún: “Tuturå mênyang Si Abimanyu, yén bangêt prihatínku, awít digéndhóli déníng pårå ratu, ora kalilan mèlu mati, bélå munggah íng pancåkå, sabab wêtênganaku durúng laír, ingaran nêmu dukané déwå kang linuwíh. Déné cíptaku, sakíng bangêt
íng trêsnaku, múng bisåå milu mati, mugå mugå åjå ngantiå lawas. Pomå tutúrnå, yên bangêt íng pangêsahku, múng angajap énggalå runtúng runtúngå ånå íng Indrålokå karo Si Abimanyu. Yågéné têkå sarênti, aku ora biså ambarêngi lakumu.‘‘
Sarêng Dèwi Utari sampún lipúr, Dèwi Siti Sundari lajêng lumampah badhé pamít dhatêng råmå ibunipún. Sangêt andadosakên prihatosipún íngkang sami dipún pamiti, ngantos botên sagêd angandikå. Sarêng sampún, Dèwi Siti Sundari lumampah datêng pêpêrangan, panggénaníng layonipún íngkang råkå, lajêng kabêsmi sarêng kaliyan Dèwi Siti Sundari. Íngkang sami anjênêngi pambêsminipún sampún sami wangsúl. Rêmbúlan sampún andhap, sêmunipún kados asíh dhatêng íngkang sédå bélå.



5. SINDURÊJÅ, INGGÍH JAYADRATA PÊJAH DÉNÍNG ARJUNÅ..
Anuntên byar raintên, aramé swaraníng kêndhang, gong, bèri.
Gongipún Prabu Krêsnå íngkang nåmå pún Påncåjannyå katabúh angungkúng, swaranipún kados dumugi íng Surålåyå. Pårå ratu íngkang sampún sami ngalêmpak sabalanipún, tiningalan kados sagantên. Anuntên barisíng Koråwå mêdal, agêngipún anglangkungi, kados upaminipún sagantên pasang. Gêlaripún taksíh Cåkråbyuhå, kados íngkang sampún kalampahan. Amúng íngkang wontên íng kipíng sanès. Wondéníng Sindurêjå botên tumút mêdal pêrang, dipún rêkså déníng pårå Koråwå.
Koråwå sampún angrakít gêlar Cåkråbyuhå, anangíng barís sapaningal. Ujuripún sadåså paningal. Kandêlíng barís mantri pêpilihan punåpå déné prajurít íngkang kêndêl kêndêl sartå sêkti sêkti sapaningal. Anuntên Pandhåwå animbangi nåtå gêlar Cåkråbyuhå. Drusåjumênå ngênggèni kipíng têngên, Wrêkodårå wontên íng kipíng kiwå, Dananjåyå wontên íng gulu, anitíh råtå kaliyan Prabu Krêsna. Wondéníng råtå punika kagunganipún Prabu Krêsnå, apangiríd kapal sakawan. Íngkang ngajêng anåmå Cíptåwêlåhå kaliyan Abråpúspå, íngkang wingkíng anåmå Sukånå kaliyan Sénåsêkti.
raden-burisrawa
Pårå déwå mirêng ungêlipún gångså kang anåmå Påncåjannya, sami aningali wóntên íng ngawang awang sartå anjawahakên wêwangi. Mênggah gångså íngkang nåmå pún Déwådêntå wóntên íng wingkíng. Barís Pandåwå mêdal kapurunanipún, awít sakíng mirêng ungêlipún gångså kêkalíh wau. Panêrakipún kadós danåwå rêbatan dagíng, gêlaríng Koråwå dadal, bótên kuwawi anadahi pangamukipún barisíng Pandhåwå.
Anuntên råjåputrå íng Mandåråkå, anåmå radén Burisråwå, majêng nitíh råtå, badhé malês risakíng gêlaripún. Sêsumbaripún, : “Hèh, Sêtyaki, ngêndi ênggónmu kowé, ayo pådha ngadu kasêktên ånå íng kéné.”
Radèn Sêtyaki majêng nitíh råtå, anudingi radén Burísråwå. Wicantênipún: “Hêh, Burísråwå, bêgjå bangêt aku, déné kowé kang mapagaké pêrangku. Åjå kowé ngoncati!“
Sarêng sampún sami ajêng ajêngan, Radén Sêtyaki mênthang langkap, anglêpasakên jêmparíng, kéngíng ratanipún radèn Burísråwå rêmúk, dalasan kusír kapalipún sami pêjah. Burísråwå malumpat, sangêt nêpsunipún, lajêng amênthang langkap anglêpasakên jêmparíng, kéngíng ratanipún Sêtyaki rêmúk. Sêtyaki malumpat, dadós sami pêrang darat kémawón. Sami ambucal langkap, anyandak gådå kalíh kalíhipún. Lajêng ramé agådå ginådå. Sarêng gådå kêkalíh tugêl sami dipún bucal lajêng udrêg dêdêl dinêdêl, bucal binucal. Sarèhníng Sêtyaki kawón agêng inggíl, kangélan anggênipún andugang mêngsahipún. Wusånå dhawah kalumah, dipún idak idak dathêng Burísråwå, ngantós méh pêdhót napasipún. Sarêng Sêtyaki badhé dipún sudúk, Prabu Krêsnå angandika dhumatêng Dananjåyå: “Énggal Si Burísråwå panahên bauné kang sisíh, supåyå uwalå lêhé anjambak Si Sêtyaki.”
Dananjåyå lajêng anglêpasakên jêmparíng, kéngíng baunipún Burísråwå tugêl. Burísråwå kagèt, asêru wicantênipún: “Hèh, Pandåwå rusúh, tangkêbmu cidrå.”
Radén Dananjåyå amangsuli : “Pandåwå ora cidrå, mung nimbangi lakuníng Koråwå, awít patiné Si Abimanyu biyén iyå kênå íng cidrå.”
Radén Sêtyaki sarêng aningali Burísråwå tugêl baunipún, lajêng nyandak jêmparíng. Burísråwå dipún jêmparíng kéngíng gulunipún tugêl lajêng pêjah.
***
Gumurúh surakipún bålå Pandhåwå. Koråwå sarêng aningali Burisråwå pêjah, sami ngangsêg sumêdyå amalês íng pêjahipún Radèn Burísråwå. Pintên pintên jêmparíng íngkang dipún lêpasakên, ngantós kadós jawah. Pangamukipún Radèn Dananjåyå angobrak abrík. Wrêkodara, Drusåjumênå, Gatutkåcå, Nakulå, Sadéwå sabalanipún sami anarajang. Koråwå kuwalahên sami mundúr, mèh dumugi íng panggénanipún Sindurêjå. Wóntên íng ngriku sami kandhêg plajêngipún, amèpèti margi íngkang dhatêng panggénanipún Sindurêjå. Anglêpasakên jêmparíng kathah, amuríh mangsulakên íng pangamukipún Radén Dananjåyå utawi Pandåwå íngkang sêkti sêkti.
Wrêkodårå nyèlèhakên langkap, nyandak gådå anarajang. Pintên pintên Koråwå íngkang pêjah sami anggêlasah, amargi dipún amuk íng gådå dhatêng Radèn Wrêkodårå. Gêlar Cåkråbyuhå ngantós risak.
Pangamukipún Radén Dananjåyå kaliyan jêmparíng, kêtèn íngkang andhawahi mêngsah. Wóndéníng panarajangipún Koråwå sakíng kathahipún kadós sulúng, ambêlasah íngkang pêjah déníng gådå. Kathah pårå dipati íngkang pêjah, sartå íngkang rêmuk råtå tuwín gajahipún, awít kaamúk dhumatêng Radén Wrêkodårå. Tandangipún kadós gajah sèwu mêta. Pundi íngkang dipún têrak tumpês. Barís íngkang ngampíng ampíngi panggénanipún Sindurêjå mèh tipís, bålå Pandåwå tansah angangsêg anarajang, ngantós kangèlan anggènipún rumêkså dhumatêng Sindurêjå wau. Anuntên Koråwå sami amrayogèkakên, Prabu Durjudånå kundúrå ngungsi dhumatêng kithå. Namúng bagawan Sêmpani ingkang bótên angrêmbagi, taksihå wóntên íng paprangan, karêkså déníng barís. Bilíh ngantós sêsingidan, ciptanipún nisthå, sartå bótên, anêtêpi kasatriyanipún. Bagawan Sêmpani anjungkúng íng sêmadi, supadós íngkang putrå kang nåmå Radèn Sindurêjå lêpatå íng pêjah salêbêtíng pêrang Bratåyudå. Wóndéníng pamujinipún, sagêdå anyíptå warni Satus, íngkang kadós Radén Sindurêjå. Sampún ngantós kéngíng Sindurêjå íngkang sayêktósipún Kasupèn yèn íngkang mómóng íng Pandhåwå, Prabu Krêsnå, bótên kéngíng kêkilapan. Wóntênå warni satus ingkang Sindurêja sulap. amêsthi sumêrêp Sindurêjå íngkang sayêktósipún. Sayêktósipún Batårå Krêsnå bótên kéngíng dipún dorani.
***
raden-sindureja
Radèn Dananjåyå sayah anggènipún amêmêjahi pårå bupati tuwín prajurít. Angantós têlas saårå årå, íng wingkíng sangsåyå ambrubúl bótên karaós kalóngíng prajurít, kang pêjahakên. Íngkang punikå sang prabu Krêsnå maras íng galíh, awít déníng suryå sampún gumiwang, Sindurêjå dèrèng kapanggíh, kinubêng íng gêgaman. Énggal srêngéngé tinutúpan íng cåkrå, dipún anggang anggang, dadós sulakipún sumirat jênné. Lajêng dipún tétêpakên cakranipún, pêtêng kadós sêrap íng sayêktósipún. Kang sartå Batårå Krêsnå apêparéntah dhatêng Pandåwå, kapuríh akalêmpakå kajêng. Sarêng kajêng sampún ngalêmpak, lajêng kabêsmi, andadós latunipún.
Unduríng pêrang Pandåwå sami ngumpúl, sairíb kadós anjênêngi óbóngipún Radèn Dananjåyå.
Sindurêjå lêpat íng pêjah bilíh sampún kasêrapan suryå. Sampún kawartós yén Radèn Dananjåyå badhé óbóng. Koråwå sami bingah bingah aningali, bótên sumêrêp yèn rékå pagunanipún Prabu Krêsnå. Srêngéngé dipún tutupi cåkrå. Sangêt anggènipún sami sukå sukå, asurak surak gumêrah, alókipún : “Yèn Dananjåyå mati, Pandhåwå ilang pamúké. Síng kari prasasat cêcindhíl, múng kari angghêtak baé. Wrêkodårå tandangé pêrang kaku, ora julíg kåyå Si Dananjåyå.
Kålå samantên radèn Sindurêjå tumút aningali, wêdalipún sakíng gêdhóng íngkang karêkså íng barís, kadós pratingkahíng pandúng. Prabu Krêsnå sumêrêp sasolahipún Radèn Sindurêjå, angandika dhumatêng radèn Dananjåyå sarwi anêdhahakên : “Kaé Si Sindurêjå têkå, uculånå panahmu Si Pasopati diénggal, mbókmanåwå kasêlak wêrúh!“
Radèn Dananjåyå ngungak ungak, matúr dhumatêng Prabu Krêsnå : “Panêmbahan, panggénanipún Sindurêja wóntên íng pundi?“
Prabu Krêsnå lajêng nyênèng langkapipún Radén Dananjåyå
sartå anêdhahakên panggénanipún Sindurêjå, pangandikanipún: ”Kaé åpå, mårå panahên diénggal.”
Radén Dananjåyå jinjít, sampún sumêrêp datêng Sindurejå, lajéng dipún lêpasi jêmparíng, íngkang nåmå Pasopati. Sindurêjå kéngíng gulunipún tugêl, lajêng pêjah. Anuntên Prabu Krêsnå ngandikå dhumatêng Radèn Dananjåyå : “Éndasé Si Sindurêjå uncalnå mênyang ênggónê wóng tuwané, isarat panahmu Sarutåmå.”
Radèn Dananjåyå lajêng mêntang langkap, anglêpasakên jêmparíng pún Sarutåmå. Sirahipún radèn Sindurêjå katút kabêktå íng jêmparíng, dawah íng ngarsanipún íngkang råmå.
Bagawan Sêmpani pinuju sawêg sêmadi, wóndéné íngkang dipún têtêdå salêbêtíng puji, íngkang putrå unggulå íng pêrangipún, sampún ngantós mêngsah sagêd amêjahi Sindurêjå íngkang sayêktósipún, amung íngkang sulap kémawón. Déné yén malês íng mêngsahipún ambilaènånå, mêngsah sadåså utawi satús sarêngå pêjahipún. Anuntên sirahíng putrå dhawah íng ngarsanipún, dipún candak dumatêng bagawan Sêmpani, sêbútipún akaliyan nangís : “Dúh, anakku mati, yågéné kowé têkå nganti mati íng pêrang Bråtåyudå? Dêlêngên aku, lagi mêmujå anênêdha unggulé pêrangmu.
***
Sasêrapíng srêngéngé, sakathahíng barís sami mundúr dhatêng íng pasanggrahanipún piyambak piyambak. Prabu Druyudånå muwún, pangandikanipún dhatêng Drunå : “Kadipundi karêp andikå, paman, íng sapatiné satriya loro, pún Burísråwå karo pun Sindurêjå, prasasat kaicalan bau têngên lan bau kiwa, nåpå kang digawé pêpulíh.”
Anggénipún ngandikå makatên punikå kaliyan kasêsêgan, kang sartå angrêrêpå. Wóndéníng íngkang panuju wóntên íng ngajêngan : Salyå, Karnå, Sêngkuni, Karpå. Tumuntên angandikå malíh : ”Kadóspundi pratingkah puniki, mênggah karsané paman Drunå kadóspundi, sadulúr kulå katah kang pêjah; Si Citrådarmå, Citråyudå, Upåcitrå, Carucitrå, Jåyåsusénå, Rékådurjåyå, Darmajati, Surådurmå, Ångså ångså, Citraksi, íng sapunika sami pêjah déníng Wrêkodårå, kang sartå pangamuké Arjunå, ånglångkúngi íng prihåtín kulå, nåpå kang digawé pêpulíh?“
Drunå awicantên sêru: “Såpå amapagnå pêrangé Arjunå sakíng gêdéné sihé Hyang Batårå Guru? Såpå bisa anadhahi pangamukê Wrêkodårå, såpå kêlar nyêmbadani pêrangé prabu íng Wiråtå, lan såpå kêlar nadhahi pangamuké prabu íng Cêmpålå? Lah ånå manèh, såpå bisa nulak pagunané Prabu Krêsnå?
Wóng gêdhé kang limang iji iku, åpå síng digawé nadahi pêrangé?”
Sang Prabu Duryudånå lajêng angandikå dhumatêng Prabu Ngawånggå : “Hèh, andikå bénjíng énjíng kang mapagnå pêrangé pún Arjunå lan Wrêkodårå, nangíng anyuwunå paréntahipún sang Panditå Drunå.”
Aturipún Prabu Karnå : Ínggíh, bénjíng énjíng kulå íngkang amêthúkakên pêrangipún.”
Sakalangkúng bingah Sang Pandita Drunå.




6. GATUTKÅCÅ MÊTHÚKAKÊN DIPATI KARNÅ, TIWAS.
Énjíngipún têtêngêríng pêrang mungêl. Koråwå ambrubul andalidir, saking íng pasanggrahanipún piyambak piyambak, kadós banjiríng sagantên.
Sang Prabu Yudistirå sampún mêdalakên bålå, gêlar taksíh kadós íngkang wau. Sarêng majêng, kadós têmpukíng sagantên. Sarêng gulêt pêrang tanpå pétangan. Sami bujêng binujêng, dèdèl dinèdèl arêbút ngangkah pêjah, kuwêl kang prajurít. Raméníng swårå bótên kantênan, bålå asilíh ukíh. Íngkang dhatêng sangsåyå kathah. Wrêkodårå, Dananjåyå pangamúkipún angorak arík. Nglêpasakên jêmparíng, wêdalipún amradini.
Wrêkodårå nglêpasakên Bargåwastrå, Prabu Yudístirå angrikatakên gajahipún. Kalantur sakíng raméníng pêrang, ngantós sêrapíng srêngéngé dèrèng wóntên bibar. Ngantós kadós ampuhan amór dadós satunggíl. Riwút gulêt wóntên íngkang ngundang ngundang : ”Aku réwangmu.‘‘ Sawènèh íngkang wêwartós namanipún : ”Aku wóng íng Cêmpala.’‘ Wóntên íngkang angakèn tiyang íng Wiråtå, tiyang íng Dwåråwati, wênèh tiyang Ngastinå utawi tiyang íng Sabrang, ambantu tiyang Ngastinå, punåpå déné tiyang íng Mandaråkå tuwín íng Ngawånggåpati, kathah íngkang mastani nagarinipún piyambak piyambak.
Anuntên pårå satriyå utawi pårå mantri kang pêpilihan, pårå ratu tuwín bupati íngkang anitíh råtå utawi gajah, óbóripún sami dathêng, abrå kadós jawah latu, amêwahi ambranang satêngahíng paprangan. Ubêkan kapal gajah, sartå íngkang nitíh råtå wangsúl dathêng panggénanipún. Bålå kadós dipún pilihi, wangsúl dhatêng panggénanipún piyambak piyambak.
Amiwiti pêrang malíh, taksíh pêpak íngkang pårå ratu, punåpå déné sawarniníng pårå ratu sêsuruhan. Majêng sakíng panggénanipún piyambak piyambak. Panêmpuhíng pêrang, surak sakalangkúng ramé, Wrêkodårå pangamukipún anêngah, amúng milíh íngkang pårå dipati, íngkang sami nitíh gajah utawi råtå, punika íngkang dipún trajang. Dipún gådå kathah pêjah patíng sulayah. Punåpå déné radén Dananjåyå, anglêpasakên jêmparíng dibyå.
Punggawanipún Prabu Karnå íngkang sinakti, anåmå Druwåjåyå, majêng anitíh råtå, pilíh kang kuwawi nadhahi pêrangipún. Punikå angundå gådå, kathah prajurít íngkang pêjah dipún amúk Druwåjåyå wau. Lajêng dipún trajang dhumatêng Wrêkodårå. Punika Druwåjåyå pêjahipún. Anuntên dhatêngé pangamuké anêngah radèn Sêtyaki, sangêt nêpsu pêrangipún. Kathah bupati íngkang pêjah, punåpå déné pårå råjå íngkang dhadhal sakíng pangamukipún. Sakíng riwutíng nêpsunipún Radén Sêtyaki, ngantós adamêl bingungíng mêngsah. Anuntên Partipéjå majêng amukakên pêrangipún. Lajêng mênthang langkap anglêpasakên jêmparíng, kéngíng jajanipún Sêtyaki bótên pasah nangíng kontal, katút kabêktå íng jêmparíng, dhawah kantêb. Anuntên putranipún Radèn Sêtyaki, anåmå Radèn Sångå sångå énggal majêng, amêthúkakên pangamukipún Partipéjå. Ramé jêmparíng jinêmparíng, bótên wóntên íngkang anêdhasi. Lajêng rukêt angabên karósan. Sami íng kasêktènipún. Dumugi íng sakajêng kajêng. Aramé dipún suraki, kadós tiyang angabên sawúng, rêmên íngkang sami aningali, déné sami íng prawiranipún.
Anuntên Radèn Wrêkodårå dhatêng , atêtulúng dhumatêng Radén Sångå sångå. Partipéjå dipún lêpasi jêmparíng, kéngíng jajanipún dhawah kantêb. Karaós sakít, sangêt íng nêpsunipún. Sumêrêp yén radèn Wrêkodårå íngkang anjêmparíng, lajêng malês anjêmparíng. Wrêkodårå kéngíng baunipún kiwå, kagèt lajêng anyéléhakên Bargåwastrå, anyandhak gådå majêng. Radèn Partipéjå dipún gådå rêmúk sarêng kaliyan ratanipún. Íng ngriku pêjahipún Partipéjå déníng radén Wrêkodårå.
***
Anuntên anakipún Partipéjå énggal badhé pêpulíh pêjahíng båpå. Radèn Wrêkodårå dipún karubút, adangu ramé pêrangipún. Wêkasan anakipún Partipéjå pêjah dipún gådå dhatêng Radèn Wrêkodårå, Punggawanipún Adipati íng Ngawånggå anåmå Drêståråtå majêng. Inggíh pêjah dipún gådå dhatêng Radén Wrêkodårå, rêmúk saratanipún. Wrêkodårå sangêt íng pangamukipún, sintên íngkang majêng dipún gådå. Akathah prajurit pêpilihan íngkang pêjah déníng pangamukipún.
Anuntên adinipún Sangkuni kêkalíh majêng, anåmå Anggåjakså kalíh Såråbåsåntå, angiríd prajurít salêkså, angróyók Radén Wrêkodårå. Bótên kéwêdan dipún karubút íng pêrang. Lajêng wiwít anglêpasakakên Bargåwastrå kathah prajurít íngkang pêjah déníng jêmparíngipún sangsåyå riwút pangamukipún Radèn Wrêkodårå, pundi barís íngkang katêrak, tumpês.
Anuntên Radèn Anggåjakså kalíh radèn Såråbåsåntå sami anglêpasakên jêmparíng, angrubút Radén Wrêkodårå. Sarêng dipún walês kajêmparíng, Radèn Anggåjakså pêjah. Íngkang råkå anåmå Såråbåsåntå wau apêpulíh inggíh pêjah dipún jêmparíng dhatêng Radèn Wrêkodårå.
***
Sapêjahé adhinipún Sangkuni kêkalíh, Koråwå sami alít manahipún . Prabu Suyudånå angrêrêpå pangandikanipún dhatêng adipati Ngawånggå: ”Adhi pårå, papagnå pangamuké Wrêkodårå, Dananjåyå kang sartå Sêtyaki.”
Adipati Ngawånggå énggal ngadêg. Aturipún : ”Sampún sêmêlang íng galíh, amêsthi íng dintên punikå pêjahipún Sénå akaliyan Dananjåyå. Kulå íngkang mêthúkakên, bótên mawikani.”
Sakèndêpún adipati Ngawånggå ngandikå sagah amêjahi Bimå kaliyan Partå, lajêng Karpå awicantên : ”Hèh, Suryåputrå, kowé iku yèn calatu kåyå dudu wóng bêcík, ora patút dirungókaké para satriyå. Aku arêp wêrúh baé nyatané calatumu iku. Wrêkodårå lan Dananjåyå ora patút yèn kasóran déníng wóng kang kåyå kowé. Yèn ånå kêmrèki asungút, åpå alús. Gêlaré Karnå, oléhé angarah kasêktèn, mångså kowé ulapå.”
Prabu Krêsnå angandikå alón : ”Iyå, kulúp, tadahånå uwakmu, awít såkå íng paréntahku!“
raden-gatutkaca
Radèn Gatutkåcå nyêmbah : ”Sinuhún, inggíh sandikå. Yèn sakíng timbalan dalêm, sanajan dumugiå íng pêjah bótên mawi kumêdhèp. Sampún íngkang ndikakakên punikå, sanajan langkunga sakíng sêkti Adipati Karnå, amêsthi kawulå bótên wigíh. Sêmbah kawulå íngkang sayêkti katurå íng panjênêngan dalêm, dadós jimat kaidên dhumatêng íng pêjah, kang sartå dadóså jimat ambilaèni mêngsah. Yèn kawulå pêjah íng pêrang, íngkang mugi panjênêngan dalêm prênahênå kamulyaníng swargan. Kawulå bótên gadhah cíptå gêsang, amargi pún uwå íng Ngawånggå anglangkúngi sêkti.”
Sang Prabu Krêsnå kumêpyúr salêbêtíng galíh, íng batós langkúng kaduwúng, lêpatíng íng pangatag. Awêlas, sangêt êtuníng galíh. Radèn Dananjåyå aningali dhatêng sang Prabu Krêsnå, tingalé sangêt kaduwúng, kuwúr, sangêt wêlas ningali íngkang putrå Radèn Gatutkåcå, déné taksíh sangêt laré. Sadåyå sami angrêdatós.
Radèn Gatutkåcå lajêng mêdal, mulúk íng ngawang awang, mapagakên pangamukipún adipati íng Ngawånggå. Lajêng pêrang ramé íng wanci dalu.
Satêngahíng pêrang, wóntên danåwå dhatêng anarómból íng pêrang. Katahipún sakawan, anåmå Lêmbusånå, kalíh Salêmbånå, tigå Kålåsrênggi, sakawan Kålågasurå. Sami ambêktå bålå kathah, amêthúkakên pêrangipún Radèn Gatutkåcå. Danåwå sakawan wau sami pêjah, dipún untír gulunipún dhatêng Radèn Gatutkåcå.
Radèn Gatutkåcå sabalanipún sangsåyå wuru pangamukipún. Balanipún Adipati íng Ngawånggå sami girís. dipún jawahi íng jêmparíng dhatêng Radén Gatutkåcå sakíng íng ngawang awang. Jêmparíngipún Radén Gatutkåcå wau mêdal sakíng tutúk, sartå sakíng astå tuwín sakíng dêlamakan.
Adipati íng Ngawånggå girís aningali balanipún kathah íngkang pêjah, malês anglêpasakên jêmparíng dhatêng íng ngawang awang, nangíng sami cupêt. Sangsåyå andadósakên ajríh sartå kêkêsíng galihipún. Radèn Gatutkåcå tansah sêsumbar sakíng íng ngawang awang. Adipati íng Ngawånggå gugúp íng solahipún, mirêng swaranipún Radèn Gatutkåcå, kadós galudhúg.
Énggal nyandak jêmparíng anåmå Kuntå, dipún lêpasakên manginggíl.
Radèn Gatutkåcå kéngíng pusêripún, jêmparíng lajêng manjíng. Adipati íng Ngawånggå sabalanipún sami sumêrêp, yèn Radèn Gatutkåcå kêtatón, sami alók Gatutkåcå kêtatón, katawís sakíng dêrêsíng rah.
Kalanipún Radèn Gatutkåcå kêtatón, anggadahi cíptå yèn badhé pêjah, lajêng anjóg sumêdyå pêjah sampyúh kaliyan íngkang uwå. Adipati íng Ngawånggå tangginas lumumpat sakíng råtå, Radên Gatutkåcå lajêng angêbrúki råtå. Råtå rêmúk sakusír kapalipún.
***
Sarêng Koråwå aningali yèn Radèn Gatutkåcå pêjah, sami surak gumêrah. Pandåwå sami dhèdèp sartå anangís. Bótên dangu lajêng sami ambyuk mangsah íng pêrang. Prabu Yudhístirå sartå Radèn Dananjåyå angamúk ambudi pêjah. Radèn Wrêkodårå sarêng mirêng yèn íngkang putrå pêjah, lajêng ngamúk liwúng sarwi angusapi êlúh. Gadanipún mobat mabít, kathah pårå dipati tuwín satriyå Koråwå íngkang pêjah.
Drunå angabani Koråwå makantúkakên gêlar. Aramé pêrangipún ing sadalu, wusånå kasapíh sakíng sami arípipún.
Kacariyós ibunipún radèn Gatutkåcå, anåmå Dèwi Arimbi,
sumêdyå óbóng ambélani íngkang putrå. Lajêng pamít dhatêng íngkang råkå sartå pårå sadhèrêkipún sadåyå. Sarêng sampún kalilan, lajêng amurugi layónipún íngkang putrå wóntên íng paprangan. Sadhatêngipún íng ngriku, lajêng dipún óbóng sarêng kaliyan layónipún íngkang putrå.




7. DURNÅ KÉNGÍNG APUS. DÚRSÅSÅNÅ PÊJAH
KAODÈT ODÈT DÉNÍNG WRÊKODÅRÅ.
pandhita-durnaÈnjingipún lajêng sami nabúh têngaraníng pêrang, sami anåtå barísipún piyambak piyambak. Íngkang dadós sénapatiníng Koråwå taksíh pandhitå Dúrnå. Wóndéníng sénapatiníng Pandåwå, Radèn Druståjumênå, lajêng sami ngabani bålå mangsah íng pêrang.
Drunå kinarubút íng pårå prajurít Pandåwå, sami anjêmparíngi, nangíng bótên pasah. Prabu Krêsnå lajêng amangsít dhatêng Radén Wrêkodårå, kapuríh amêjahånå mêngsah ratu íng Malawapati, sartå gajahipún íngkang nama Aswåtåmå.
Wrêkodårå énggal lumumpat, mangsah anggådå ratu íng Malåwåpati, ajúr sagajahipún kadhawahan gådå.
Wrêkodårå lajêng alók : ”Aswåtåmå mati’‘ , sartå pårå Pandåwå inggíh alók makatên.
Drunå sarêng mirêng alók wau, sangêt íng kagètipún sartå nangís. Anyånå putranipún íngkang pêjah, awít putranipún anåmå Aswåtåmå. Lajêng marêpêki badhé pitakèn dhatêng Wrêkodårå tuwín Janåkå, nangíng sampún sami dipún wangsít dhatêng Prabu Krêsnå, kapuríh sami dorå. Namúng Prabu Yudhístirå íngkang dèrèng purún. Wangsulanipún dhatêng Prabu Krêsnå : ”Kakang Prabu, kulå bótên purún wicantên dorå, íngkang mawi salami kula gêsang dèrèng naté dorå. Kapíng kalíhipún pandhitå Drunå punika guru kulå, dadós sangsåyå sangêt ajríh kulå yén dorå.”
Prabu Krêsnå ngandikå malíh : ”Yayi prabu ngandikå makatên kémawón : èsthi Aswåtåmå pêjah,”
Anuntên Drunå dhatêng ngarsanipún Prabu Yudhístirå, sartå anitíh råtå, lajêng pitakèn. Wangsulanipún Prabu Yudhístirå : ”Èsthi Aswåtåmå pêjah.”
Pamirêngipún Drunå : pasthi Aswåtåmå pêjah. Drunå lajêng sumapút, andhawah gumalundhúng wóntên salêbêtíng råtå. Pårå déwa gumurúh íng ngawang awang, sami angêlókakên Drunå mati. Radèn Drusåjumênå énggal amurugi, angêthók mastakanipún Drunå, dipún damêl onclang, lajêng kasawatakên dhatêng panggênaníng mêngsah. Prabu Suyudånå kagèt kadhawahan sirah, énggal lumajêng, bålå Koråwå larút sadåyå.
***
Radèn Aswåtåmå pitakèn : ”Hèh, wóng Koråwå, yågéné déné pådhå lumayu ?“
Karpå amangsuli: ”Hèh, Aswåtåmå, yèn kowé ora wêrúh, bapakmu íng samêngko wís mati, dikêthók guluné marang Radén Druståjumênå.”
Radèn Aswåtåmå sarêng mirêng íngkang råmå pêjah sangêt íng nêpsunipún Lajêng umangsah anglêpasakên jêmparíng latu, agêngipún sarêdi alít. Bålå Pandhåwå girís. bótên wóntên nyiptå gêsang.
Radên Janåkå dipún dhawahi dhatêng Prabu Yudhístirå, kapuríh amêthúknå pêrangipún Aswåtåmå. Sang nåtå sarwi amuwuni gurunipún kang nåmå Drunå wau.
Prabu Krêsnå lajêng paréntah dhatêng bålå Pandhåwå, andikakakên sami darat sadåyå, sabab jêmparíng latu wau bótên purún ambêsmi tiyang íngkang dharat.
Anuntên Wrêkodårå dipún kèn mêthúkakên latu dhatêng Prabu Krêsnå, sartå numpaka råtå. Wrêkodårå énggal majêng anitíh råtå.
Sarêng Radèn Janåkå ningali yèn íngkang råkå badhé kabêsmi, énggal anglêpasakên jêmparíng, latu lajêng ical sami sakêdhap. Radèn Aswåtåmå wau lajêng mundúr, såhå sangêt íng lingsêmipún, sumêdyå tåpå malíh, supadós wèwahå kasaktènipún.
Bålå Koråwå sarta Pandåwå kasapút íng dalu, lajêng sami mundúr.
***
Prabu Suyudånå íng dalu pirêmbagan kaliyan pårå ratu. Kênthêlíng rêmbag, Prabu Karnå íng Ngawånggå íngkang kadadósakên sénåpati. Prabu Suyudånå angêbang badhé amasrahi íng Ngastinå. Prabu Karnå inggíh sampún anyanggahi, anumpês Pandåwå sami sadintên.
Kacariyós Prabu Karnå wau sakalangkúng wantêr sartå sakti, abagús warnanipún, såhå kagungan jêmparíng anåmå Wijåyådanu. Punåpå íng sacíptanipún íngkang gadhah, Wijåyådanu inggíh dadós.
Prabu Suyudånå sakalangkúng sukå , amirêngakên kasagahanipún Karnå. Lajêng angganjar panganggé kang saé saé dhatêng Prabu Karnå sabalanipún waradin. Nangíng balanipún sadåyå sami susah. Tuwín garwanipún inggíh sangêt susah, amargi sampún kathah dalajatipún, amratandhani yèn Prabu Karnå badhé kasóran pêrangipún.
***
Kocap Pandhåwå, Prabu Dwåråwati såhå Yudhístirå tuwín Janåkå. Íng dalu sami tindak dhatèng íng papan paprangan, angupadósi layónipún Drunå tuwin Bísmå. Sarêng sampún kapanggíh, lajêng sami kabêsmi. Sasirêpíng latu, wóntên swårå, asanjang yèn Pandhåwå badhé mênang íng pêrangipún. Prabu Krêsnå, Yudístirå, sartå Janåkå, lajêng sami kóndúr masanggrahan. Ínjingipún lajêng sami anabúh têngaraníng pêrang. Sarêng sampún sami tåtå barísipún, lajêng sami amêdali íng pêrang. Íng sadintên punikå Pandåwå kaliyan Koråwå katah íngkang pêjah. Bibar kasapút íng dalu.
Íng dalu Prabu Suyudånå sami pirêmbagan akaliyan pårå ratu: Salyå, Karnå, sami wóntên íng ngarså. Prabu Karnå anyuwún kusír dhatêng Prabu Suyudånå. Wóndéníng íngkang dipún suwún Prabu Salyå íng Mandaråkå, supadós timbangå akaliyan kusíripún Radèn Janåkå. Atúripún Prabu Karnå, yèn Prabu Salyå kaparíngakên dadós kusír, dipún kintên Pandhåwå tumpês íng sadintên bénjíng énjíng déníng jêmparíngipún íngkang nåmå Wijayadanu.
Prabu Salyå sarêng midhangêt atúripún Karnå, sangêt dukanipún. Prabu Suyudånå énggal angrêrêpå, anyêmbah sartå anangís amêmêlas atúripún dhatêng íngkang marasêpúh, katuran nuruti panyuwunipún Karnå, Prabu Salyå dangu dangu sarèh dukanipún, wêlas aningali mantunipún, wusånå anyagahi dadós kusír.
Kocap Pandhåwå sami pirêmbagan. Krêsnå ngandikå dhatêng Radèn Janåkå : ”Íng sadinå sésúk kowé kang dadiå Sénapati, anganggoå gêlar Ardåcåndrå, sartå kowé dingati ati. Yèn kowé kurang pangati ati, bakal dadi bilainé awakmu, karånå Si Karnå luwíh saktiné.” Arjunå matúr sandikå.
Énjíngipún sami nabúh têngaraníng pêrang. Pårå ratu akaliyan pårå dipati sami anata barís angrakít gêlar. Íngkang sami nitíh råtå tuwín gajah såhå kapal sampún sami mirantós.
Prabu Karnå nitíh råtå, sartå aningali mêngsahipún, ambêlabar kadós sagantên. Karnå sakalangkúng sukå såhå matúr datêng kusirípún : “Råmå Prabu, barísipún Pandhåwå anglangkungi kathahipún. Íngkang wóntên íng pinggír bótên katingal, nangíng mangkê sakêdap kémawón tumpês sadåyå déníng jêmparíng Wijåyådanu.”
Prabu Salyå sarêng mirêng sangêt éwå, sartå amajanani, wangsulanipún : “Hèh, Karnå, kiraku kówé ora biså anumpês Pandhåwå kowé dakupamakaké iwak mêntah, Pandhåwå kang bakal angolah, íng sakarêp karêpé iyå dadi.”
Karnå sarêng midhangêt sangêt íng wirangipún sartå nêpsu, akén ngajêngakên råtå sartå mênthang gandhéwå. Koråwå sarêng aningali sénapatinipún majêng, lajêng ambyúk mangsah íng pêrang. Pandhåwå anadhahi. Raméníng pêrang kadós alún anêmpúh rêdi. Koråwå wêwah íng kakêndhêlanipún amargi ningali sénapatinipún sakalangkúng kêndhêl sartå sakti, dasar bagús warninipún. Jêmparíngipún Karnå ambarubúl wêdalipún sakíng gandhéwå, ngêbêki íng paprangan. Bålå Pandhåwå kathah íngkang pêjah, ratanipún Karnå ngalójók anglancangi bålå, kaidak purún. Koråwå anuruti angrubút mêngsah.
Bålå Pandhåwå bibrah tatanipún, girís aningali tandangipún Karnå såhå kawús kålå pêjahipún Gatutkåcå déníng Suryåputrå. Bålå Pandhåwå lajêng larút. Radén Nakulå, Yuyutsuh, Drusåjumênå, ratanipún sami rêmúk, dipún jêmparíng dhatêng Karnå. Nuntên sami lumajêng.
Prabu Yudístirå, Arjunå, Wrêkodårå, énggal sami anulungi, mêthúkakên pangamukipún Karnå sartå sami nglêpasi jêmparíng. Bålå Koråwå kathah íngkang pêjah, kandhêg ratanipún Karnå, lajêng sami pêrang ijén ijénan, ajêmparíng jinêmparíng.
***
dursasanaPrabu Suyudånå dipún jêmparíng dhatêng Wrêkodårå dhawah kalumah, nangíng bótên pasah, lajêng andhêlík wóntên wingkíngipún íng barís. Radén Wrêsåsénå, putranipún prabu Karnå, pêjah déníng Radèn Sêtyaki. Prabu Suyudånå kapanggíh kaliyan Wrêkodårå, lajêng dipún jêmparíng datêng Wrêkodårå, kéngíng kêndhêngipún pêdhót, anuntên lumajêng. Radèn Dursåsånå, íngkang rayi Prabu Suyudånå, énggal angalingi íngkang råkå, amêthúkakên Wrêkodårå, sartå nitíh gajah, anglêpasi jêmparíng anåma Barlå. Wrêkodårå kéngíng jajanipun, dhawah kabantíng, nangíng bótên pasah. Nuntên tangi anyandhak gådå sartå angêsúk. Gajahipun Dursåsånå dipún gådå sirahipún ajur. Dursåsånå énggal lumumpat dhatêng siti. Nuntên sami gådå ginådå. Dursåsånå rumaós kuwalahan, badhé lumajêng, lajêng dipún jambak rambutipún sartå kasêndhal dhatêng Wrêkodårå dhawah kalumah, rambutipún taksíh kacêpêng datêng Wrêkodårå sartå dipún gadani.
Prabu Suyudånå sasêdhèrèkipún nulungi, sami anjêmparingi, nangíng Wrêkodårå bótên ajríh. Prabu Yudhístirå sasêntananipún lajêng sami amêthúkakên pêrangipún Prabu Suyudånå, dadós Radèn Wrêkodårå wau dipún suraki kémawón sakíng katêbihan.
Radèn Wrêkodårå íng sakajêng kajêngipún, anggènipún badhé damêl pangéwan éwan dhatêng Dursåsånå, sartå wicantên sêru anyêlúk pårå déwa tuwín pårå ratu mêngsah såhå Pandhåwå sadåyå : “Hèh, kabèh pådhå anêksênånå, yèn aku bakal angluwari kaulé ipéku kang jênêng Dèwi Drupadi garwané kakang Prabu Yudhístirå. Iku ora gêlêm gêlungan íng salawasé, yèn durúng kêramas gêtihé Si Dúrsåsånå. Íng mêngko bakal kalakón.”
dewi-drupadiKacariyós, milå Dèwi Drupadi gadhah kaúl makatên, kålå sadèrèngipún pêrang Bråtåyudå, Prabu Yudhístirå sasêdhèrêkipún pinuju sami késah tåpå. Dèwi Drupadi lajêng kabóyóng dhatêng nagari íng Ngastinå. Wóntên íng ngriku dipún pisakít såhå kadamêl sawênang wênang dhatêng Radèn Drusåsånå.
Kacariyós Radén Wrêkodårå anggènipún damêl pangéwan éwan wau, wêtêngipún Dursåsånå kabêdhèl, rahipún dipún kókóp. Barabéyanipún kaodhèt odhèt, lajêng dipún awút awút. Suku sartå tanganipún sinêmpal sêmpal, lajêng dipún balang balangakên. Sirahipún kaêjúr íng gådå. Radèn Wrêkodårå lajêng mundúr dhatêng íng pasanggrahan sumêdyå manggihi Déwi Drupadi, sartå ambêksa samargi margi. Prabu Yudhístirå sasêntananipún tuwín íngkang garwå énggal sami mêthúk angurmati, sartå anggunggúng dhatêng Wrêkodårå. Jénggót sartå bréngósipún Radèn Wrêkodårå taksíh gupak rah, lajêng dipún pêrês wóntên íng mastakanipún Dèwi Drupadi. Íng ngriku luwaré punaginipún. Pandhåwå sami sukå, íng sakêdhap punikå kèndêl anggènipún pêrang.



8. KARNÅ PÊRANG KALIYAN ARJUNÅ, TIWAS SALYÅ
NGULUNGAKÊN PÊJAHIPÚN DATÊNG PANDHÅWÅ.
prabu-karnaSarêng wanci lingsir kilèn Pandhåwå sami gègèr aningali mêngsah dhatêng, ratanipún Karnå sampún dumugi satêngahing paprangan, anglancangi balanipún. Bålå Koråwå sami anututi manêngah.
Prabu Krêsnå énggal angatag Arjunå, dipún kèn nitih råtå. amêthúkakên pêrangipún Karnå. Radén Janåkå énggal nitih råtå, ingkang ngusiri Prabu Krêsnå. Bålå Pandhåwå sartå Koråwå sami anyuraki saking katêbihan kémawón.
Wóndéning ingkang pêrang amúng sénapatinipún kémawón, sami satunggil, inggih punikå ingkang dipun wastani : Pêrang Karnå tinandhing. Milå dipún wastani makatên, déné warnanipún kêmbar akaliyan Radèn Janåkå. Sami bagusipún, kèndhêl sartå kasêkténipún inggih sami, tuwin kasagêdanipún. Dhasar sadhèrèkipún piyambak, tunggil ibu sanés båpå. Amúng pasêmónipún ingkang sanès, Prabu Karnå sêmu ladak, Radén Janåkå sêmu lurúh. Sartå sami gadhah jêmparing pêparinging déwå. Prabu Karnå jêmparingipún anåmå Wijåyådanu, punåpå saciptanipún ingkang gadhah, Wijåyådanu inggih dadós. Radén Dananjåyå jêmparingipún kêkalih , satunggil anåmå Sarutåmå, satunggil anåmå Pasopati, punåpå saciptanipún Radén Dananjåyå, jêmparing kêkalih wau inggih dadós.
Wóndéning ingkang dadós kusiripún inggih sami ratu agêng : Prabu Salyå akaliyan Prabu Krêsnå, Milå pårå déwå, pårå widadari tuwin Pandhåwå såhå Koråwå, ingkang aningali pêrangipún satriyå kêkalih wau sami anggadhahi pangéman, yèn pêjahå ing salah satunggil, badhé bótên wóntên ingkang dipún tingali.
Karnå kaliyan Arjunå lajêng sami angabên kasêktên. Ratanipún sami ubêng ubêngan, sami lêpas linêpasan jêmparing. Prabu Karnå amênthang gandhéwå sartå angincêng jêmparingipún. Nuntên kasaru wóntên sawêr dhatêng ing ngarsanipún, cumalórót saking ngawang awang, agêngipún anglangkungi, sagêd wicantên kadós tiyang, anåmå Ardåwalikå. Matúr dathêng Prabu Karnå: yén badhé amalês ukúm dhatêng Arjunå.
Karnå amangsuli : ”Sakarêpmu ing kånå, ênggónmu arêp maténi si Janåkå, aku ora anyênyambat marang kowé!“
Radén Janåkå énggal anyandhak jêmparing, lajêng kalêpasakên. Sawêr pún Ardåwalikå kénging lajêng pêjah, gumêbrúg dhawah ing siti.
Prabu Karnå anggénipún ngincêng jêmparing wau angangkah jangganipún Radén Janåkå. Prabu Salyå sumêrêp, yèn pangincêngipún Prabu Karnå wau badhé ambilaèni dhatêng Radén Dananjåyå. Nuntên têtalining kapal dipún tarik, ratanipún lajêng gonjing anyarêngi uculing jêmparing, dadós éwah ing pangincêngipún, kapårå manginggil. Radén Janåkå makutanipún timpal kénging jêmparing. Prabu Krêsnå énggal anulungi, angêlus rémå sartå anglêrêsakên makutanipún.
Karnå sangêt ing gêtunipún, déné Radén Janåkå botên kénging jangganipún, nanging botên sumêrêp yén dipun pandamêl dhatêng kusiripún. Prabu Karnå nuntên nyandhak jêmparingipún Wijåyådanu, sartå kawawas, Ingkang dipún angkah jangganipún Arjunå. Prabu Salyå lajêng anggênjót ratanipún, anyarêngi uculing jêmparing. Radén Dananjåyå kénging gêlunganipún tatas.
Janåkå sangêt nêpsunipún sartå lingsêm, énggal malês anjêmparing. Kapal pangiriding ratanipún Karnå tatas sukunipún sadåyå. Radèn Janåkå amawas malih jêmparing pún Pasopati. Prabu Karnå inggih amawas pún Wijåyådanu, sartå dipún mantrani. Nanging karumiyinan dhatêng radén Janåkå.
Prabu Karnå tugêl jangganipún, kénging ing jêmparing Pasopati. gumêbrúg dhawah salêbêting råtå. Bålå Pandåwå surak gumêrah. Koråwå sami lumajêng. Nuntên sami amargi kasapút ing dalu.
***
Prabu Suyudånå apirêmbagan kaliyan patih Sangkuni, sartå prabu Salyå, tuwin ingkang rayi rayi ingkang namúng kantúnkalihdåså, sadåyå sampún sami pêjah. Prabu Suyudånå matúr sarwi anangis dhatêng Prabu Salyå, dipún aturi dadós sénåpati, angrêbatå nagari ing Ngastinå. Wangsulanipún Salyå bótên purún, sartå angrêmbagi amasrahnå nagari Ngastinå ingkang sapalih dhatêng Pandåwå. Yèn Pandåwå bótên narimah, Salyå sagah anumpês .
Aturipún Prabu Suyudånå bótên parêng, awit sampún kasèp. sartå putrå tuwín sadhèrèkipún kathah íngkang sampun sami pêjah. Adangu sami diyå diniyå
aswatama
Anuntên Radén Aswåtåmå dhatêng, lajêng wicantên saru, sartå amêlèhakên pratingkahipún Prabu Salyå, kalanipún angusiri pêrangipún Karnå.
Prabu Salyå sangêt dukanipún, lajêng badhé kêrêngan kaliyan Aswåtåmå, nuntên kapisah dhatêng Suyudånå. Radèn Aswåtåmå katundúng, lajêng késah atåpå dhatêng íng wånå.
Prabu Salyå sarèh íng dukanipún, wusånå anyagahi dadós sénåpati. Prabu Suyudånå sukå íng galíhipún, lajêng angganjar busånå kang saé saé dhatêng bålå íng Mandaråkå, sadåyå waradín.
Sampun misuwúr yèn Prabu Salyå dadós sénåpati. Antawís kalíh dintên kèndêlipún íng pêrang.
Pandhåwå sampún sami mirêng, yèn Prabu Salyå dadós sénåpatiníng Koråwå, lajêng sami bingúng. Prabu Yudhístirå sasêdhèrèkipún sami nêdyå pasrah pêjah kémawón dhatêng Prabu Salyå, awít sakíng ajríhipún. Dasar ratu sêpuh såhå kapêrnah sêpuh, sartå sakalangkúng sêkti, bótên wóntên purún anadhahånå pêrangipún.
***
raden-nakula
Prabu Krêsnå lajêng dawah dhatêng Radén Nakulå, sartå Sadéwå, kapuríh sowan dhatêng íngkang uwå Prabu Salyå,
sartå kawulang pratingkahipún yén sampún dumugi íng ngarsanipún Prabu Salyå.
Radén Nakulå sartå Sadéwå lajêng mangkat dhatêng íng pasanggrahan Mandaråkå, tanpå bålå. Sarêng dumugi íng ngriku, Prabu Salyå kapanggíh wóntên íng sanggar pamujan. Radén Nakulå lan Sadéwå lajêng angrungkêbi sukunipún íngkang uwå, sartå anangís. Aturipún : „Bilíh uwå prabu saèstu dadós sénapati, bótên sandé badan kulå, såhå sadèrèk kulå sadåyå, badhé tumpês déníng sampéyan, tuwín pårå Ratu Pandhåwå sadåyå inggíh sami ajríh dhatêng kasêktèn sampéyan. Aluwúng kulå pêjahå íng sapunikå kémawón.” Radèn Nakulå såhå Sadéwa lajêng sami narik dhuwung, ajêng sudúk sarirå.
Prabu Salyå énggal anyandhak duwungipún íngkang putrå kalíh pisan. Angrangkul sartå amuwún. Pangandikanipun : “Wís åjå nangís, sanadyan aku wís katrucút sagah dadi sénåpåti, íng batín bangêt trêsnaku marang kowé, karånå aku wís ora duwé anak lanang. Anakku Si Burísråwå lan Si Rukmåråtå wís pådhå mati íng pêrang Bråtåyudå, dadi íng mêngko múng kowé kang wajíb duwé nêgaraku íng Mandaråkå.
Déné wêkasku, sésúk yèn aku maju íng pêrang, kakangmu Si Yudístirå baé kónên mapagaké pêrangku, sartå jimaté kang aran Kalimausådå, iku kónên manahaké marang aku, amêsthi íng kono patiku. Yèn liyå såkå íng iku, gêgaman liyané dakkirå ora nånå kang tumåmå íng awakku, lan nora nånå kang biså angalahaké ajiku Cåndhåbiråwå; karånå kalané íng biyén aku matêni måråtuwaku aran Bagawan Bagaspati, iku nuli ånå swårå, ujaríng swårå : ”Héh, Salyå bésúk íng pêrang Bratåyudå, yên ånå ratu ambêk pandhitå, sartå duwé jimat Kalimåusådå, íng kono aku malês marang kowé.” Sartå aku ditinggali aji Cåndhåbiwårå. Amúng wêkasku marang kowé, yén aku mati, nagara íng Mandaråkå baé mångså bodhoå kowé. Wís kowé nuli mulihå!”
raden-werkudara
Radên Nakula såhå Sadéwa sangsåyå sangêt anggênipún muwún, lajêng pamít mantúk. Samargi margi bótên kéndêl angusapi êlúh. Sadhatêngipún íng pasanggrahan, lajêng sowan íngkang råkå Prabu Yudhístirå, tuwín Prabu Krêsnå, Wrêkodårå, Janåkå. Radèn Nakulå saha Sadéwå lajêng matúr íng sawêwêlingipún Prabu Salyå.
Prabu Yudístirå sakaliyan Arjunå sarêng midhangêt lajêng sami muwún, wêlas datêng Prabu Salyå.
Prabu Krêsnå akaliyan Wrêkodårå sami gumujêng, sartå anglirík dhatêng Prabu Yudístirå, sabab salaminipún gêsang, Prabu Yudhístirå punikå dèrèng naté dukå, såhå dèrèng nåté
anyakítakên manahíng tiyang, mångkå íng mangké badhé anglampahi mêjahi Prabu Salyå.
***
prabu-baladewa
Kacariyós malíh pasanggrahan íng Mandaråkå, garwanipún Prabu Salyå, anåmå Dèwi Sêtyawati, anglangkungi ayunipún. sartå pakarti, sagêd angladósi kakúng, sartå pantês íng salêléwanipún. Sampún patutan gangsal, íngkang jalêr kêkalíh, anåmå Radèn Burísråwå akaliyan Rukmåråtå, nangíng sampún sami pêjah íng pêrang Bråtåyudå. Putranipún èstri tigå, satunggil kagarwå dhatêng Prabu Suyudånå, satunggíl kagarwå íng Prabu Karnå, satunggílipún kagarwå íng Prabu Bålådéwå íng Mandurå.
Íng sapêngkêripún Radèn Nakulå sartå Sadéwå, Dèwi Sêtyawati sangêt anggénipún muwún, anêthah dhatêng íngkang råkå, déné ambélakakên isarat íngkang badhé adamêl íng sédanipún, bótên angówèl sariranipún, sartå putrå putranipún èstri, amilalah kapénakanipún. Déwi Sêtyawati badhé sudúk sasirå, Prabu Salyå énggal anyandhak patrêmipún íngkang rayi, sartå anyêrêpakên íngkang dadós karsanipún. Lajêng dipún ngungrúm, kabêktå dhatêng íng pasaréan.
prabu-salyaSarêng íng bangún énjíng íngkang garwå kapatós nggènipún saré, abantal astanipún íngkang råkå, sartå paningsêtipún dipún tindhihi íngkang sapalíh. Prabu Salyå alón andudút astanipún, paningsêtipún lajêng katigas íng dhuwúng. Nuntên tumêdhak liríh, íngkang garwå lajêng dipún apít íng gulíng, sartå payudaranipún kasêsêlan íng golèk kancånå, sartå kawicantênakên : ”Ibu, Si bapak lungå pêrang.”
Prabu Salyå lajêng têdhak íng jawi, aningali srêngéngé sampún malêthèk. Balanipún sampún pêpak, nuntên wangsúl angrangkúl sarta angarasi íngkang garwå. Pangandikanipún : ”Nimas, kariå saré, aku pamít pêrang.” Anggènipún ngandikå makatên punika sarwi amêgêng waspå.
Prabu Salyå lajêng dandós. Srêngéngé sampún inggíl. Balanipún dangu anggènipún sami ngêntósi. Prabu Salyå miyós anitíh råtå. Balanipún lajêng anabuhi têngaraníng pêrang, såhå angrakít gêlar. Prabu Suyudånå sabalanipún angumpúl wóntên íng ngriku.
Pandhåwå inggíh sampún angrakít gêlar såhå anabúh têngårå, lajêng mangsah íng pêrang. Têmpúhíng pêrang kadós mêndhúng pêthukan sami mêndhúng, raméníng pêrang swaranipún kadós rêdi jugrúg. Sampun kathah íngkang pêjah. Koråwå amêstèkakên yèn Pandhåwå baddhé tumpês déníng sénapati Salyå.
Prabu Salyå amêdalakên aji Cåndhåbiråwå, anuntên kathah sarta warni warni danåwå íngkang mêdal sakíng sariranipún. Angêbêki íng paprangan, sartå sami ambêktå dêdamêl. Ambêbujêng mêngsah, anggadani, amêdhangi såhå anyakóti mêngsah. Yèn kawalês dipún pêjahi, sangsåyå wêwah kathah.
Koråwå surak gumêrah sartå sami sukå aningali.
Bålå Pandhåwå kåthah íngkung pêjah, girís sami lumajêng. ngungsi wingkíngipún Prabu Krêsnå såhå prabu Yudístirå. Prabu Krêsnå lajêng angundhangi bålå Pandhåwå sadåyå, andikakakên ambucali dêdamêlipún, sartå sami kêkudungå.
Lajêng sami anglampahi dhawúhipún Prabu Krêsnå sadåyå. Dawånå íngkang mêdal sakíng aji Cåndhåbiråwå lajêng sami dhêlóg dhêlóg kémawón, angadêpi mêngsahipún.
prabu-yudhistira
Prabu Krêsnå anuntên angatag dhatêng Prabu Yudhístirå amêthúkna pêrangipún Salyå. Prabu Yudhístirå énggal anitíh råtå, majêng dhatêng íng paprangan. Prabu Salyå amatak aji Cåndhåbiråwå malíh, ambrubúl wêdalíng danåwå sakíng sariranipún. Agêng agêng sartå katah, angungkúli íngkang rumiyín. Sami amurúgi Prabú Yudhístirå.
Prabu Yudhístirå énggal amawas Kalimausada, amêdalakên latu anglangkungi agêngipún. Latu wau lajêng ambêsmi danåwå wau, têlas kabêsmi sadåyå.
Prabu Yudhístirå lajêng anglêpasakên Kalimåusådå. Prabu Salyå kénging jajanipún pêjah, gumêbrúg Yudhístirå dhawah ing råtå. Bålå Pandåwå surak gumêrah, sartå ambyúk ambujêng mêngsah. Koråwå lumajêng ing sapurug purúg. Nanging kathah ingkang kacandhak pêjah tuwin têlúk. Patih Sangkuni kacandak dhatêng Radèn Wrêkodårå, lajêng dipún sêmpal sêmpal.
Prabu Suyudånå lajêng kondúr dhatêng pasanggrahanipún, sabålå punggåwå såhå satriyanipún.
Wóntên bupati ing Mandaråkå satunggil sampún sêpúh, katatón kalanipún andhèrèk Prabu Salya amêdali pêrang, punikå apratélå dhatêng Dèwi Sêtyawati, yèn ingkang råkå sédå wóntên ing paprangan.
Sarêng dipún pratélani makatên, Déwi Sêtyawati lajêng kantu. Sasampuning êngêt, kêkah ing karså badhé ambélani ingkang råkå, lajêng anitih råtå sarwi angastå patrêm, kadêrêkakên ing prékan satunggil, anåmå Sugandini. Sumêdya tindak dhumatêng ing Kurusétrå, angupadósi layónipún ingkang råkå.
Sarêng andhungkap dumugi ing Kurusétrå, ratanipún rêmúk, dadós kapêkså tindak dharat angupadósi layóning råkå. Dangu dangu pinanggíh Dèwi Sêtyawati énggal angunus patrêm. Katamakakên íng jajanipún, lajêng sédå. Parékan íngkang nåmå Sugandini inggíh sudúk sarirå, ambélani gustinipún.
Anuntên pårå déwå såhå pårå widådari sami angiríng nyawanipún Prabu Salyå, akaliyan nyawanipún Dèwi Sêtyawati dhumatêng íng Surålåyå. Wóntên íng ngriku sami pakantúk kanugrahaníng swargå.



9. SUYUDÅNÅ PÊRANG KALIYAN WRÊKODÅRÅ.
PANDHÅWÅ LUMÊBÊT DHATÊNG NGASTINÅ.
prabu-suyudana
Kacariyós Prabu Suyudånå, sabêdhahipún nagari íng Ngastinå, sakíng mirisipún asingidan wóntên sungapaníng sagantên, angêdhêm íng toyå. Anangíng katitík pasingidanipún déníng bålå Pandåwå. Lajêng kapratélakakên dhumatêng Prabu Yudístirå, såhå dhumatêng Prabu Krêsnå. Anuntên sami bidhal sabalanipún.
Sadhatêngipún wóntên sungapaníng sagantên, bålå Pandåwå
sami sumêrêp íng solahipún Prabu Suyudånå angêdhêm salêbêtíng toyå. Wrêkodårå anyumbari sakíng íng dharatan, sartå anguwús uwús, awít bótên prayogi yên ratu kawón pêrangipún lajêng singidan ajríh manawi pêjah. Kapuríh mêntaså badhé kaajak pêrang tandhíng.
Prabu Suyudånå sarêng mirêng énggal mêntas sakíng toyå, réyab réyab sartå kalêbús, anjujúg íng ngarsané Prabu Krêsnå, Prabu Krêsnå anantún, punåpå purún kaabên pêrang tandhíng kaliyan Wrêkodårå. Wangsulanipún Suyudånå inggíh purún. Prabu Krêsnå paréntah dhatêng balanipún, kinèn anyukani busånå karajan dhatêng Prabu Suyudånå, sartå dêdamêl gådå.
prabu-baladewa
Nuntên kasaru rawúhipún Prabu Bålådéwå íng Mandurå, sakíng tåpå sangandhapíng grójógan toyå agêng. Prabu Krêsnå kaliyan Prabu Yudhístirå sasêdhèrèkipún énggal sami amêthúk sartå ambagèkakên. Sartå apratélå, yèn Prabu Bålådéwå bótên amêningi pêrang Bråtåyudå, nangíng badhé amêningi pêrang tandhíngipún Wrêkodårå kaliyan Suyudånå. Prabu Bålådéwå kaaturan ngidinånå.
Wangsulanipún Prabu Bålådéwå : milå énggal kondúr sakíng pratapan awít dipún sanjangi dhatêng Sanghyang Narådå, yèn badhé bótên amêningi pêrang Bråtåyudå. Déné íng mangké inggíh sumêdyå angidini dhatêng íngkang badhé sami pêrang tandíng.
Wóndéné Prabu Suyudånå wau sarêng aningali rawuhipún Prabu Bålådéwå, sakalangkúng bingahíng galihipún, cíptå badhé wóntên íngkang mitulungi íng sariranipún. Awít
nagari Mandura punikå kabawah ing nagari Ngastinå, sartå Prabu Bålådéwå kadamêl ratu andêl andêlíng pêrang.
raden-werkudara
Sasampuníng Prabu Suyudånå angagêm busånå karajan, sartå angastå gådå agêng, lajêng wiwít perang tandhíng kaliyan Wrêkodårå. Arjuna maras íng galíh, bilíh íngkang råkå kasóran prangipún. Énggal matur pitakên dhatêng Prabu Krêsnå : sintên kang badhé kasóran pêrangipún.
Prabu Krêsnå anyêrêpakên, sartå Arjunå kadhawahan angêngêtnå dhatêng Wrêkodara, sakíng katêbihan kémawón, yén pangapêsipún Prabu Suyudånå wóntên pupunipún kang kiwa, Arjunå énggal anyakêti íng sawêtawís kang apêrang tandíng.
Arjuna angèjêpi sarwi anampèl wêntisipún kang kiwå. Wrêkodårå sakêdhap aningali pamangsítipún ingkang rayi, sampún anampèni, énggal ngangsêg pêrangipún sumêdyå ngrukêt. Suyudånå kéwêdan, sumêdya ngoncati amapan kang ombér, Lajêng milar, sinarêngan sinabêt íng gådå dhatêng Wrêkodårå, kéngíng wêntísipún kiwå. Suyudana ambrúk, lajêng pinupúh íng gådå, jinambak sartå dhinupakan dhatêng Wrêkodårå.
Prabu Bålådéwå sangêt muríng ing galíh, awít pamalanipún Wrêkodårå sawênang wênang, bótên anganggé caraníng pêrang ratu. Énggal anyandhak nênggålå, kaayatakên dhatêng Wrêkodårå, Prabu Krêsna sarêng aningali, gugúp íng galíh, énggal anyandak nanggalanipún Prabu Bålådéwa, sarwi matúr ngrarapu, sampún ngantós andahwèni íng solahipún Wrêkodårå. Mila amanggíh pêjah siyå siyå makatên, awít Prabu Suyudånå punika kéngíng ipat ipating Bagawan Méntriyå, kaliyan kéngíng panêdhanipún Déwi Drupadi. Sabab Dêwi Drupadi wau kålå rumiyín siniyå siyå, dadós Wrêkodårå punikå drêmi amalêsakên. Prabu Baladéwå sampún lilíh galíhípún, lajêng kaaturan angrumiyinånå lumêbêt dhatêng nagari Ngastinå. Prabu Bålådéwå inggíh lajêng amiturút íng aturipún ingkang rayi Prabu Krêsnå.
Sapêngkêripún Prabu Bålådéwå, Wrêkodårå andumugèkakên íng sakarsanipún nggêníng damêl sawênang wênang dhatêng Suyudånå. Sarêng Suyudånå sampún rêmuk badanipún lajêng anyuwårå bótên purún pêjah yèn dèrèng atapakan sirahíng Pandhåwå. Nangíng swårå wau bótên kapaèlu dhatêng Wrêkodårå.
Prabu Krêsnå kaliyan Prabu Yudhístirå, Wrêkodårå sabalanipún nuntên sami wangsúl dhatêng íng pasanggrahan. Jisimipún Suyudånå katilar wóntên íng ngriku. Kålå samantên Prabu Krêsnå kaliyan Prabu Yudhístirå dèrèng karså lumêbêt dhatêng nagari Ngastinå. Sabên íng wanci dalu sami midêr midêr íng tilas papan paprangan, tuwín íng wånå sartå ing rêdi.
***
aswatama
Kacariyós wóntên putranipún jalêr pandhitå Drunå satunggíl, anåmå Aswåtåmå ; punikå kalanipún taksíh salêbêtíng pêrang Bråtåyudå, apadudón kaliyan Prabu Salyå, mèh dadós påncåkårå. Nangíng Prabu Suyudånå anglêrêsakên Prabu Salyå.
Aswåtåmå sakít manahipún, lajêng késah tåpå wóntên satêngahíng wånå. Bêdhahipún nagari íng Ngastinå Aswåtåmå bótên sumêrêp.
Kålå samantên Aswåtåmå sangêt kagèt kadhatêngan garwanipún Prabu Suyudånå, sartå santånå íng Ngastinå kêkalíh, anåmå Karpå kaliyan Kartåmarmå. Sami sanjang yèn íng Ngastinå sampún bêdhah, Prabu Suyudånå ical satêngahíng paprangan, bótên kantênan pêjah gêsangipún. Aswåtåmå ngêrês manahipún, awêlas datêng Prabu Suyudånå, cíptanipún badhé ambélani íng kasusahan. Lajêng mangkat sakíng wånå, alampah pandúng, sumêdya anyidrå pårå pangagêngíng Pandhåwå. Karpå, Kartåmarmå inggíh tumút.
Sadumuginipún íng pasanggrahan íng wanci dalu, Prabu Krêsnå pinuju késah midêr midêr. Prabu Yudhístirå sasêdulúripún gangsal inggíh sami andhèrèk.
Aswåtåmå wau lajêng anjujug pasanggrahanipún Drusåjumênå kaliyan dèwi Srikandhi. Kalíh pisan sampún sami katigas jangganipún. Íng pasanggrahan gègèr sartå tangís gumêrah. Aswåtåmå lajêng ngamúk angagêm jêmparíng latu, kathah angsalipún pêpêjah. Radèn Påncåwålå, putranipún jalêr Prabu Yudístirå, tumuntên wungu, amêthúkakên pangamúkipún Aswåtåmå, dangu sami alancaran jêmparíng. Påncåwålå kasóran, sampún pêjah amargi dipún jêmparíng. Aswåtåmå tuwín Karpå punåpå déné Kartåmarmå, tumuntên sami mundúr dhatêng íng wånå malíh.
Sarêng wanci byar Prabu Krêsnå kaliyan Prabu Yudhístirå sasêdulúripún sami rawúh íng pasanggrahan. Kagét mirêng swaraníng tangís gumêrah. Lajêng kapratélan, yén Påncåwålå, kalíh Drusajumênå, tigå Dêwi Srikandi, sami pêjah, amargi dipún cidrå dhatêng Aswåtåmå.
Prabu Yudístirå sasêdulúripún lajêng sami muwún sartå sangêt prihatós. Prabu Krêsnå tansah amituturi supadós sampún ngantós sami sangêt prihatós, awít íngkang sami pêjah wau sampún kalêbêt íng pêpêstènipún piyambak.
begawan-abiyasa2
Anuntên sami kagèt íng rawúhipún Bagawan Abiyåså, íngkang éyang Prabu Judhístirå. Bótên wóntên íngkang sumêrêp íng sangkanipún, awít Bagawan Abiyåså wau sampún gêntúr íng tapanipún, sampún prasasat déwå. Íngkang sami muwún lajêng sirêp. Énggal sami ngabêkti dhatêng íngkang sawêg rawúh.
Bagawan Abiyåså nuntên amituturi dhatêng pårå wayahipún kang sami prihatós, sami angicalnå íng prihatósipún, awít tanpå damêl yèn kagalihå, sartå sampún kalêbêt íng pêpêsthènipún. Kaliyan sami kapuríh angèstókna sartå anglampahanå sabarang paréntahipún Prabu Krêsnå, amêsthi baddhé amanggíh kamulyaníng pêjah. Balík íngkang bótên sami anglampahi, saèstu badhé manggíh sangsaraníng pêjah, sabab Prabu Krêsnå punikå titisipún Batårå Wísnu, milå prayógi yèn dipún ênutå. Sanadyan déwå íng Surålåyå inggíh ugi bótên wóntên purún ambadali íng paréntahipún Batårå Wísnu, Pårå wayah tuwín kang sami prihatós wau, íng sakålå sami ical íng kaprihatósipún. Bagawan Abiyåså lajêng pamít, músnå sakíng íng ngriku.
***
kartamarma
Anuntên wóntên bålå kang amratélakakên ing panggénanipún
Aswåtåmå, wóntên ing dukúh satêngahing wånå; Karpå kaliyan Kartåmarmå inggih tumút wóntên ing ngriku.
Prabu Krêsnå sartå Prabu Yudhistirå lajêng bidhalan sabalanipún, sumêdya anglurugi Aswåtåmå, Dukúh pratapanipún Aswåtåmå sampún kinêpang sarta sinurakan. Aswåtåmå, Karpå, Kartåmarmå sami mêdal amêthúkakên pêrang. Aswåtåmå angayatakên jêmparíng, anåmå Cundhåmaník, wasiyat sakíng bapakipún kang nåmå pandhitå Drunå. Sarêng kawawas mêdal latu agêng. Prabu Krêsnå énggal ngatag dhatêng Arjunå, anangkiså jêmparíng latu wau, Arjunå lajêng amawas jêmparíng Pasopati. Inggíh mêdal latu agêng, atêmpuh sami latu. Sakíng agênging latu urubipún sundhúl íng Surålåyå. Pårå déwå sami kagégéran.
Batårå Guru énggal angutús Sanghyang Narådå, andawahakên dêdukå dhatêng kang pêrang, awít purún purún amêdalakên jêmparíng latu. Sanghyang Narådå nuntên tumurún. Íngkang sami pêrang kadhawahan angracút jêmparíngipún latu, awít jêmparíng kêkalíh punikå sami dêdamêl íng Surålåyå, bótên kéngíng yèn kaanggéå wóntên íng marcåpådå, amêsthi badhé angrisakakên.
Arjunå sasampunipún angracút jêmparíngipún latu, nuntên matúr dhatêng Sanghyang Narådå : ”Milanipun purún anglêpasakên jêmparíng púnikå, awít sakíng paréntahipún Prabu Krêsnå, kinén nangkís. Sanghyang Narådå sarêng mirêng sangêt sukå íng galíh, sartå angapuntên dhatêng Arjunå.
Sanghyang Narådå lajêng andhawahakên dêdukå dhatêng Aswåtåmå, déné purún purún anglêpasakên jêmparíng Cundåmaník. Sabab punikå pêparíngipún Bathårå Guru dhatêng pandhitå Drunå, sartå sampún kawalêran, bótên anglilani yèn kaanggéå pêrang.
Atúr wangsulanipún Aswåtåmå : ”Milå purún anglêpasakên Cundåmaník, amúng kadamêl angajríh ajríhi kémawón, sabab sumêrêp yèn latuníng Cundhåmaník wau bótên purún ambêsmi íng tiyang kang bótên sumêdyå sikårå.”
Sanghyang Narådå inggíh lajêng angapuntên dhatêng Aswåtåma, nangíng jêmparíng Cundhåmaník kapundhút lajêng kaparíngakên dhatêng Arjunå, inggíh sampun katampén.
Anuntên prabu Krêsnå matúr dhatêng Sanghyang Narådå : Bótên parêng yèn angapuntêna dhatêng Aswåtåmå, sabab sampún anglampahi kadursilan anyidrå Déwi Srikandi, kalíh Pancåwålå, tigå Drustajumênå. Íngkang dadós karsanipún Prabu Krêsnå, bénjíng yítmanipún Aswåtåmå kalêbêtnå íng naråkå salaminipún. Íngkang mangké inggíh bótên kapêjahan, awít dèrèng mangsanipún. Bénjíng putranipun Abimanyu kang nåmå Prabu Parikêsít, punikå kang badhé amêjahi Aswåtåmå, nangíng samangké taksíh wóntên íng wawratan.
Déné yítmanipún Kartåmarmå katitísnå dhatêng sawarninipún kang asíh íng bêbangêr. Amúng Karpå kang dipún apuntên, awít bótên anggadhahi manah kadursilan piyambak, amíng kapêkså sakíng ajríhipún dhatêng Aswåtåmå. Íng mangké taksíh anglulúsakên nggènipún darbé lampah kapandhítan.
Sanghyang Narådå tuwín pårå déwa sådåya inggíh sami sami turút angéstókakên íng karsanipún Prabu Krêsnå, nuntên sami mumbúl wangsúl dhatêng Surålåyå.
***
Prabu Krêsnå kaliyan Prabu Yudhístirå sabålå Pandhåwå tuwín pårå ratu sêsuruhan, lajêng sami bidhal lumêbêt íng nagari Ngastinå, sartå ambóyóng Déwi Banowati. Pasanggrahan íng Kurusétra sampún kabibarakên. Råjåbrånå íng nagari Ngastinå sampún sami kacacahakên. Arjunå lajêng kadhaúpakên kaliyan randhanipún Suyudånå kang nåmå Dèwi Banowati. Sarèhníng Arjunå sangêt asihipún íng tiyang èstri, dadós gêgadhúhanipún jêmparíng Cundamaník kapundhút íng Prabu Yudístirå,
Prabu Krêsnå nuntên anjumênêngakên nåtå Prabu Yudhístirå wóntên íng nagari Ngastinå, kaéstrénan déníng Prabu Bålådéwå sartå pårå ratu sêsuruhan, tuwín pårå jawåtå íng Surålåyå inggíh sami tumurún angidini jumênêngipún nåtå.
Kålå panjênênganipún Prabu Yúdhístirå, nagari íng Ngastinå sakalangkúng arjå, têtiyangipún sami sukå, bótên wóntên kang pinalang galíh, awít karêkså déníng Prabu Krêsnå kaliyan Arjunå. Bilíh wóntên íngkang alampah doråcårå énggal kapapas. Íngkang bodho kasêrêpakên, íngkang musakat kaparingan dånå lumintu, milå sangêt kaéringan déníng mêngsah.
Sarêng sampún lêstantun jumênêngipún nåtå Prabu Yudhístirå, Prabu Bålådéwå kaliyan ratu íng Wiråtå, íng Cêmpålå tuwín pårå ratu sanèsipún, lajêng sami pamít mantúk dhatêng nagarinipún piyambak piyambak, amúng Prabu Krêsnå kang taksíh anênggani wóntên ing Ngastinå.
***


 

Image

saking


Image









Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Komentar Anda, sumbangsih Blog saya...