SAMBUTAN

Selamat datang di
http://460033.blogspot.com
SARANA INTERAKTIF BERBAGI! http://460033.blogspot.com sangat mengharap sumbangan berbagai artikel dari para Pembaca yang budiman. Kesempurnaan hanyalah milik-Nya makadariitu http://460033.blogspot.com sangat mengharap kritik dan saran dari Pembaca. Rachmat W. P.

Jumat, 03 Desember 2010

Lampahan Murwa Kala

dari http://ki-demang.com


Jêjêr ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathårå Guru miyós siniwåkå,
dipún adhêp Bathårå Narådå lan pårå Déwå.
Ngrêmbag kawóntênaning lêlampahan lan papêsthèníng dumadi.
Bótên watawís dangu katungkå sowanipún Bathårå Kålå.
Nyuwúm papancèníng têdhanipún, awít têtêdhan ingkang kålå rumiyín
namúng bangsanipún lêlumutan lan gêgódhóngan, ing sapunika
sampún bótên marêmakên.
Milå lajêng nêdhå bangsaníng kéwan lan ugi asríng nêdha manungså.
Nangíng punikå kacariyós bótên dipún parêngakên.
Awít sakíng punikå Bathårå Kålå nyuwún palilah,ingkang pundi
ingkang dipún parêngakên.
Bathårå Guru ngandika manawi Bathårå Kålå bótên dipún parêngakên
nêdhå sato kéwan lan manungså ingkang dèrèng kalêptan ing lêpat.
Bathårå Kålå dipún parêngakên nêdhå gólónganipún sato kéwan,
sartå ugi manungså, ingkang nandhang lêpatíng dumadi, antawisipún
inggíh punikå:
01. Ontang-antíng, laré ingkang bótên gadhah sadhèrèk.
02. Kêdhånå-kêdhini, sadhèrèk namúng kalíh, jalêr kaliyan èstri.
03. Kêmbar, laré lahír sarêng sadintên, jalêr sami jalêr utawi èstri
sami èstri.
04. Dhampit, laré lahír sarêng sadintên, jalêr kaliyan èstri.
05. Góndhang-kasíh, laré lahír kêmbar, satunggal pêthak bulé,
satunggalipún bótên.
06. Tawang gantungan, laré kêmbar, lahiripún sarênti antawís dintên.
07. Sakrêndhå, laré lahír sarêng sadintên mêdal kalíh utawi langkúng
sartå tunggíl sabungkús.
08. Wungkús, laré lahír bungkús.
09. Wungkúl, laré lahír tanpå ari ari
10. Tibå sampir, 1aré lahír kalúng usús.
11. Tibå ungkêr, 1aré lahír kagubêd ing usús, sartå mêdalipún mawi
sêsakít bótên sagêd nangís.
12. Jêmpinå, laré1ahír dèrèng mangsanipún, kadóstå sawêg ngumúr
pitu utawi wólúng wulan.
13. Margånå, laré lahiripún nuju ibunipún lumampah ing margi.
14. Wahånå, laré lahír nuju wóntên salêbêtíng pajagóngan utawi
paraméan.
15. Julúngwangi, laré1ahiripún nuju wanci palêthèkíng suryå.
16. Julúngsungsang, laré lahír ing wanci têngangé
17. Julúngsarab, laré lahír nuju wanci ngajêngakên sêrapíng súryå.
18. Julúngpujúd, laré lahír wanci sêrapíng súryå.
19. Sêkar sêpasang, sadhèrèk kalíh sami èstri.
20. Ugêr ugêr-lawang, sadhèrèk kalíh sami jalêr.
21. Sêndhang kapít pancuran, sadhèrèk tigå, jalêr, èstri, lajêng jalêr
malíh.
22. Pancuran kapít sêndhang, sadhèrèk tiga, èstri, jalêr, lajêng èstri
malíh.
23. Sarombå, sadhèrèk sêkawan jalêr sadåyå.
24. Sarimpi, sadhèrèk sêkawan, èstri sadåyå.
25. Pandhåwå utawi Pancå putrå, sadhèrèk gangsal jalêr sadåyå.
26. Pandhåwi utawi Pancå putri, sadhèrèk gangsal èstri sadåyå.
27. Pipilan, sadhèrèk gangsal, èstri sêkawan lajêng jalêr.
28. Padangan, sadhèrèk gangsal, jalêr sêkawan lajêng èstri.
29. Siwah utawi Sléwah, laré sléwah
30. Krêsnå, laré cêmêng mulús.
31. Wunglé laré bulé.
32. Walikå, laré ajang.
33. Bungkúl, laré bungkúk wiwít sakíng lahír.
34. Dhêngkak, laré bucu ing ngajêng wiwít saking lahír.
35. Butún, 1aré bucu ing wingkíng wiwít sakíng lahír.
36. Wujíl, 1aré céból.

bathara_guru2
Bathara Guru




Kajawi punikå taksíh kathah panunggilanipún ingkang kalêbêt aradan dadós têdhanipún Bathårå Kålå, ingkang tuwúh sakíng pandamêlipún piyambak. Nangíng bótên kêdah karuwat mawi upåcåra agêng. Cêkap namúng caós sêsaji lan puji donga (nglêbúr doså) élíng waspådå.
Margi gêsang punika têmtu nandhang kalêpatan, antawisipún inggíh punikå:
01. Tiyang damêl griyå énggal mawi kajêng bang bangan lungsúran.
02. Tiyang damêl bagéyaníng griyå mawi tilas sanggar utawi cungkúp.
03. Tiyang ngadêgakên griyå månggåséså, inggíh punikå antawisipún,
êmpyak sasisíh sampún kaêtrapakên, ingkang sasisíh dangu bótên
dipún rampungakên.
04. Tiyang damêl griya tanpå tutúp kéyóng.
05. Tiyang damêl griyå utawi dandósan mawi dêlíng wóng wang.
06. Kontên lan candhélaníng griyå sadalu natas bótên dipún tutúp,
mångkå bótên kanggé kapêrluan.
07. Ngadêg dangu wóntên satêngahíng kóntên.
08. Dangu gandhulan kóntên lan lêndhêtan gêdhègíng griyå.
09. Nugêlakên gandhík utawi pipisan.
10. Ambucal uwúh wóntên lóngan utawi wóntên salêbêtíng griyå.
11. Damêl pawuhan cakêt kaliyan griyå.
12. Damêl sumúr énggal wóntên sangajêngíng griyå lêrês, utawi wóntên
salêbêtíng griyå.
13. Nanêm lung lungan lan sasaminipún wóntên sangajêngíng griyå lêrês.
14. Bótên ngopéni lan siyå dhatêng kapal, maéså, lêmbu lan
sasaminipún.
15. Bótên mraduli dhatêng pantún, pålåwijå lan sasaminipún.
16. Nêdhå nilar kókóh kathah, rêmên damêl sêkúl wadhang lan
sasaminipún.
17. Bótên ngajèni mêmundhi dhatêng båpå babu lan lêluhuripún.
18. Bótên ngajèni mêmundhi dhatêng candhi candhi patilasaning
lêluhuripún.
19. Kunarpå lumampah, kêkésahan têbíh piyambakan ing wanci têngah
dalu utawi têngah siyang.
20. Bathang ucap ucap, tiyang kalíh kêkésahan têbíh tilar kaprayitnan.
21. Gótóng-mayít, tiyang tigå kêkésahan têbih tilar kaprayitnan.
Lan taksíh kathah malíh panunggilanipún.
Bathårå Kålå sasampunipún kaparingan pêprincèníng têdhå, lajêng nyuwún pamít, nuntên bidhal.
Ing sakésahipún Bathårå Kålå, Bathårå Narådå lan pårå Déwå sami munjúk, manawi sangêt kaladúk anggènipún maringi pêprincèníng têdhå dhatêng Bathårå Kålå.
Nangíng Bathårå Guru ngandika, bilíh sadåyå wau sampún kalêbêt lêlampahaníng dumadi.
Sadåyå sami kabingungan.
Sasampunipún karêmbag matêng, supadós budi dåyå énggal nyirêp lan ngalang-alangi kadadósaning dumadi ingkang bótên prayogi punika wau, sarånå dipún ruwat.
Bathårå Guru lajêng dhawúh dhatêng Bathårå Narådå, kadhèrèkakên pårå Déwa, dhatêng Kahyangan Ngutåråsagårå, manggihi Bathårå Wisnu, mundhút tulúng kapuríh ngruwat mêmålå sukêrtaníng manungså, ingkang dadós mangsanipún Bathårå Kålå.
Bathårå Narådå lan pårå Déwa matúr sandikå, nyuwún pamít, lajêng bidhal.

Bibaran paséwakan. Bathårå Guru ngadhatón ing Tinjomåyå.

bathara_narada

Bathara Narada



Madêg ing Rêpat kapanasan. Bathårå Narådå, Bathårå Indrå, Bathårå
Bråmå, Bathårå Sambo, Bathårå Payu lan sadåyå pårå Déwå.
Samåptå ing damêl, lajêng bidhal, prampógan Déwå ngråtå margi.
3. Madêg ing dhukúh Babadan talatah Mêdhangkawít, råndhå Sêmbådå
inggíh råndhå Sêmawít lênggah dipún adhêp anakipún jalêr ontang
antíng, nåmå Jåkå Jatús, dipún pituturi ing rèh tåtåkramaning gêsang.
Dipún dhawuhi adús dhatêng sêndhang Nirmålå ing talågå Madirdå,
supadós sagêd suci kalís sakathahíng mêmålå lan bêbåyå.
Jåkå Jatús ngèstókakên dhawúh, nyuwún pamít, lajêng bidhal.
Lampahipún Jåkå Jatús kalís ing rubda. Sarêng dumugi ing sêndhang
Nirmålå, lajêng anggêbyúr adús kungkúm.
Sigêg.
4. Madêg ing Kahyangan Sêlaman gumpêng inggíh ing Kahyangan
Krêndhåwahånå, Bathari Dúrgå dipún adhêp Jurumåyå, Rinumåyå,
Jåråmåyå, manggihi rawuhipún Bathårå Antågå.
Wawartós bab badhé dumadósíng lêlampahan manékå warnå wóntên
ing jagad paraméyan.
Bótên watawís dangu Bathårå Kålå dhatêng.
Wawartós manawi sampún dipún paringi pêprincèn têtêdhan kathah
sangêt. Nyuwún pamít, nêdyå padós têtêdhan.
Bathårå Antågå tumút andombani, manjíng dhatêng hangganipún Kyai
Téjåmantri inggíh Kyai Tógóg.
Nuntên bidhal.
Ing samargi-margi Bathårå Kålå tansah nêdhå nadhah mêmångså pårå
manungså ingkang sampún kalêbêt aradan.
Andadósakên girís mirisipún bêbrayan gêsang nalikå samantên.
Lampahipún Bathårå Kålå kapanggíh Jåkå Jatús ingkang nuju mêntas
adús sakíng sêndhang Nirmålå.
Nêdyå dipún tadhah kålåmångså, nangíng Jåkå Jatús sanjang manawi
badanipún sampún suci, sampún adús wóntên ing sêndhang Nirmålå.
Bathårå Kålå bótên mraduli, awít Jåkå Jatús punikå laré ontang
antíng.
Lajêng dipún tubrúk, nangíng lêpat, têrús lumajêng, dipún oyak.
Lampahipún Bathårå Kålå kapanggíh Bathårå Narådå lan pårå Déwå.
Bathårå Narådå ngandikå, manawi Bathårå Kålå anggènipún nêdhå
mêmangsanipún namúng kanthi lêlawaran gêsang gêsangan, awít
sakíng dhawúhipún Bathårå Guru, sapunika kêdah sarånå dipún
pêjahi langkúng rumiyín, dipún tamani bêdhåmå.
Manawi sampún pêjah, sawêg kéngíng katadhah kålå mångså.
Bathårå Kålå matúr sandikå, lajêng dipún paringi sanjåtå bêdhåmå.
Bathårå Narådå lan pårå Déwå nuntên nglajêngakên lampah.
Déné Bathårå Kålå ugi nglajêngakên padós mêmangsan.
Sigêg.
5. Madêg ing Kahyangan Ngutåråsagårå, Bathårå Wisnu dipún adhêp
Bathårå Bådråmåyå.
Katungkå rawuhipún Bathårå Narådå lan pårå Déwå, ngandika
ngêmban dhawúh timbalanipún sang Hyang Jagad Guru, dhawúh
dhatêng Bathårå Wisnu supadós ngruwat rêrêtuníng jagad ginêlar
ingkang awit sakíng pandamêlipún Bathårå Kålå.
Bathårå Wisnu matúr sandikå. Lajêng damêl rékådåyå sarånå
pagêlaran padhalangan wayang, Bathara Wisnu dadós dhalang, nåmå
dhalang Kåndhåbuwånå, Bathårå Cåndrå Bådråmåyå dadós panjak
pangêndhang, panggêndèr Bathårå Narådå, pangrêbab Bathårå Indrå,
panylênthêm Bathårå Bråmå, pangênóng Bathårå Sambo, pangêgóng
Bathårå Bayu.
Déné ingkang nyarón imbal lan nyulíng Bathårå Patúk lan Bathårå
Tamburu. Sadåyå sami santún busånå lan santún nåmå.
Sasampunipún samaptå sadåyå dalah wayang sapirantósipún, lajêng
sami bidhal ambarang.
Lampahipún samargi margi kaliyan ngruwat pårå ingkang sami
nandhang mêmålå sukêrtå.
Kapanggíh Jåkå Jatús, dipún ayómi, kapuríh tumút ngêthúk.
Nuntên sami nglajêngakên lampah.
Kocap Bathårå Kålå anggènipún ngoyak-oyak Jåkå Jatús kabingungan
bótên sagêd kapanggíh.
Sakíng sayahipún, lajêng tilêm sêsênggóran wóntên sangadhapíng wít
randhuwånå.
Sigêg. jaka_jatus
Jaka Jatus



Madêg ing dhusún Dhadhapan (Namaníng dhusún lan sapiturutipún
ingkang kagungan karså ruwatan), Kyai Dhadhapmantêp (Namanipún
ingkang kagungan karså ruwatan, pún Kråmå, pún Dipå lan
sasaminipún) sakaliyan garwå lan putranipún putri ontang-antíng
(Namanipún laré ingkang dipún ruwat, putrå utawi putri sartå
kawóntênanipún, lan sasaminipún), nåmå Ni Råråsati, sami
lalênggahan manggihi ingkang paman nåmå Buyút Tåpåwangkêng
(Buyút Tåpåwangkêng sagêd dipún gantós namaníng éyangipún lan
sasaminipún) Ngrêmbag gêgêríng kawóntênan.
Kathah tiyang dhusún ngadhusún ingkang sami girís mirís, margi sami
kéngíng aradan dadós mangsanipún Bathårå Kålå.
Buyút Tåpåwangkêng mituturi, bilíh wóntên sarananipún amríh kalís
sakíng aradan. Inggíh punika kapurih sasaji pagêlaran wayangan
Ruwatan, dhalang Kyai Kåndhåbuwånå.
Kyai Dhadhapmantêp dalah kulawargå sami sêtuju, lajêng nyuwún
tulúng Buyút Tåpåwangkêng, ngupadósakên dhalang Kåndhåbuwånå.
Buyút Tåpåwangkêng nyagahi, lajêng bidhal.
Lampahipún Buyút Tåpåwangkêng wóntên ing margi manggihi
Dhalang Kåndhåbuwånå lan sadayanipún.
Mrasajakakên kapêrluanipún Dhalang Kåndhåbuwånå nyagahi, lajêng
nêrangakên sarat sarananipún sasaji Ruwatan.
Buyút Tåpåwangkêng nyagahi. Sadåyå lajêng sami bidhal dhatêng
wísmanipún Kyai Dhadapmantêp.
7. Madêg ing wismanipún Kyai Dhadhapmantêp, pêpak pårå kulawargå,
katungkå rawuhipún Dhalang Kåndhåbuwånå lan sadayanipún. Sêsaji
ruwatan sajangkêpipún sadåyå sampún kacawisakên.
Dhalang Kåndhåbuwånå lajêng wiwít ngringgít.
Nalikå sawêg ramé raménipún têtabuhan talu wayangan, ingriku
wóntên wanitå ingkang nglahirakên jabang bayi, mêdal êstri, lajêng
kapasrahakên dhatêng Dhalang Kåndhåbuwånå. Jabang bayi dipún
tampèni, dipún pangku, dipún mantrani, dipún namakakên Kên Ruwati.
Ugi nalikå punikå Bathårå Kålå kabrêbêgan mirêng swanténíng
têtabuhan talu wayang. Tangi tilêm, nyandhak bêdhamanipún, lajêng
murugi panggénaning ramé ramé.
Dumugi panggênaníng ruwatan, Bathårå Kålå sumêrêp Jåkå Jatús
wóntên ingriku, lajêng têrús dipún tubrúk.
Dhalang Kåndhåbuwånå waspådå, Bathårå Kålå dipún balang tigan
sajên, kéngíng tutukipun ingkang nuju mangap, tigan kolu ing
padharan, anggênipún nyêpêng bêdhama mrucút.
Bathårå Kålå sangêt dukå, lajêng bantah kaliyan dhalang
Kandhåbuwånå. Rêhné kawón sêpúh Bathårå Kålå tansah kawón
bantahipún.
Mila lajêng manút dipún prayogêkakên, bilíh ing salajêngipún
Bathårå Kålå kéngíng mêmångså aradanipún, manawi aradanipún
wau bótên purún ruwatan lan awas élíng.
Bathårå Kålå nyagahi, nyuwún pamít, lajêng késah têrús tansah
ngupadós mêmangsan dhatêng sintênå ingkang lénå.
Ing sakésahipún Bathårå Kålå, dhalang Kåndhåbuwånå wiwít
ngringgít, kanthi pujåmåntrå sajangkêpipún.
Binarúng ing gêndhíng ladrang Élíng élíng laras Sléndro pathêt Sångå,
tabuhan sirêpan, kajantúr.
Ngantós dumugi sapari purnanipún.

Tancêp Kayón.  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Komentar Anda, sumbangsih Blog saya...