SAMBUTAN

Selamat datang di
http://460033.blogspot.com
SARANA INTERAKTIF BERBAGI! http://460033.blogspot.com sangat mengharap sumbangan berbagai artikel dari para Pembaca yang budiman. Kesempurnaan hanyalah milik-Nya makadariitu http://460033.blogspot.com sangat mengharap kritik dan saran dari Pembaca. Rachmat W. P.

Jumat, 03 Desember 2010

Lampahan Lahiripun Batahara Kala

dari
http://ki-demang.com

 
1. Jêjêr ing Kahyangan Jonggríngsalåkå, Bathårå Guru miyós siniwåkå
wóntên palênggahan Marcukundhamaník balé Paparyåwarnå, dipún
adhêp pårå putrå Déwå, Bathårå Indrå, Bathårå Sambo, Bathårå
Bråmå lan pårå Déwå pêpak.
Nalikå punika Bathårå Guru sampún ngawóntênakên kawah
Candradimukå, êndhút Blêgdåbå, wót Ogal-agíl lan
sapanunggalanipún.
Nalikå punika ing Kahyangan Jonggríngsalåkå kataman gårå - gårå
agêng, margi wóntên titahíng Hyang Måhå Kawåså bêbisík sang
Kanékåputrå, wayahipún sang Hyang Nurrådå inggíh sang Hyang
Ismåyå, anggêntúr tåpå wóntên têlêníng samodrå, sarwi anggêgêm
musthikå Rêtnå Dumilah, paringipún sang Hyang Nurrådå ingkang
kalís têlêsing toyå lan sasaminipún.
Anggènipún tåpå bråtå wau gadhah sêdyå ngungkuli
panguwaósanipún Bathårå Guru.
Bathårå Guru ngutús pårå putrå lan pårå Déwå sadåyå, kapuríh
ambadharakên tapanipún sang Kanékåputrå.
Pårå Déwå matúr sandikå, lajêng bidhal.
Bibaran paséwakan.
2. Madêg ing Dhatulåyå Kahyangan Tinjomåyå, Dèwi Umå lan pårå
widådari sami mêthúk konduripun Bathårå Guru.
Sasampunipún sami satåtå lênggah, lajêng sami imbal pangandikå
kawóntêtaning paséwakan.
Sasampunipún punikå, lajêng bibaran.
3. Ing paséban jawi Rêpat Kapanasan, Bathårå Indrå mranåtå pårå
Déwå.
Sasampunipún sami siyågå, lajêng sami bidhal.
Prampógan Déwå ngråtå margi.
4. Madêg têlêngíng samodrå. Sang Kanékåputrå anggêntúr tåpå sarwi
anggêgêm musthikå Rêtna Dumilah.
Katungka dhatêngipun pårå Déwå, anjugarakên tåpå bratanipún sang
Kanékåputrå.
Sulayaníng rêmbag, dadós påncåkårå ramé.
Nangíng pårå Déwa sami kasór sadåyå, lajêng gêgancangan sami
wangsúl dhatêng Kahyangan.
Bathårå Guru kapêkså tindak piyambak, manggihi sang Kanékåputrå.
Lajêng sami bantah gayêng bab kasampurnaníng dumadi, bótên
wóntên ingkang kawón.
Lajêng dadós båndåyudå langkúng ramé abên kasêktèn lan kanuragan,
nuwúhakên sangsåyå agêngíng gårå-gårå.
Wêkasan sang Hyang Nurrådå pribadi rawúh anêdhaki, nyapíh
ingkang sami båndåyudå. Andunúng dunúngakên, sanadyan sang
Kanékåputrå punikå kalêrês wayahipún, nangíng jalaran nguwaósi
musthikå Rêtna Dumilah, lajêng sampún dadós loro - loroníng
atunggal kaliyan sang Hyang Nurrådå.
Sang Kanékåputrå inggíh sang Hyang Nurrådå, sang Hyang Nurrådå
inggíh sang Kanékåputrå.
Mila Bathårå Guru kapuríh ngakèn kadang sêpúh dhatêng sang
Kanékåputrå.
Kadadósnå sêsêpuhíng pårå Déwå wóntên ing Kahyangan Jonggríng
Salåkå, ngêmbani sang Hyang Guru lan pårå Déwa sadåyå, apangkat
Rêsi inggíh Batharaníng Kahyangan.
Bathåra Guru lan pårå Déwa sami ngèstókakên dhawúh.
Hyang Nurrådå inggíh sang Hyang Ismåyå lajêng ical wangsúl
dhatêng Kahyanganipún, jiwanipún manunggal kaliyan sang
Kanékåputrå.
Ing sakonduripun sang Hyang Ismåyå, Bathårå Guru wiwít
maspaósakên dhatêng sang Kanékåputrå anggèníng astanipún
anggêgêm musthikå Rêtna Dumilah, badhé dipún pundhút, nangíng
bótên dipún sukakakên, malah lajêng dipún bucal dhawah ing bantålå.
Pårå Déwa sadåyå sami rêbatan nêdyå mêndhêt musthikå.

bathari_uma
Bathari Uma




Madêg ing Kahyangan Ékåpratålå Bathari Pratiwi nuju lênggah
sêmadi, kadhawahan Rêtnå Dumilah ing pangkónipún.
Badhé dipún pêndhêt, nangíng lunyu, mrucút, dhawah têrús amblês
ing bumi.
Katungkå dhatêngipún Bathårå Wisnu kaliyan Bathårå Cåndrå inggíh
sang Bådråmåyå lan pårå Déwå.

Mundhút prikså dhawahing musthikå.
Bathari Pratiwi matúr manawi musthika dhawah amblês ing bumi.
Bathårå Wisnu kapranan dhatêng Bathari Pratiwi, nanging rèhníng
nuju nglampahi wajíb, milå lajêng énggal bidhal nututi dhawahíng
musthikå.
6. Madêg ing Kahyangan Saptåpråtåla. Sang Hyang Antabogå dipún
adhêp pårå Déwaníng bumi.
Katungkå dhawahíng musthika, lajêng têrús dipún untal diníng sang
Hyang Åntåbogå. Bótên watawís dangu Bathårå Wisnu lan pårå
Déwa dhatêng, nakèkakên Rêtnå Dumilah.
Bathårå Åntåbogå ngandikå bótên mangêrtós.
Sulayaníng rêmbag, dadós påncåkårå ramé, Bathårå Wisnu lan pårå
Déwa mêngsah Bathårå Åntåbogå lan pårå Déwaníng bumi.
Bathårå Åntåbogå ingkang malíh dadós någå agêng, dipún cêpêng
déníng pårå Déwå tansah mrucút lan lajêng ical musnå.
Pårå Déwa kabingungan anggènipún madósi, kapêkså lajêng sami
wangsúl.
7. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalaka, Bathårå Guru dipún sowani
pårå Déwå sadåyå, matúr manawi bótên sagêd manggihakên musthikå
Rêtnå Dumilah.
Bótên watawís dangu katungka sowanipún Bathara Åntåbogå, matúr
sadåyå lêlampahanipún, sartå lajêng ngaturakên musthikå Rêtnå
Dumilah.
Dèrèng ngantós dipún tampèni Bathårå Guru, nangíng lajêng dipún

anggé rêbatan pårå Déwa, têmah musthika Rêtnå Dumilah kabantíng
ing sélå swargå, wadhahipún rêmúk dadós sawalang walang,
dadós sosotyå manékå warnå, ing bénjíng lajêng kanggé rêrênggan ing
balé Småråkåtå, papan palênggahanipún Bathårå Indra ingkang
mranåtå pårå Déwå.
Déné isinipún rupi musthikå langkung èdi indah, kapujå dadós
Widådåri tigå,
1. Dèwi Widåwati inggíh Dèwi Tisnawati,
2. Dèwi Sri, lan
3. Dèwi Lokati inggíh Dèwi Rumingrat.
Nangíng sadåyå punika namúng jiwå satunggal abadan tigå, mila ugi
lajêng sinêbút Hapsari Triwati, Tri têgêsipún tigå, déné Wati
têgêsipún wanita musthikaníng bawånå.
Kawêcå ing bénjíng badhé dadós baku undêran lêlampahaníng
gêsang, wóntên ing jaman nagari Lokåpålå, Mahíspati, Ayodyå,

Hastinå lan salajêngipún.
Sasampunipún punikå, Bathårå Åntåbogå lajêng nyuwún pamit
wangsúl dhatêng Kahyanganipún.
Hapsari Triwati piningid wóntên Kahyangan Junggríng Salåkå.

Bibaran paséwakan.
bathara_antaboga
Bathara Antaboga


bathari_durga
Bathari Durga
 
 
 
 
Madêg ing Kahyangan Tinjomåyå, Bathårå Guru sakaliyan garwå
Bathari Umå, ngrêmbag warni-warniníng lalampahan wóntên ing
jagad gumêlar.
Sasampunipún punikå, Bathara Guru lajêng tindak sakaliyan garwå,
lêlånå mriksani kawóntênaníng jagad gumêlar.
Nalikå punika Bathara Guru sakaliyan garwå anggènipún lêlånå
ngambah wóntên sanginggilíng samodra ingkang toyanipún biru
wêníng kinclóng måyå måyå.
Nuju wanci sêrapíng suryå ambabar candhikålå, (Candhikålå, asal
saking têmbúng Candhi, têgêspún dipún pêpêtri, dipún pèngêti.)
Déné Kålå, têgêsipún waktu, kadadósan, pêristiwa.
Dadós têmbúng Candhikålå, têgêsipún Pêristiwa utawi kadadósan
ingkang dipún candhi, dipún pêpêtri, dipún èngêti.
Mêkaring båså, lajêng dadós Candhik-ålå utawi Candhík-ayu) cahya
abrít manékawarnå sumunar kadós sosotyå binabar, såyå méwahi asri
éndahing kawóntênan.
Bathari Umå såyå sakalangkúng sangêt sulistyaníng warni.
Bathårå Guru sakålå kadadak kasmaranipun, nêdyå nandukakên
asmårå wóntên ingriku.
Bathari Umå bótên nglanggati, margi taksíh wóntên ing purúg.
Satêmah Bathårå Guru kadadak miyós kamanipún, dhawah wóntên
salumahíng samodra.
Bathårå Guru sangêt cuwå lan lajêng sakalangkúng dukå tanpå riringa
kadós rasêkså, mêdal siyungipun, astanipún dadós sêkawan.
Anjambak rikmanipún ingkang garwå, nguntír astanipún ingkang
tansah anduwå ing karså, sarta napúk pasuryanipún ingkang tansah
jêrít-jêrít.
Satêmah Bathari Umå salah warni dadós rasêksi, ríkmå gimbal, astå
sêmu céko, pasuryan rasêksi, karunå jêrít-jêrít.
Bótên watawís dangu Bathårå Guru radi lilíh dukanipún, nglênggånå
kalêpatanipún, mupús dumadósíng papêsthèn.
Namúng dumugi samantên anggènipún atut runtút rèntèngan.
Bathari Umå kasantunan nåmå Bathari Dúrgå, kadhawuhan manggèn
wóntên ing Kahyangan Krêndhawåhånå inggíh Kahyangan Sélå
Mangumpêng.
Sadåyå sarmi mupús dumadósíng papêsthèn, lajêng sami tindak
sowang - sowang.
Bathårå Guru kondur dhatêng Kahyangan Junggríng Salåkå. bathari_durga
Bathari Durga  
 
 
 
Kocap kåmå salah sakíng Bathårå Guru ingkang dhawah salumahíng
samodrå, têmah toyaníng samodra umób bêntèr mawalikan, swantên
gumlêgêr gêmurúh, damêl gègèríng Kahyanganipún pårå Déwå.
Sami nuwèni dunungíng kang gårå - gårå. Ingriku katingal wóntên
unthúk bundêr agêng, nyuwantên gorå gêmurúh lan måwå prabåwå
sakalangkúng bêntèr ngêbêgi saindêríng bawånå.
Pårå Déwå énggal sami namakakên sanjatanipún piyambak piyambàk,
amríh sirnanipún unthúk agêng kåmå salah wau.
Nangíng kåmå salah kataman sanjatanipún pårå Déwå bótên sírnå,
lajêng dadós gåtrå titah rasêkså sakalangkúng agêng, saranduníng
badanipun kadadósan sakíng sanjatanipún pårå Déwå.
Anggêrêng anggêro murugi pårå Déwå.
Pårå Déwå sami kagègèran lumajêng ngungsi dhatêng pangayunaníng
Bathårå Guru.
10. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathårå Guru nuju
lalênggahan kaliyan Bathårå Narådå.
Katungkå sowanipún pårå Déwå, matúr sadåyå kadadósanipún
lêlampahan.
Bathårå Guru sampun ngrumaósi bilíh punikå kadadósan sakíng
kåmå salah.
Bótên watawís dangu kåmå salah ingkang rupi raksåså sakalangkúng
agêng, sowan wóntên ngarsanipún Bathårå Guru, nyuwún pitakèn,
sintên ingkang andamêl piyambakipún.
Bathårå Guru ngandikå manawi Bathara Guru punikå bapakipún.
Kåmå salah lajêng ngaraspådå, katadhahan ilunipún ngantós tuntas,
kacampúr lan toya Cålåkuthå, dadós wiså ingkang sakalangkúng
mandi.
Siyungipún kiwå têngên kacabút, ing bénjíng dadós lêlandhêpíng
dêdamêl Pasopati sartå kuntå Wijåyåcåpå.
(Ing bénjingipún, pêrang ingkang nganggé sanjata wasiyatíng Déwå,
asríng dipún wastani ‘Ngadu siyúng Bathårå Kålå’)
Rikmanipún kabêdhól satêkêman, ing bénjíng dadós kêndhêngíng
sawarniníng gåndhiwå wasiyatíng Jawåtå.
Awít sakíng karsanipún Bathårå guru sartå pamrayoginipún Bathårå
Narådå, Kåmå salah kaparingan nåmå Bathårå Kålå, kapuríh
angrabèni Bathari Durgå ing Kahyangan Krêndhåwahånå.
(Ing jaman kinå makinanipún, jêjodhoanipún manungså taksíh kadós
satataníng kéwan ayam lan sasaminipún, båpå biyúng angsal kaliyan
anak utawi putunipún, sadhèrèk angsal sadèrèk tunggíl biyúng, lan
sasaminipún) Kåmå salah Bathårå Kålå matúr sandikå, lajêng
nyuwún pamit.
Ing sakésahipún Bathårå Kålå, pårå Déwå sami prihatós, nyunyuwún
parimarmå lan pangaksamanipún Hyang kang Måhå Kawåså.

Tancêp Kayón.
bathara_kala
Bathara Kala
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Komentar Anda, sumbangsih Blog saya...