Panatacara Upacara Kirab Temanten (2)
Kangge sutresnaning para sanak kadang ingkang remen tuladha jawi utawi panatacara kangge upacara kirab temanten, meniko saged dipun pundut minangka kangge ageman bokmenawi sakwanci-wanci dipun kersakaken.
TULADHA RUMPAKA
(PANYANDRA TEMANTEN KIRAB I)
Wus dumugi unggyan ingkang timuju. Ki Suba Manggala gya asung dhumateng putra temanten sarimbit mulya jengkar saking sasana rinengga, jengkaring putra temanten pindhane Sri Narendra lagya cengkrama kalihan ingkang garwa ( lajeng mungel Ketawang Langengita Srinarendra laras pelog pathet barang )
Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, padatan kirabing putra temanten punika dipun rumpaka, wondene rumpaka punika wonten kalih, (1) rumpaka panyandra, (2) rumpaka wedharan, keparenga kula ing mriki ngaturaken rumpaka wedharan, binarung swaraning gangsa kang hambabar ketawang Langengita Srinarendra katingal putra temanten jengkar saking sasana rinengga keparenging sedya marak sowan wonten ngarsanipun para rawuh manjing ing panti busana arsa ngrucat busananing kanarendran badhe hangrasuk busana kasatriyan, sinten ta pinangka pangarsaning lampah inggih winastan suba manggala ingkang ateges suba punika sae, manggala punika dados pangarsa ingkang sae, mila mboten mokal lamun ta kadang ………………………………………………. Piniji pinangka pangarsaning lampah ingkang mengku werdi asung pralampita dhateng putra temanten sekalian engeta dhumateng Gusti ingkang akarya loka, mila jejering manggala suba naming setunggal, sinamunging lampah kisuba manggala, talang pati inggih satriya kembar pimilih taruna kang bagus warnane kembar busanane mengku prlampita dhumateng putra temanten tansaha kembar pakartine, kembar cipta, rasa lan karsane, menggah werdinipun satriya prlampita mugi sri atmaja temanten sageta hanglenggahi jejering satriya tama ingkang winengku tri prakawis :
1. ora golek seneng nanging kudu bisa gawe senenging liyan.
2. ora golek marem nanging kudu bisa gawe mareming liyan.
3. ora golek jeneng nanging kudu bisa njunjung asmaning liyan, inggih tiyang ingkang sampun saget nindakaken tri prakawis punika sanget pikantuk sesebatan satriya tama ingkang abudi luhur, punika pangajabing putra temanten.
Sinambunging wuri tindakira satriya kembar lah punika ta warnanira ingkang winastan patah sakembaran ingkang dumadi saking Kenya alit-alit ingkang ayu-ayu warnane edipeni busanane, asung prlampita dhumateng putra temanten pinangka :
P anutan
A mrih temanten sekalian
T ansah bisoa
A sih, asah, asuh ingkang sarta
H ayu, hayom, hangayemi.
Ingkang lumaksana sawingkingipun patah skembaran lan punika ta pinangka punjering cinarita inggih sekaring pawiwahan, tindake putra temanten sekalian ingkang kinanthi panjenenganipun Ibu ……………………………….. saha Ibu …………………………………. Anggenya lumaksana tansah kekanthen asta bebasan renggang gula kumepyur pulut datan benggang Sarema, sapecak mangu satindak kendel ing sedya among meminta nugrahaning Gusti ingkang sarta nyuwun dhumateng para rawuh mugi anggenya netebi darmaning gesang ngancik ing alam madya ingkang linantaran hanambut sih sutresna susila hakrami tansah pinaringan rahayu nir hing sambe kala, ingkang lumaksana salajur sisih jajar kalih sawingkingipun putra temanten nuninggih pethanipun putrid dhomas, menawi wonten hing Ngayogyakarta winastan pager hayu, menawi wonten Surakarta winastan Dhomas, dho kalih emas punika kawan atus, jangkep wolung atus mengku prlampita dhumateng putra temanten bisoa hanetebi hasta karya hasta brata karyaning bebrayan agung, wekdal punika putrid ingkang pindha dhomas naming nemen ingkang nderekaken jengkaring putra temanten ingkang ateges nemtokaken jumbuh ing raos sejati kang tumanduk dhumateng putra temnaten hingkang ginebeng nem prekawis inggih punika :
1. wahyaning raos hasmara nadha inggih sengseming pangucap
2. wahyaning raos hasmara mala inggih sengseming manah
3. wahyaning raos hasmara tura inggih sengseming sih
4. wahyaning raos hasmara gama inggih sengseming saresmi
5. wahyaning raos hasmara turida inggih sengseming kaprihatosan
6. wahyaning raos hasmara tantra inggih sengseming turun
Sawingkingipun putrid kang apindha dhomas, para kadang wredha ingkang sami sarimbit kalihan garwa esthining manah among jurung puji hastuti puja hastawa mugi putra temanten anggenipun mangun bebrayan enggal tansah pinarengan karahajan ing jana loka prapteng loka baka.
Ingkang lumaksana sawingkingipun sri penganten sekalian ingkang rama saha ibu pinangka jejering pethiting lampah ingkag ing ngarsa asung tuladha ing madya mangun karsa ing wuri handayani rumaos bombing birawaning manah ingkag rama saha ibu ngawuningani putra temanten sekalian ingkang ginarubyug para kadang wandawa saha sineksen sanggyaning para rawuh, mugi anggenya netebi wajibing gesang lantaran nambut sih sutresna susilaning akrami tansa manggiha raharja mulya. Wus dhungkap unggyan ingkang tinuju sang suba manggala gya sung sasmita dhateng putra temanten mulya manjing ing sasana busana ngrucat busana kanarendran hangrasuk busana kasatriyan.
Para rawuh saha para lenggah makaten menggah anggen kul;a ngaturaken rumpaka wedharan kirabing putra temanten, pangalembana miwah panyaruwe kasumanggakaken dhumateng para rawuh saha para lenggah nuwun.
Saged dipun unduh wonten file pdf : panyandra-kirab-i1
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Komentar Anda, sumbangsih Blog saya...